Melbourne
-
Kanggé kaginan sanès, pirsani Melbourne (disambiguasi).
| Negara | Australia |
| Negara bagéan | Victoria |
| Dina madeg | 30 Agustus 1835 |
| Jembar wewengkon | 8.831 km2 |
| Pedunung | 3.744.373 (Sensus 2006) |
| - Kapadhetan | 479,6/km2 |
| Basa | Basa Inggris |
| Zona | AEST(UTC+10) AEDT (UTC+11) |
Melbourne kuwi ibukutha negara bagéan Victoria ing Australia. Melbourne minangka kutha paling wigati kaloro saka babagan bisnis lan kaloro paling gedhé ing Australia sarta kutha paling gedhé ing Victoria. Melbourne minangka ibukutha Australia taun 1901-1927. Walikuthané yakuwi John So.
Cacahing pedunung metropolitan Melbourne yakuwi 3.488.750 jiwa (sensus 2001) déné kanggo City of Melbourne (daerah kutha) dhéwé, pedunungé ana 52.117 jiwa. Melbourne wis kaping pindho nampa prédikat minangka The World's Most Liveable Cities (kutha paling nyaman kanggo dipanggoni) saka The Economist, yaiku ing taun 2002 lan 2004.
Bab lan Paragraf |
Geografi [sunting]
Melbourne dumunung ing bagéan kidul-wétan bawana Australia lan dumunung ing cedhak Port Phillip. Dhaérah pinggiran Melbourne tuwuh nuruti ilining Kali Yarra saka arah Pagunungan Yarra lan Pagunungan Dandenong, déné ing sisih kidul, tuwuhing kutha kabagi rong arah amarga lokasiné Melbourne dhéwé. Arah mangulon ana tlatah Geelong kang dumunung ing Bellarine Peninsula déné arah mangétan ana tlatah Frankston yakuwi kutha kang dumunung ing pesisir kaya Rye, Sorrento, Apollo Bay, lan Lorne.
Pucuké Tanjung Bellarine lan Tanjung Mornington mung dipisahaké déning sawijining selat cilik lan ana layanan panyebrangan.
Iklim [sunting]
| Cuaca rata-rata ing Melbourne | |||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Sasi | Jan | Feb | Mar | Apr | Mei | Jun | Jul | Agu | Sep | Okt | Nov | Des | Taun |
| Rata-rata dhuwur °C (°F) | 25.8 (78) | 25.8 (78) | 23.8 (75) | 20.3 (69) | 16.7 (62) | 14.0 (57) | 13.4 (56) | 14.9 (59) | 17.2 (63) | 19.6 (67) | 21.9 (71) | 24.2 (76) | 19,8 (68) |
| Rata-rata endhèk °C (°F) | 14.2 (58) | 14.5 (58) | 13.2 (56) | 10.7 (51) | 8.6 (47) | 6.9 (44) | 6.0 (43) | 6.6 (44) | 7.9 (46) | 9.5 (49) | 11.1 (52) | 12.9 (55) | 10,2 (50) |
| Curah Udan mm (inch) | 48.0 (1.9) | 47.7 (1.9) | 50.1 (2) | 57.7 (2.3) | 56.3 (2.2) | 49.4 (1.9) | 47.7 (1.9) | 50.2 (2) | 58.5 (2.3) | 66.8 (2.6) | 59.5 (2.3) | 59.0 (2.3) | 650,9 (25,6) |
| Sumber: Biro Meteorologi[1] Sept 2007 | |||||||||||||
| Jan | Feb | Mar | Apr | Mei | Jun | Jul | Agu | Sep | Okt | Nov | Des | Taunan | ||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Rata-rata dina udan | 8.3 | 7.4 | 9.3 | 11.5 | 14.0 | 14.2 | 15.1 | 15.6 | 14.8 | 14.3 | 11.8 | 10.5 | 146.7 | |
| Rata-rata dina terang | 6.3 | 6.3 | 5.7 | 4.4 | 3.0 | 2.5 | 2.7 | 2.9 | 3.4 | 3.6 | 3.5 | 4.4 | 48.5 | |
| Rata-rata dina mendhung | 11.2 | 9.7 | 13.4 | 14.9 | 18.0 | 16.8 | 17.2 | 16.8 | 15.7 | 16.4 | 15.1 | 14.2 | 179.5 | |
| Surmber: Biro Meteorologi | ||||||||||||||
Pamarintahan [sunting]
Sajarah [sunting]
Demografi [sunting]
Pedunung Melbourne umumé turunan saka pendhatang saka Britania Raya, khususé Inggris lan Irlandia kang wissmanggon wiwit jaman biyèn. Nanging wiwit puluhan dékadé pungkasan Melbourne ngalami paningkatan jroning cacahing pendhatang. Telung klompok pendhatang paling gedhé yakuwi saka Yunani, Italia lan Vietnam. Saliyané kuwi, ana uga komunitas Tionghoa kang cukup gedhé ing kutha iki.
Budaya lan olahraga [sunting]
Melbourne dikenal minangka kutha kang seneng olahraga. Olahraga kang populèr ing Melbourne kalebu rugbi, kriket, tenis, bal-balan lan bola basket]], nanging kang paling populèr yaiku Australian Football utawa kang akrab disebut footy dénging warga Melbourne. Olahraga footy pancèn idhèntik karo kutha iki lan negara bagéan Victoria umumé; luwih saka setengah tim-tim kang main ing AFL (Liga Australian Football) asal saka Melbourne. Nyebut football ing Melbourne tegesé ngarujuk marang olahraga iki, béda karo Sydney utawa Canberra, kang ngarujuk marang rugbi.
Pariwisata [sunting]
Sawetara obyek pariwisata kang cukup misuwur ing Melbourne antara liya:
- Melbourne Cricket Ground, kang uga misuwur kanthi sebutan MCG.
- Albert Park, papan kanggo kajuaraan F1.
- Rialto Towers, gedung iki minangka gedung paling dhuwur ing pérangan kidul bumi, nanging rekor iki bakal dipecahaké déning wangunan liya kang ana ing Melbourne uga.
- Federation Square
- Flinders Street Station, stasiun sepur utama ing Melbourne kang isih operasi nganti saiki.
- State Library of Victoria
- Victorian Parlement Building
- Melbourne Aquarium
- Crown Casino
- Melbourne Museum
Saubengé Melbourne [sunting]
Dhaérah saubengé Melbourne uga nduwèni atraksi dhéw kayata:
- Great Ocean Road, sawijining dalan kang nuruti pinggir pesisir ing sisih wétan Geelong. Obyèk wisatané antara liya:
- Twelve Apostles, arupa formasi watu kasil saka erosi.
- Loch Ard Gorge, dijupuk saka jeneng kapal kang kèrem ing kana, arupa kasil erosi uga.
- London Arch, obyèek wisata iki biyèn dikenal kanthi jeneng London Bridge kang uga arupa kasil erosi.
- Lorne lan Apollo Bay, kaloro kutha iki dumunung ing pesisir.
- Ballarat kanthi atraksi Sovereign Hill, sawijining obyèk wisata arupa désa cilik kang nggambaraké zaman luru emas.
- Bendigo
- Pulau Phillip, panggonan kanggo ndeleng penguin saka cedhak.
Referensi [sunting]
- ^ "Climate statistics for Australian locations" (in English). http://www.bom.gov.au/climate/averages/tables/cw_086071.shtml.