G-20
G-20 utawa Kelompok 20 negara-negara ekonomi gedhé iku klompok 19 negara kanthi ekonomi gedhé ing donya ditambah Uni Eropah. Sacara resmi, G-20 dijenengaké The Group of Twenty (G-20) Finance Ministers and Central Bank Governors utawa Klompok Rongpuluh Mentri Kauangan lan Gubernur Bank Sentral. Klompok iki dianakaké taun 1999 minangka forum sing sacara sistematis ngimpun kakuwatan-kakuwatan ekonomi maju lan temuwuh kanggo ngrembug isu-isu utama ngenani ekonomi donya. Patemon pisanan G-20 lumangsung ing Berlin, 15-16 Desember 1999 lan sing dadi tuwan omah menteri kauangan Jerman lan Kanada.[1]
Latar mburi pambentukan forum iki diwiwiti anané Krisis Kauangan 1998 lan panemu sing muncul ing forum G-7 ngenani kurang efektif-é patemon kuwi yèn ora ngajak kakuwatan-kakuwatan ekonomi liya supaya kaputusan-kaputusan sing digawé nduwèni pengaruh sing luwih gedhé lan ngrungokaké kepentingan-kepentingan sing mbokmanawa ora kacakup jroning klompok ciliki kuwi. Klompok iki ngimpun mèh 90% GNP donya, 80% total dol tinuku donya lan rong protelon pedunung donya.
Minangka forum ekonomi, G-20 luwih akèh dadi ajang konsultasi lan kerja sama bab-bab sing magepokan karo sistem moneter internasional. Ana patemon sing tumata kanggo nyinaoni, ninjo, lan nyurung dhiskusi ing antara negara industri maju lan lagi tumuwuh ngenani kawicaksanan-kawicaksanan sing tumuju marang stabilitas kauangan internasional lan golèk upaya-upaya ngatasi masalah sing ora bisa diatasi déning siji negara tinamtu waé.
Anggota [sunting]
G-20 ora nduwèni staf tetep. Kursi ketua dirotasi ing antara anggota-anggotané lan diwengku déning Troika sing anggotané telu anggota: ketua taun lumaku, ketua taun kapungkur, lan ketua taun sabanjuré. Sistem iki pinilih kanggo njamin kesinambungan kagiatan lan pangelolaan. Ketua taun lumaku mbuka sekretariat ora tetep sing buka mung sajroning masa tugasé.
Sebagéan gedhé anggota yakuwi negara-negara kanthi purchasing power parity paling gedhé lan sethithik modifikasi. Walanda, Polandia, lan Spanyol, sing klebu big 20, diwakili déning Uni Eropah. Iran lan Taiwan ora diilokaké. Thailand uga ora diilokaké, senadyan posisiné sadhuwuring Afrika Kidul.
- Negara-negara anggota
Patemon G-20 [sunting]
Patemon G-20/G-20 Summits of Financial Ministers dianakan setaun sepisan ing negara sing dadi anggota G-20. Patemon G-20 pisanan dianakaké ing Berlin,Jerman taun 1999. Indonesia bakal dadi tuwan omah patemon G-20 ing taun 2013.
|
Cathetan [sunting]
- ^ What is the G-20 Situs resmi G-20
- ^ Patemon iki lumangsung 15-16 November 2008 ing Washington DC, jroning sawasana Krisis Kauangan 2008. Pirsani warta ing The Guardian daring