Pulo Nias
| Geografi | |
|---|---|
| Lokasi | Asia Tenggara |
| Koordinat | |
| Jembar | 4.771 km² |
| Negara | |
|
Indonesia
|
|
| Provinsi | Sumatra Utara |
| Kabupaten | Nias, Nias Selatan |
Nias (basa Nias Tano Niha) iku sawijining pulo sing dumunung ing sisih kulon pulo Sumatra, Indonesia. Pulo iki didunungi déning mayoritas suku Nias (Ono Niha) sing isih nduwèni budaya megalitik. Dhaérah iki ndarbèni obyèk wisata wigati kaya selancar (surfing), omah tradhisional, panyileman, lompat batu.
Pulo sing jembaré 5.625 km² iki nduwèni pedunung 700.000 jiwa.
Agama mayoritas dhaérah iki yaiku Kristen Protestan. Nias wis dimekaraké dadi 2 kabupatèn yaiku Kabupatèn Nias, kanthi ibukutha Gunungsitoli lan Kabupatèn Nias Kidul, kanthi ibukutha Teluk Dalam.
Tsunami & gempa bumi 2004 lan 2005[sunting]
Tanggal 26 Desember 2004, lindhu Samudra Hindia 2004 kedadéyan ing wilayah pantai kulon pulo iki saéngga muncul tsunami sing dhuwuré 10 meter ing dhaérah Sirombu lan Mandrehe. Korban jiwa akibat insidèn iki gunggung 122 jiwa lan atusan kulawarga kèlangan omah.
Pranala jaba[sunting]
- (en) NiasIsland.com
- (id) NiasNews.com
- (id) Nias Barat
- (id) NiasPost
- (id) nias.page.tl