Jepang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Japan)
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Jepang
  • 日本
  • Nippon utawa Nihon
Centered deep red circle on a white rectangle[1] Golden circle subdivided by golden wedges with rounded outer edges and thin black outlines
Gendéra Lambang Kekaisaran
Antem: Kimigayo "君が代"
"Pamrentahan Ingkang Mulya Kaisar"[2][3]
Lambang Papréntahan Jepang
Meterai Kantor Perdana Menteri dan Papréntahan Jepang
五七桐
Go-Shichi no Kiri
Proyeksi Asia dengan Area Jepang berwarna hijau
Wilayah sing dikuasai Jepang ditampilake ing warna ijo – Area sing diklaim ditampilake ing warna ijo padhang
Kutha krajan
lan paling gedhé
Tokyo[4]
Basa resmi Ora ono[note 1]
Basa nasional Jepang
Golongan ètnik (2011)
Agama
Papréntahan Negara kesatuan ingkang berbentuk monarki parlementer
 •  Kaisar Naruhito
 •  Putra Mahkuta Fumihito
 •  Perdana Menteri Shinzō Abe
 •  Wakil Perdana Menteri Tarō Asō
 •  Ketua Paheman Luhur Tadamori Oshima
 •  Presiden Paheman Asor Chuichi Date
 •  Hakim Agung Naoto Ōtani
Bebadan pranatan Diet Nasional
 •  Paheman luhur 参議院
Sangi-in
 •  Paheman asor 衆議院
Shūgi-in
Pambentukan
 •  Dino Pambentukan Negara 11 Februari 660 SM[6] 
 •  Konstitusi Meiji 29 November 1890 
 •  Konstitusi Saiki 3 Mei 1947 
 •  Perjanjian San Francisco 28 April 1952 
Laladan
 •  Gunggung 377,973 km2[7] (61)
146 sq mi
 •  Banyu (%) 3,55
Cacah jiwa
 •  Cacah sirah Oktober 2018 126.440.000[8] (10)
 •  Karapetan 334/km2 (41)
882,7/sq mi
GDP  (PPP) Rantaman 2018
 •  Gunggung $5.632 triliun[9] (4)
 •  Per kapita $44,550[9] (27)
GDP  (nominal) Rantaman 2018
 •  Gunggung $5.071 triliun[9] (3)
 •  Per kapita $40,106[9] (20)
Gini (2011)37.9[10]
sedhengan · 76
HDI (2017)Increase 0.909[11]
dhuwur banget · 19
Valuta Yen (¥) / En (JPY)
Zona wektu JST (UTC+9)
Format tanggal
  • yyyy-mm-dd
  • yyyy年m月d日
  • Era yy年m月d日 (CE−1988)
Nyetir ing kiwa
Kodhé bèl +81
Kodhé ISO 3166 JP
TLD Internèt .jp
Sana jaringan
www.japan.go.jp
  1. Parlemen Jepang durung secara resmi nggawe undang-undang sing negesake manawa Basa Jepang minangka basa resmi negara kasebut.[5]
Jepang
Jepang
Nama Jepang
Kanji: 日本国
Hiragana: にっぽんこく
にほんこく
Katakana: ニッポンコク
ニホンコク
Kyujitai: 日本國

Jepang (basa Jepang: 日本 Nippon/NihonNgenani wuni iki rungokna , teges kang barès: "asal-usuling srengéngé") ya iku Nagara ing Asia Wétan sing papané ing siji ranté kapuloan bawana Asia ing pojok kulon Samodra Pasifik. Ing sisih wetan Segara Jepang, lan tetanggan karo Républik Rakyat Cina, Korea, lan Rusia. Pulo sisih paling lor ana ing Segara Okhotsk, lan wilayah paling kidul minangka klompok pulo cilik ana ing Segara China Wétan, ing sisih kidul Okinawa, sing cedhak karo Taiwan.

Jepang kapérang saka 6.852 pulo[12] kang ndadekaken Jepang kalebu nagara kapuloan. Pulo-pulo utama saka lor menyang kidul ya iku Hokkaido, Honshu (pulo gedhé dhéwé), Shikoku, lan Kyushu. Gunggung 97 % wewengkon dharatan Jepang ana ing patang pulo gedhé iki. Sapérangan gedhé pulo ing Jepang wujud pagunungan, lan sapérangan liyané wujud gunung kang ngandhut geni. Gunung paling dhuwur ing Jepang ya iku Gunung Fuji. Jepang duwe 128 yuta wong, lan dadi negara paling katah pedununge nomer 10 ing saindenging jagad. Tokyo minangka ibukutha de facto Jepang, lan uga dadi prefektur piyambak. Tokyo Raya minangka jeneng wilayah kutha Tokyo lan sawetara kutha ing prefektur sekitarnya. Minangka wilayah metropolitan paling gedhe ing donya, Wilayah Tokyo Raya duwe pedunung luwih saka 30 yuta wong.

Miturut mitologi tradisional, Jepang didegake dening Kaisar Jimmu ing abad kaping-7 SM. Kaisar Jimmu miwiti rantai monarki Jepang sing nganti saiki durung rusak. Nanging, sajrone sejarah, kekuwatan paprentahan ana ing tangan para anggota kraton, shogun, militer, lan saiki ing tangan Mahamantri. Miturut Konstitusi Jepang taun 1947, Jepang minangka negara monarki konstitusional kapimpin dening Kaisar Jepang lan Parlemen Jepang.

Minangka negara maju ing perekonomian,[13] Jepang duwe produk domestik bruto paling gedhe nomer loro sawise Amerika Serikat. Jepang uga anggota saka PBB, G8, OECD, lan APEC. Jepang uga duwe kekuwatan militer sing cukup lengkap karo sistem pertahanan modern kayata sistem kombat AEGIS lan armada perusak. Ing perdagangan luar negeri, Jepang dadi negara eksporter nomer 4 lan negara importer nomer 6 paling gedhe ing saindenging jagad. Minangka negara maju, masarakat Jepang duwe standar urip sing dhuwur (rangking nomer 8 ing Indeks Pembangunan Manungsa) lan harapan urip paling dhuwur ing donya miturut prakiraan PBB.[14] Ing bidang teknologi, Jepang uga maju ing bidang telekomunikasi, mesin lan robot.

Etimologi[besut | besut sumber]

Jepang diarani Nippon utawa Nihon ing basa Jepang. Kaloro tembung mau ditulis nganggo kanji sing padha, yaiku 日本 (teges kang barès: asal-usuling srengéngé).[15] Sebutan Nippon asring digunakake ing urusan ingkang resmi, kalebu jeneng negara kasebut ing dhuwit Jepang, prangko, lan acara olahraga internasional. Istilah Nihon digunakake kanggo perkara sing ora resmi kayata pacelathon saben dinane.

Tembung Nippon lan Nihon ateges "negara/tanah srengéngé mletek." Jeneng iki disebutake ing korespondensi keakaisaran Jepang lan Dinasti Sui ing Cina, lan ngrujuk lokasi Jepang sing ana ing sisih wetan China daratan. Sadurunge Jepang duweni hubungan karo Cina, negara kasebut dikenal kanthi jeneng Yamato (大和).[16] Ing Cina sajrone jaman Tiga Bangsa, istilah kanggo Jepang yaiku negara Wa ().

Ing basa Cina dialek Shanghai sing minangka salah sawijining dialek Wu, aksara Tionghoa 日本 diwaca dadi Zeppen ([zəʔpən]). Ing dialek Wu, karakter secara ora resmi diwaca dadi [niʔ] lan kanthi resmi diwaca dadi [zəʔ]. Ing dialek Wu Kidul, 日本 diwaca [niʔpən] ingkang padha karo jeneng ing basa Jepang.

Tembung Jepang ing basa Indonesia bisa uga asale saka basa Cina, luwih tepat dialek Cina Wu. Basa Melayu kuno uga nyebut negara iki yaiku Jepang (nanging ejaan basa Malaysia saiki: Jepun).[17] Tembung Jepang ing basa Melayu banjur digawa menyang Kulon dening pedagang Portugis, sing ngenal sebutan iki nalika ing Malaka ing abad kaping 16. Dheweke minangka sing pertama ngenalake jeneng ing basa Melayu iki menyang Eropa. Dokumen paling tuwa ing basa Inggris sing nyebutake Jepang yaiku surat ing taun 1565, ingkang wonten tembung Giapan katulis.[18][19]

Sajarah[besut | besut sumber]

Prasajarah[besut | besut sumber]

Miturut penilitian arkéologi nuduhake manawa Jepang didunungi manungsa wiwitan paling ora 600.000 taun kepungkur, sajrone jaman Palaeolitikum andhap. Sawise pirang-pirang jaman ès sing kedadeyan pirang-pirang yuto taun kepungkur, Jepang gegandhengan karo daratan asia kaping pirang-pirang nganggo jembatan dharatan (karo Sakhalin ing sisih lor, lan bisa uga Kyushu ing sisih kidul), saéngga bisa gawe pindhah manungsa, kewan lan tanduran menyang kapuloan Jepang saka wilayah sing saiki dadi Républik Rakyat Cina lan Koréa. Ing sajrone jaman Paleolitik Jepang ngasilake alat watu sing wus dipoles pisanan ing jagad, udakara 30.000 SM.

Kanthi pungkasane jaman es lan tekane periode sing luwih anget, budaya Jomon muncul udakara 11.000 SM, sing ditondoi kanthi gaya urip pamburu lan pangumpul semi-sedhenter Mesolitik tekan Neolitik lan nggawe krajinan tembikar paling awal ing donya. Diperkirake wong Jomon yaiku leluhur saka wong Proto-Jepang lan wong Ainu saiki.

Wiwitane jaman Yayoi udakara taun 300 SM lan menehi tandha teknologi-teknologi anyar kayata budidaya pari ing sawah lan teknik nggawe alat saka wesi lan prunggu sing digawa para migran saka tanah Cina utawa Korea.

Ing sejarah cina, wong Jepang pisanan disebutake ing naskah sejarah klasik, Buku Han, ingkang ditulis ing taun 111.[20] Sawise jaman Yayoi diarani periode Kofun sekitar taun 250, sing ditandhani karo ngadheke negara-negara militer sing kuwat. Miturut Cathetan Sejarah Telung Negara, negara sing paling sukses ing kepuloan Jepang nalika semana yaiku Yamataikoku.

Jaman klasik[besut | besut sumber]

Babagan Sejarah Jepang ninggali dokumen tertulis wiwit abad kaping 5 lan 6 Masehi, nalika sistem nulis Cina, agama Buda, lan budaya Tiongkok liyane digawa menyang Jepang saka Kerajaan Baekje ing Ujung Koréa.

Perkembangan Sabanjure babagan agama Buda ing Jepang lan seni patung akeh dipengaruhi dening agama Buda Tionghoa.[21] Sanajan wiwitane tekane agama Buda ditentang dening para panguwasa sing nganut agama Shinto, kalangan pamarentah pungkasane mbantu promosi agama Buda ing Jepang, lan saiki wus dadi agama ingkang populer ing Jepang wiwit jaman Asuka.[22]

Miturut perintah Reformasi Taika ing taun 645, Jepang nyusun sistem pamrentahan kanthi nuladha Cina. Hal iki mbukak dalan kanggo filsafat Konfusianisme Cina kangge dadi dominan ing Jepang nganti abad kaping 19.

Periodhe Nara ing abad kaping 8 ditandhani negara Jepang kanthi kekuwatan terpusat. Ibu kutha lan istana kekaisaran ana ing Heijo-kyo (saiki Nara). Ing sajrone jaman Nara, Jepang terus nggunakake praktik administrasi pamrentah saka China. Salah sawijining prestasi sastra Jepang sing paling gedhe sajrone periode Nara yaiku ngrampungake buku sejarah Jepang sing diarani Kojiki (712) lan Nihon Shoki (720).[23]

Ing taun 784, Kaisar Kammu mindhah ibukutha menyang Nagaoka-kyō, lan tetep ana ing kana mung 10 taun. Sawise iku, ibukutha dipindhah maneh menyang Heian-kyō (saiki Kyoto). Relokasi ibukutha menyang Heian-kyō diwiwiti saka jaman Heian, yaiku jaman keemasan budaya klasik pribumi Jepang, utamane ing bidang seni, puisi lan sastra Jepang. Hikayat Genji gaweane Murasaki Shikibu lan lirik lagu kebangsaan Jepang Kimigayo diwiwiti saka jaman Heian iki.[24]

Jaman pertengahan[besut | besut sumber]

Jaman abad pertengahan ing Jepang yaiku jaman feodalisme sing ditandhani karo parebutan kakuasaan antar klompok panguwasa sing kalebu saka ksatriya sing diarani samurai. Ing taun 1185, sawise ngancurake klan Taira sing dadi klan saingane klan Minamoto, Minamoto no Yoritomo diangkat dadi shogun, lan nggawe dheweke dadi pamimpin militer sing mbagi kakuasaan karo Kaisar. Pamrentahan militer sing digawe dening Minamoto no Yoritomo diarani Kashogunan Kamakura amarga pusat pamaréntahan ana ing Kamakura (sisih kidul Yokohama saiki). Sawise sedane Yoritomo, klan Hōjō nulungi kashogunan dadi shikken, yaiku sajinis patih kanggo para shogun. Kashogunan Kamakura bisa nahan serangan Mongol saka wilayah Cina sing dikuasai Mongol ing taun 1274 lan 1281. Sanajan stabil ing politik, kashogunan Kamakura akhire digulingake dening Kaisar Go-Daigo, sing mulihake kakuasaan ing tangan kaisar. Kaisar Go-Daigo akhire digulingke dening Ashikaga Takauji ing taun 1336.[25] Kashogunan Ashikaga gagal nyegah kekuwatan para panguwasa militer lan tuan tanah feodal (daimyo) lan perang sipil pecah ing taun 1467 (Perang Ōnin) sing miwiti abad sing ditandhani karo perang-perang faksi sing diarani negara-negara saling perang utawa jaman Sengoku.[26]

Ing abad kaping 16, pedagang lan misionaris Sarekat Yesuit saka Portugal teka kaping pisanan ing Jepang, lan miwiti pertukaran perdagangan lan budaya ingkang aktif antarane Jepang lan Donya Kulon (Dagang karo Nanban). Wong Jepang ngarani wong asing saka Kulon minangka namban sing tegese barbar saka sisih kidul.

Oda Nobunaga ngalahake daimyo-daimyo saingane kanthi nggunakake teknologi lan sanjata api Eropa. Nobunaga meh sukses nyawijikake Jepang sadurunge tiwas ing Kejadian Honnōji 1582. Toyotomi Hideyoshi nggenteni Nobunaga, lan ndhaptarke deweke minangka penyawiji Jepang ing taun 1590. Toyotomi Hidesyoshi nyoba nguwasani wliayah Korea, lan kaping pindho nginvasi menyang Koréa, nanging kabeh gagal sawise kalah ing partempuran ngelawan tentara Korea sing dibantu karo kekuwatan Wangsa Ming. Sawise Hideyoshi sedha, pasukan Hideyoshi ditarik mundur saka Semenanjung Korea ing taun 1598.[27]

Sawise sedane Hideyoshi, putrane Hideyoshi, Toyotomi Hideyori, entuk kekuwasaane bapake. Tokugawa Ieyasu njupuk kauntungan saka jabatane minangka adipati kanggo Hideyori kanggo golek dhukungan politik lan militer saka daimyo liyane. Sawise ngalahake klan-klan pandukung Hideyori ing Peperangan Sekigahara ing taun 1600, Ieyasu diangkat dadi shogun ing taun 1603. Pamrentahan militer Ieyasu sing didegake ing Edo (saiki Tokyo) diarani Kashogunan Tokugawa. Keshogunan Tokugawa curiga karo kegiatan misionaris Katulik, lan nglarang kabeh kontak karo wong Eropa. Hubungan perdagangan diwatesi mung karo pedagang Walanda ing Pulo Dejima, Nagasaki. Pamrentah Tokugawa uga ngetrapake macem-macem kabijakan kayata undang-undang buke shohatto kanggo ngontrol daimyo ing wilayah kasebut. Ing taun 1639, Kashogunan Tokugawa miwiti kabijakan sakoku ("negara tertutup") ingkang mlaku rong setengah abad sing diarani jaman Édo. Sanajan ngalami periode isolasi, wong Jepang tetep sinau ilmu-ilmu saka Donya Kulon. Ing Jepang, ilmu saka buku-buku Kulon diarani rangaku (ilmu Walanda) amarga saka kontak Jepang karo enklave Walanda ing Dejima, Nagasaki. Sajrone periode Edo, masarakat Jepang uga miwiti pasinaon bab Jepang, lan diarani "studi nasional" bab Jepang minangka kokugaku.[28]

Jaman Modern[besut | besut sumber]

Ing tanggal 31 Maret 1854, tekane Komodor Matthew Perry lan "Kapal Ireng" Angkatan Laut Amerika Serikat meksa Jepang supaya mbukak diri marang donya Kulon liwat Perjanjian Kanagawa. Kesepakatan sabanjure karo negara-negara Kulon sajrone jaman Bakumatsu nggawe Jepang dadi krisis ekonomi lan politik. Samurai nganggep Keshogunan Tokugawa ringkih, lan nindakake pambrontakan nganti Perang Boshin pecah ing taun 1867-1868. Sawise Keshogunan Tokugawa digulingake, kekuasaan banjur dibalekakke menyang tangan kaisar (Restorasi Meiji) lan sistem domain dihapus. Sajrone Restorasi Meiji, Jepang nggunakake sistem politik, hukum, lan militer saka Donya Kulon. Kabinet Jepang ngatur Dewan Penasihat Kekaisaran, nyusun Konstitusi Meiji, lan nggawe Parlemen Kekaisaran. Restorasi Meiji ndadekake Kekaisaran Jepang dadi negara industri modern lan sekaligus dadi kekuwatan militer dunia sing nyebabake konflik militer nalika nyoba ngembangake pengaruh wilayah ing Asia. Sawise ngalahake Cina ing Perang Cina-Jepang lan Rusia ing Perang Rusia-Jepang, Jepang nguwasani Taiwan, setengah saka Sakhalin, lan Koréa.[29]

Ing wiwitan abad kaping 20, Jepang ngalami "demokrasi Taisho" sing dibayang-bayangi karo tuwuhing ekspansionisme lan militerisme Jepang. Sajrone Perang Donya I, Jepang ana ing pihak Sekutu sing menang, saengga Jepang isa nggedhekake pengaruh lan wilayah kekuasaan. Jepang nglajengake politik ekspansionis kanthi ngrebut Manchuria ing taun 1931. Rong taun sabanjure, Jepang ninggalake Liga Bangsa-Bangsa sawise dikutuk internasional amarga penjajahan Manchuria. Ing taun 1936, Jepang mlebu Pakta Anti-Komintern karo Jerman Nazi, lan gabung karo Jerman lan Italia kanggo mbentuk Blok Poros ing taun 1941.[30]

Ing taun 1937, invasi Jepang ing Manchuria nyebabake Perang Cina-Jepang kaping pindho (1937-1945) sing nyebabake Jepang dikenake embargo minyak dening Amérika Sarékat.[31] Tanggal 7 Desember 1941, Jepang nyerang markas Angkatan Laut Amerika Serikat ing Pearl Harbor, lan ngumumake perang karo Amerika Serikat, Inggris, lan Walanda. Serangan Pearl Harbor narik AS menyang Perang Donya II. Sawise kampanye militer dawa ing Samodra Pasifik, Jepang kelangan wilayah sing diduweni nalika wiwitan perang. Amerika Serikat nindakake pamboman strategis menyang Tokyo, Osaka lan kutha-kutha utama liyane. Sawise AS ngeculake bom atom ing Hiroshima lan Nagasaki, Jepang pungkasane nyerah tanpa sarat karo Sekutu ing tanggal 15 Agustus 1945 (Dina Kamenangan kalawan Jepang).[32]

Perang kasebut nyebabake kasengsaran gawe masarakat Jepang lan masarakat ing wilayah jajahan Jepang. Mayuta-yuta wong sedha ing negara-negara Asia sing dikuasai Jepang kanthi slogan Kemakmuran Bareng Asia. Meh kabeh industri lan infrastruktur ing Jepang rusak amarga perang. Sekutu nindakake repatriasi etnis Jepang gedhe-gedhean saka negara-negara Asia sing dikuwasani Jepang.[33] Pengadilan Militer Internasional kanggo Timur Jauh sing digawe Sekutu ing tanggal 3 Mei 1946, dipungkasi kanthi ukuman gawe sawetara pimpinan Jepang sing terbukti salah nindakake Kadurjanan perang.

Ing taun 1947, Jepang nggunakake Konstitusi Jepang sing anyar. Adhedhasar konstitusi anyar, Jepang ditunjuk minangka negara sing nganut faham pasifisme lan prioritasake praktik demokrasi liberal. Pendudukan AS ing Jepang resmi dipungkasi ing taun 1952 kanthi ditandatanganine Prajanjian San Francisco.[34] Sanajan mangkono, pasukan AS isih njaga basis-basis penting ing Jepang, utamane ing Okinawa. PBB resmi nampa Jepang dadi anggota ing taun 1956.

Sawise Perang Donya II, Jepang ngalami pertumbuhan ekonomi sing cepet, lan Jepang dadi kekuatan ekonomi paling gedhe nomer loro ing donya, kanthi rata-rata pertumbuhan prodhuk dhomèstik bruto 10% per taun suwene patang dekade. Pertumbuhan ekonomi Jepang sing cepet dipungkasi ing wiwitan taun 1990an sawise tibane ekonomi gelembung.[35]

Geografi[besut | besut sumber]

Poto Kapuloan Jepang dijupuk saka satelit.

Jepang kapérang saka 6.852 pulo ing pesisir Pasifik Asia. Udakara luwih saka 3.000 km (1.900 mil) saka wétan-kidul mangulon saka Segara Okhotsk nganti Segara China Wétan.[36][37] Lima pulo utama wiwit saka sisih lor tekan kidul, yaiku Hokkaido, Honshu (pulo paling gedhé dhéwé), Shikoku, Kyushu lan Okinawa.[38] Kapuloan Ryukyu, kalebu Okinawa, yaiku ranté kauploan ing sisih kidul Kyushu. Kapuloan Nanpō ana ing sisih kidul lan wétan saka pulau-pulau utama Jepang. Bareng, dheweke asring dikenal minangka Kapuloan Jepang.[39] Ing taun 2019, wilayah Jepang gedhene udakara 377.975.24 km2 (145.937.06 sq mi).[7] Jepang duwe garis pantai paling dawa nomer enem ing saindenging jagad (29.751 km (18.486 mi)). Amarga akeh pulau sing jarake adoh banget, Jepang duwe Zona Ekonomi Eksklusif paling gedhe nomer wolu ing jagad iki sing ndunungi 4.470.000 km2 (1.730.000 sq mi).[40]

Udakara 73 persen Jepang iseh alas-alasan, pegunungan lan ora cocog kanggo panggunaan pertanian, industri utawa perumahan.[41][42] Akibate, zona sing bisa dihuni, utamane ing wilayah pesisir, duwe kepadatan penduduk sing akeh banget. Jepang yaiku salah sawijining negara sing paling padhet ing donya.[43][44] Kira-kira 0,5% saka total wilayah Jepang direklamasi (umetatechi). Proyek ing pungkasan abad kaping 20 lan awal abad kaping 21 kalebu pulo-pulo buatan kayata Bandara Internasional Chubu Centrair ing Teluk Ise, Bandara Internasional Kansai ing tengah Teluk Osaka, Surga Laut Yokohama Hakkeijima lan Kutha Marina Wakayama.[45]

Jepang rawan Lindhu, tsunami lan gunung geni amarga Jepang ana ing sadawane Cincin Geni Pasifik.[46] Jepang dadi negara sing nduwe risiko bencana alam paling dhuwur nomer 15 ing sadonya sing diukur ing Indeks Risiko Sedunia 2013.[47] Jepang nduwe 111 gunung geni aktif.[48] Lindhu gedhe, asring nyebabake tsunami, kedadeyan kaping pirang-pirang ing saben abad.[49] Lindhu Tokyo ing taun 1923 niwaske luwih saka 140.000 wong.[50] Lindhu gedhe paling anyar yaiku Lindhu Gedhe Hanshin 1995 lan Lindhu Tōhoku 2011, sing nyebabake tsunami gedhe.[51]

Iklim[besut | besut sumber]

Iklim Jepang akehe duweni iklim sedheng nanging beda-beda gumantung wilyahe saka lor nganti kidul. Wilayah paling lor, Hokkaido, duwe iklim bawana lembab, mongso adhem seng adem lan dawa sarta musim panas seng anget nganti sejuk. Curah udan ora deres banget, nanging pulo kasebut biasane nggawe tumpukan salju seng jero ing musim adhem.[52] Ing wilayah Laut Jepang ing pesisir kulon Honshu, angin musim adhem Lor-kulon nggawa salju gedhe nalika ing musim adhem. Ing mangsa panas, wilayah kasebut kadang ngalami suhu sing panas banget amarga foehn.[53] Dataran tinggi tengah duwe iklim bawana lembab sing khas ing pedalaman, seng duweni beda gedhe antarane suhu ing musim panas lan musim adhem. Pegunungan ing wilayah Chūgoku lan Shikoku nglindungi Segara Pedalaman Seto saka angin mangsan, saengga nggawa cuaca sejuk ing sajrone taun.[52] Pesisir Pasifik nduwe iklim subtropis lembab saengga ngalami musim salju sing luwih sejuk kanthi salju seng kadang midun lan musim panas sing panas lan lembab amarga angin mangsan saka kidul-wétan. Pulo Ryukyu lan Nanpō duwe iklim subtropis, kanthi musim adhem sing luwih anget lan mangsa panas sing panas banget. Curah udan deres banget, luwih-luwih nalika musim rendheng.[52]

Suhu rata-rata mangsa adhem ing Jepang yaiku 5.1 °C (41.2 °F) lan suhu rata-rata mangsa panas yaiku 25.2 °C (77.4 °F).[54] Suhu paling dhuwur sing pernah diukur ing Jepang yaiku 41.1 °C (106.0 °F), kacathet tanggal 23 Juli 2018.[55] Mangsa udan diwiwiti ing wiwitan Mei ing Okinawa, lan pindhah menyang sisih Lor nganti tekan Hokkaido ing pungkasan Juli. Ing pungkasan mangsa panas lan wiwitan mangsa gugur, topan asring nggawa udan deres.[54] Miturut Kementerian Lingkungan Hidup udan deres lan munggahe suhu nyebabake sawetara masalah ing industri pertanian lan ing papan liya.[56]

Keanekaragaman hayati[besut | besut sumber]

Jepang duwe sangang wilayah alas ekologi sing nggambarake iklim lan geografi ing pulo kasebut. Kasedhiya wiwit alas subtropis lembab ing Pulo Ryūkyū lan Bonin, nganti alas campuran ing daerah iklim ing pulo-pulo utama, nganti alas konifer ing daerah mangsa adhem sing adhem, ing sisih lor.[57] Jepang duwe luwih saka 90.000 spesies satwa, kalebu bruwang coklat, monyet Jepang, asu rakun Jepang, tikus lapangan gedhe Jepang, lan salamander raksasa Jepang.[58] Jaringan taman nasional sing gedhe wis digawe kanggo nglindhungi wilayah flora lan fauna sing penting uga 37 situs lahan basah Ramsar.[59][60] Papat situs wis katulis ing Daftar Warisan Dunia UNESCO amarga nilai alam sing luar biasa.[61]

Lingkungan[besut | besut sumber]

Ing periode pertumbuhan ekonomi sing cepet sawise Perang Donya II, kabijakan lingkungan disepeleke dening pamrentah lan perusahaan industri, asile, polusi lingkungan nyebar ing taun 1950an lan 1960an. Nanggepi saya gedhene kekhawatiran, pamrentah nggawe sawetara undang-undang perlindungan lingkungan ing taun 1970.[62] Krisis lenga ing taun 1973 uga ndorong panggunaan energi kanthi efisien amarga Jepang kekurangan sumber daya alam.[63]

Ing taun 2020, luwih saka 22 pembangkit listrik tenaga batu bara direncanakake dibangun ing Jepang, sawise mateni armada nuklir Jepang sawise bencana nuklir Fukushima 2011.[64] Jepang rangking nomer 20 ing Indeks Kinerja Lingkungan 2018, sing ngukur komitmen negara kanggo kelestarian lingkungan.[65] Jepang yaiku pengasil emisi karbon dioksida paling gedhe kaping lima ing donya.[56] Minangka tuan omah lan panandha tangan Protokol Kyoto 1997, Jepang duwe kewajiban kanggo nyuda emisi karbon dioksida lan njupuk langkah-langkah liyane kanggo ngatasi perubahan iklim.[66] Ing taun 2020 pamrentah Jepang ngumumake target netralitas karbon ing taun 2050.[67] Masalah lingkungan saiki kalebu polusi udara kutha (NOx, partikulat ingkang tersuspensi, lan racun), manajemen limbah, eutrofikasi banyu, konservasi alam, perubahan iklim, manajemen bajan kimia lan kerja sama internasional kanggo konservasi.[68]

Politik[besut | besut sumber]

Jepang yaiku negara kesatuan lan monarki konstitusional sing kekuwatane Kaisar mung diwatesi dadi peran seremonial.[69] Kekuwatan eksekutif dicekel dening Perdana Menteri Jepang lan Kabinet, sing kedaulatane dicekel dening masarakat Jepang.[70] Naruhito yaiku Kaisar Jepang saiki sing munggah Tahta Krisan ing taun 2019, sawise nggenteni bapake Akihito.[69]

Badan legislatif Jepang yaiku Diet Nasional, ingkang kabentuk parlemen rong kamar.[69] Badan iki kalebu Dewan Paheman Asor kanthi cacahe 465 kursi, dipilih kanthi pemilihan umum saben patang taun utawa dibubarake, lan Dewan Paheman Luhur ingkang cacahe uga 245 kursi, sing anggota sing dipilih saben nem taun pisan.[71] Ana hak pilih kanggo wong diwasa luwih saka 18 taun,[72] kanthi pamungutan suoro rahasia kanggo kabeh kantor sing dipilih.[70] Perdana menteri minangka kepala pamrentah duwe kekuwatan kanggo milih lan nolak Menteri Negara, lan dheweke ditunjuk dening kaisar sawise dipilih saka anggota Diet.[71] Yoshihide Suga yaiku perdana menteri Jepang saiki ingkang kapilih ing pemilihan perdana menteri Jepang taun 2020.[73]

Secara historis politik jepang dipengaruhi karo hukum Tiongkok, sistem hukum Jepang berkembang sacara mandiri ing sajrone periode Edo liwat teks kaya Kujikata Osadamegaki.[74] Nanging, wiwit pungkasan abad kaping 19, sistem hukum biasane adhedhasar saka hukum perdata Eropa, utamane Jerman. Ing taun 1896, Jepang nggawe hukum perdata adhedhasar Bürgerliches Gesetzbuch Jerman, sing tetep berlaku lan dimodifikasi sawise Perang Donya II.[75] Konstitusi Jepang, sing diadopsi ing taun 1947, yaiku konstitusi paling tuwa sing durung diowahi nganti saiki ing donya.[76] Hukum Perundhang-undhang diwiwiti saka ing badhan legislatif, lan konstitusi negesake supaya kaisar ngumumake undang-undang sing disahake dening Diet tanpa menehi kekuwatan kanggo nglawan undang-undang. Badan utama hukum Jepang diarani Six Codes utawa Nem Hukum.[74] Sistem pengadilan Jepang dipérang dadi patang tingkat dhasar: Pengadilan Asor lan telung tingkat pengadilan andhap.[77]

Pembagean administratif[besut | besut sumber]

Jepang dipérang dadi 47 prefektur, sing masing-masing diawasi karo gubernur lan legislatif sing dipilih.[69] Ing tabel ing ngisor iki, prefektur diklompokaké miturut wilayah:

Prefektur ing Jepang
     Hokkaido

1. Hokkaido

     Tōhoku

2. Aomori
3. Iwate
4. Miyagi
5. Akita
6. Yamagata
7. Fukushima

     Kantō

8. Ibaraki
9. Tochigi
10. Gunma
11. Saitama
12. Chiba
13. Tokyo
14. Kanagawa

     Chūbu

15. Niigata
16. Toyama
17. Ishikawa
18. Fukui
19. Yamanashi
20. Nagano
21. Gifu
22. Shizuoka
23. Aichi

     Kansai

24. Mie
25. Shiga
26. Kyoto
27. Osaka
28. Hyōgo
29. Nara
30. Wakayama

     Chūgoku

31. Tottori
32. Shimane
33. Okayama
34. Hiroshima
35. Yamaguchi

     Shikoku

36. Tokushima
37. Kagawa
38. Ehime
39. Kōchi

     Kyūshū

40. Fukuoka
41. Saga
42. Nagasaki
43. Kumamoto
44. Ōita
45. Miyazaki
46. Kagoshima
47. Okinawa

Hubungan luar negri[besut | besut sumber]

Jepang dadi anggota PBB wiwit taun 1956, Jepang yaiku salah sawijining negara G4 sing pengin dadi anggota permanen ing Dhéwan Kaamanan PBB.[78] Jepang yaiku anggota saka G7, APEC, lan "ASEAN Plus Three", uga dadi peserta ing KTT Asia Wétan.[79] Jepang nandatangani pakta keamanan karo Australia ing wulan Maret 2007[80] lan karo India ing Oktober 2008.[81] Jepang dadi negara pendonor pambiyantu pembangunan nomer lima paling gedhe ing donya, kanthi nyumbang US$ 9,2 milyar ing taun 2014.[82] Ing 2017, Jepang duwe jaringan diplomatik kaping lima paling gedhe ing saindenging jagad.[83]

Jepang duwe hubungan ekonomi lan militer sing cedhak karo Amerika Serikat. [84] Amerika Serikat dadi pasar utama ekspor Jepang lan sumber impor Jepang, Amerika Serikat uga duwe komitmen kanggo mbela negara kasebut, kanthi nggawe basis militer ing Jepang. [84] Sawise Jepang kalah ing Perang Dunia II, Kapuloan Mariana Lor sing dikuasai Jepang dadi dikuasai Amerika Serikat. [85]

Hubungan Jepang karo Korea Selatan sacara historis ora kuwat amarga tindakane Jepang ing Korea nalika jaman kolonial Jepang, utamane babagan masalah Ianfu. Ing 2015, Jepang setuju kanggo ngrampungake perselisihan babagan Ianfu karo Korea Selatan kanthi menehi permintaan maaf lan mbayar dhuwit kanggo wanita sing isih urip.[86] Ing taun 1990an minat ing budaya Korea ing Jepang saya nambah, utamane ana ing babagan panganan, lelungan, lan Piala Donya.[87] Penyebaran Gelombang Korea ing wiwitan taun 2000an (diarani gelombang hanryu utawa kanryu ing Jepang) nyepetake tren iki, contone serial televisi Korea Winter Sonata.[87] Jepang dadi importir utama musik Korea (K-pop), televisi (K-drama), lan produk budaya liyane.[88][89]

Jepang duwe sawetara perselisihan wilayah karo tangga teparo. Jepang nglawan kontrol Rusia ing Pulo Kuril Kidul, sing dikuwasani Uni Soviet ing taun 1945.[90] Nglawan kontrol Korea Kidul ing Liancourt Rocks sing diakoni Korea Kidul nanging ora ditampa amarga diklaim Jepang.[91] Jepang negesake hubungan sing ora apik karo China lan Taiwan babagan Kapuloan Senkaku lan status Okinotorishima.[92]

Militer[besut | besut sumber]

Jepang dadi negara Asia nomer loro paling dhuwur ing Indeks Perdamaian Global.[93] Jepang dadi salah sawijining negara paling gedhe ing donya babagan anggaran militer.[94] Militer negara kasebut (Pasukan Bela Diri Jepang) diwatesi dening Pasal 9 Konstitusi Jepang, sing nolak hak Jepang kanggo ngumumake perang utawa nggunakake kekuwatan militer ing perselisihan internasional.[95] Militer dipimpin dening Menteri Pertahanan, lan utamane kalebu Angkatan Darat Bela Diri Jepang, Angkatan Laut Bela Diri Jepang, lan Angkatan Udara Beli Diri Jepang. Angkatan Laut Bela Diri Maritim dadi peserta rutin latihan maritim RIMPAC.[96] Penyebaran pasukan menyang Irak lan Afghanistan dadi panggunaan militer Jepang ing jaban jepang kaping pisanane wiwit Perang Dunia II.[97]

Pamrentah Jepang wis nggawe perubahan babagan kebijakan keamanan sing kalebu pembentukan Dewan Keamanan Nasional, adopsi Strategi Keamanan Nasional, lan pangembangan Pedoman Program Pertahanan Nasional.[98] Ing wulan Mei 2014, Perdana Menteri Shinzō Abe ujar manawa Jepang pengin ngeculake pasife sing wus dipertahanke wiwit pungkasan Perang Dunia II lan njupuk tanggung jawab seng luwih akeh kanggo keamanan regional.[99] Ketegangan anyar-anyar iki, utamane karo Korea Lor lan Cina, nyebabake debat babagan status JSDF lan hubungane karo masarakat Jepang.[100][101][102]

Wigati[besut | besut sumber]

  1. "National Flag and National Anthem". Bendera Matahari Terbit lan "Kimi Ga Yo" minangka panji nasional lan lagu kebangsaan Jepang. Diresmikan taun 1999 kanthi Undhang-undhang Babagan Bendera Nasional lan Lagu Nasional.
  2. "Explore Japan National Flag and National Anthem". Retrieved January 29, 2017.
  3. "National Symbols". Archived from the original on February 2, 2017. Retrieved January 29, 2017. Unknown parameter |deadurl= ignored (|url-status= suggested) (help)
  4. "History of Tokyo". Periode Edo suwene udakara 260 taun nganti Restorasi Meiji ing taun 1868, nalika Shogunate Tokugawa rampung lan pamrentahan kekaisaran dipulihake. Kaisar pindhah menyang Edo, sing diganti jeneng dadi Tokyo. Mula, Tokyo dadi ibukutha negara Jepang
  5. 法制執務コラム集「法律と国語・日本語」 (in Japanese). Legislative Bureau of the House of Councillors. Retrieved January 19, 2009.CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  6. Miturut legenda, Jepang didegake dening Kaisar Jimmu, Kaisar Pertama.
  7. a b 令和元年全国都道府県市区町村別面積調(10月1日時点) (in Jepang). Geospatial Information Authority of Japan. December 26, 2019. Archived from the original on April 15, 2020.
  8. 最新結果一覧 政府統計の総合窓口 GL08020101. Statistics Bureau of Japan. Retrieved April 27, 2016.
  9. a b c d "World Economic Outlook Database, April 2018 – Report for Selected Countries and Subjects". International Monetary Fund (IMF). Oktober 2018. Check date values in: |date= (help)
  10. "World Factbook: Gini Index". CIA]. Retrieved May 11, 2011.
  11. "2018 Human Development Report" (PDF). United Nations Development Programme. 2017. Retrieved March 23, 2017.
  12. "Facts and Figures of Japan 2007 01: Land" (PDF). Foreign Press Center Japan. Retrieved 2009-07-04.
  13. "World Factbook; Japan". CIA. 2007-03-15. Retrieved 2007-03-27.
  14. United Nations World Population Propsects: 2006 revision – Table A.17 for 2005-2010
  15. Schreiber, Mark (26 November 2019). "You say 'Nihon,' I say 'Nippon,' or let's call the whole thing 'Japan'?". The Japan Times. Retrieved 20 May 2020.
  16. "Re: にほん or にっぽん". www.sf.airnet.ne.jp.
  17. Word Histories and Mysteries: From Abracadabra to Zeus. Houghton Mifflin Harcourt. October 13, 2004. ISBN 978-0-547-35027-1.
  18. Luīs Fróis, "Of the Ilande of Giapan" (February 19, 1565), published in Richard Willes, "The History of Travayle in the West and East Indies" (London 1577), cited in "Travel Narratives from the Age of Discovery", by Peter C. Mancall, pp. 156–57.
  19. Batchelor, Robert K. (January 6, 2014). London: The Selden Map and the Making of a Global City, 1549–1689. University of Chicago Press. pp. 76, 79. ISBN 978-0-226-08079-6. In Richard Wille's 1577 book "The History of Travalye in the West and East Indies"
  20. Brown, Delmer M.; Hall, John Whitney; Jansen, Marius B.; Shively, Donald H.; Twitchett, Denis (1988). The Cambridge History of Japan: Volume 1 (in Inggris). Cambridge University Press. p. 275. ISBN 978-0-521-22352-2.
  21. Delmer M. Brown (ed.), ed. (1993). The Cambridge History of Japan. Cambridge University Press. pp. 140–149.CS1 maint: extra text: editors list (link)
  22. William Gerald Beasley (1999). The Japanese Experience: A Short History of Japan. University of California Press. p. 42. ISBN 0520225600. Retrieved 2007-03-27.
  23. Conrad Totman (2002). A History of Japan. Blackwell. pp. 64–79. ISBN 978-1405123594.
  24. Conrad Totman (2002). A History of Japan. Blackwell. pp. 122–123. ISBN 978-1405123594.
  25. George Sansom (1961). A History of Japan: 1334–1615. Stanford. p. 42. ISBN 0-8047-0525-9.
  26. George Sansom (1961). A History of Japan: 1334–1615. Stanford. p. 217. ISBN 0-8047-0525-9.
  27. Stephen Turnbull (2002). Samurai Invasion: Japan's Korean War. Cassel. p. 227. ISBN 978-0304359486.
  28. Hooker, Richard (1999-07-14). "Japan Glossary; Kokugaku". Washington State University. Retrieved 2006-12-28.
  29. Jesse Arnold. "Japan: The Making of a World Superpower (Imperial Japan)". vt.edu/users/jearnol2. Retrieved 2007-03-27.
  30. Kelley L. Ross. "The Pearl Harbor Strike Force". friesian.com. Retrieved 2007-03-27.
  31. Roland H. Worth, Jr. (1995). No Choice But War: the United States Embargo Against Japan and the Eruption of War in the Pacific. McFarland. ISBN 0-7864-0141-9.
  32. "Japanese Instrument of Surrender". educationworld.net. Retrieved 2006-12-28.
  33. When Empire Comes Home: Repatriation and Reintegration in Postwar Japan by Lori Watt, Harvard University Press
  34. Joseph Coleman (2006-03-06). "'52 coup plot bid to rearm Japan: CIA". The Japan Times. Archived from the original on 2012-07-17. Retrieved 2007-04-03.
  35. Kobayashi, Kayo (2005). 日本の経済: Japanese Economy, The. IBC Publishing. ISBN 4-8968-4147-6.
  36. "Water Supply in Japan". Ministry of Health, Labour and Welfare. Archived from the original on January 26, 2018. Retrieved September 26, 2018.
  37. Iwashita, Akihiro (2011). "An Invitation to Japan's Borderlands: At the Geopolitical Edge of the Eurasian Continent". Journal of Borderlands Studies. 26 (3): 279–282. doi:10.1080/08865655.2011.686969.
  38. 離島とは(島の基礎知識) [what is a remote island?] (in Japanese). Ministry of Land, Infrastructure, Transport and Tourism. August 22, 2015. Archived from the original on November 13, 2007.CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  39. McCargo, Duncan (2000). Contemporary Japan. Macmillan. pp. 8–11. ISBN 978-0-333-71000-5.
  40. 日本の領海等概念図. 海上保安庁海洋情報部. Archived from the original on August 12, 2018. Retrieved August 12, 2018.
  41. "CIA Factbook: Japan". Cia.gov. Retrieved August 27, 2019.
  42. "Japan". US Department of State. Retrieved January 16, 2011.
  43. "List of countries by population density". Statistics Times. Retrieved 12 October 2020.
  44. Fujimoto, Shouji; Mizuno, Takayuki; Ohnishi, Takaaki; Shimizu, Chihiro; Watanabe, Tsutomu (2014). "Geographic Dependency of Population Distribution". Proceedings of the International Conference on Social Modeling and Simulation, plus Econophysics Colloquium: 151–162. doi:10.1007/978-3-319-20591-5_14.
  45. "Reclaimed Land in Japan". Japan Property Central. Archived from the original on February 26, 2018. Retrieved September 26, 2018.
  46. Israel, Brett (March 14, 2011). "Japan's Explosive Geology Explained". Live Science.
  47. "2013 World Risk Report" (PDF). Archived from the original (PDF) on August 16, 2014. Retrieved May 20, 2014.
  48. Fujita, Eisuke; Ueda, Hideki; Nakada, Setsuya (July 2020). "A New Japan Volcanological Database". Frontiers in Earth Science. doi:10.3389/feart.2020.00205.
  49. "Tectonics and Volcanoes of Japan". Oregon State University. Archived from the original on February 4, 2007. Retrieved March 27, 2007.
  50. James, C.D. (2002). "The 1923 Tokyo Earthquake and Fire" (PDF). University of California Berkeley. Archived from the original (PDF) on March 16, 2007. Retrieved January 16, 2011.
  51. Fackler, Martin; Drew, Kevin (March 11, 2011). "Devastation as Tsunami Crashes Into Japan". The New York Times.
  52. a b c Karan, Pradyumna Prasad; Gilbreath, Dick (2005). Japan in the 21st century. University Press of Kentucky. pp. 18–21, 41. ISBN 978-0-8131-2342-4.
  53. "Climate of Hokuriku district". Japan Meteorological Agency. Retrieved October 24, 2020.
  54. a b "Climate". JNTO. Archived from the original on February 18, 2011. Retrieved March 2, 2011.
  55. "Record High in Japan as Heat Wave Grips the Region". Archived from the original on July 23, 2018. Retrieved July 26, 2018.
  56. a b Ito, Masami. "Japan 2030: Tackling climate issues is key to the next decade". The Japan Times. Retrieved September 24, 2020.
  57. "Flora and Fauna: Diversity and regional uniqueness". Embassy of Japan in the USA. Archived from the original on February 13, 2007. Retrieved April 1, 2007.
  58. "The Wildlife in Japan" (PDF). Ministry of the Environment. Archived from the original (PDF) on March 23, 2011. Retrieved February 19, 2011.
  59. "National Parks of Japan". Ministry of the Environment. Retrieved May 11, 2011.
  60. "The Annotated Ramsar List: Japan". Ramsar. Archived from the original on September 17, 2011. Retrieved May 11, 2011.
  61. "Japan – Properties Inscribed on the World Heritage List". UNESCO. Retrieved July 5, 2011.
  62. 日本の大気汚染の歴史 (in Japanese). Environmental Restoration and Conservation Agency. Archived from the original on May 1, 2011. Retrieved March 2, 2014.CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  63. Sekiyama, Takeshi. "Japan's international cooperation for energy efficiency and conservation in Asian region" (PDF). Energy Conservation Center. Archived from the original (PDF) on February 16, 2008. Retrieved January 16, 2011.
  64. Tabuchi, Hiroko (February 4, 2020). "Japan to build up to 22 new coal power plants despite climate emergency". The Independent.
  65. "Environmental Performance Index: Japan". Yale University. Retrieved February 26, 2018.
  66. "Japan sees extra emission cuts to 2020 goal – minister". Reuters. June 24, 2009.
  67. Davidson, Jordan (26 October 2020). "Japan Targets Carbon Neutrality by 2050". Ecowatch.
  68. "Environmental Performance Review of Japan" (PDF). OECD. Retrieved January 16, 2011.
  69. a b c d "Japan's Parliament and other political institutions". European Parliament. June 9, 2020.
  70. a b "The Constitution of Japan". Prime Minister of Japan and His Cabinet. November 3, 1946. Archived from the original on December 14, 2013.
  71. a b "Japan". US Securities and Exchange Commission. August 6, 2020.
  72. "Japan Youth Can Make Difference with New Voting Rights: UN Envoy". UN Envoy on Youth. July 2016.
  73. "Yoshihide Suga set to become Japan's prime minister after winning LDP election". Japan Times. September 14, 2020.
  74. a b Dean, Meryll (2002). Japanese legal system: text, cases & materials (2nd ed.). Cavendish. pp. 55–58, 131. ISBN 978-1-85941-673-0.
  75. Kanamori, Shigenari (January 1, 1999). "German influences on Japanese Pre-War Constitution and Civil Code". European Journal of Law and Economics. 7 (1): 93–95. doi:10.1023/A:1008688209052. S2CID 85450010.
  76. "The Anomalous Life of the Japanese Constitution". Nippon.com. August 15, 2017. Archived from the original on August 11, 2019.
  77. "The Japanese Judicial System". Office of the Prime Minister of Japan. July 1999.
  78. Katsuno, Masatsune (January 2012). "Japan's quest for a permanent seat on the United Nations Security Council" (PDF). FES.
  79. Terada, Takashi (2011). "The United States and East Asian Regionalism". In Borthwick, Mark; Yamamoto, Tadashi (eds.). A Pacific Nation (PDF). ISBN 978-4-88907-133-7.
  80. "Japan-Australia Joint Declaration on Security Cooperation". Ministry of Foreign Affairs. Retrieved August 25, 2010.
  81. "Joint Declaration on Security Cooperation between Japan and India". Ministry of Foreign Affairs. October 22, 2008.
  82. "Statistics from the Development Co-operation Report 2015". OECD. Retrieved November 15, 2015.
  83. "Global Diplomacy Index – Country Rank". Lowy Institute. Retrieved April 1, 2018.
  84. a b "US Relations with Japan". US Department of State. January 21, 2020.
  85. The Covenant to Establish a Commonwealth of the Northern Mariana Islands in Political Union With the United States of America, Cithakan:USStatute
  86. "Japan and South Korea agree WW2 'comfort women' deal". BBC News. December 28, 2015.
  87. a b Miller, Laura. "Korean TV Dramas and the Japan-Style Korean Wave". Post Script. 27 (3): 17–24.
  88. Ju, H. (July 2018). "The Korean Wave and Korean Dramas". Oxford Research Encyclopedia of Communication.
  89. Min-sik, Yoon (August 14, 2019). "21 years after 'Japanese invasion,' Korean pop culture stronger than ever". The Korean Herald.
  90. "Japanese Territory, Northern Territories". MOFA. April 4, 2014.
  91. "Japanese Territory, Takeshima". MOFA. July 30, 2014.
  92. Fox, Senan (September 2016). "The Senkaku Shoto/Diaoyu Islands and Okinotorishima disputes: Ideational and material influences". China Information. 30 (3). doi:10.1177/0920203X16665778.
  93. "Global Peace Index 2020" (PDF). Institute for Economics & Peace. June 2020.
  94. "Defense Spending by Country (2020)". Global Firepower. Retrieved November 9, 2020.
  95. "Japan: Article 9 of the Constitution". Library of Congress. Retrieved November 9, 2020.
  96. "About RIMPAC". Government of Singapore. Archived from the original on August 6, 2013. Retrieved March 2, 2014.
  97. Teslik, Lee Hudson (April 13, 2006). "Japan and its military". Council on Foreign Relations.
  98. "Japan's Security Policy". Ministry of Foreign Affairs of Japan. April 6, 2016.
  99. "Abe offers Japan's help in maintaining regional security". Japan Herald. Archived from the original on May 31, 2014. Retrieved May 31, 2014.
  100. Yoji, Koda (September 18, 2020). "Japan: Dealing with North Korea's Growing Missile Threat". The Diplomat.
  101. Gale, Alastair; Tsuneoka, Chieko (July 14, 2020). "China Provocations Hasten Japan's Military Revival". The Wall Street Journal.
  102. "Japan's Self-Defence Forces are beginning to focus on China". The Economist. April 17, 2019.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  • Conrad Totman, 2000. 'A History of Modern Japan. Blackwell Publishers.'
  • C.H. Kwan. 2001. 'Yèn Bloc: Toward Economic Integration in Asia.' Brookings Institution Press.
  • Bernson, Mary Hammond and Elaine Magnusson, eds. Modern Japan: An Idea Book for K-12 Teachers. Multicultural Education Resource Serial. Olympia, WA: Office of the State Superintendent of Public Instruction, 1984. ED 252 486.
  • Cogan, John J. and Donald O. Schneider, eds. Perspectives on Japan: A Guide for Teachers. Washington, DC: National Council for the Social Studies, 1983. ED 236 090.
  • East Meets West: Mutual Images. Stanford, CA: California Center for Research in International Studies, l980. ED 196 765.
  • Kaderabeck, Leslie. The Japanese Automobile Worker: A Microcosm of Japan's Success. 1985. ED 263 041.
  • Murphy, Carole. A Step by Step Guide for Planning a Japanese Cultural Festival. 1983. ED 238 748.
  • Wojtan, Linda S. Free Resources for Teaching about Japan. Bloomington, IN: Midwest Program for Teaching about Japan, Indiana University, 1986. ED 270 3891.

Peringkat internasional[besut | besut sumber]

Pirsanana uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Resmi[besut | besut sumber]

Liyané[besut | besut sumber]