Restorasi Kemmu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Restorasi Kemmu (建武の新政 Kemmu no shinsei?, Pamaréntah anyar Kemmu) ya iku kalamangsa ana ing sajarah Jepang kang kadadéan antara taun 1333 nganti tekan 1336.[1] Sawisé Keshogunan Kamakura kalah, Kaisar Go-Daigo mbalik manèh angone ngekel singgasana ya iku nalika taun 1333, lan ngadegaké pamaréntah anyar kanthi kakuwasaan kang pusate ana ing tangane kaisar.[1] Kemmu ya iku jeneng jaman anyar kang diwiwiti taun 1334.[1] Istilah "Restorasi Kemmu" ya iku saka pertalan istilah kang padha, Kemmu no Chūkō (建武の中興 Restorasi Kemmu?) kang digunakaké ana ing Jepang nganti tekan sadurungé Perang Donya II.[1] Sapérangan sejarawan uga mratélakaké yèn kalamangsa iki dadi kalamangsa Pamaréntah Kemmu (建武政権 Kemmu seiken?).[1] Papréntahan otokrasi kang dijalanake déning Kaisar Go-Daigo kanthi ora mesti dirasakaké déning para samurai.[1] Pamaréntah Kaisar Go-Daigo pungkasané ditumbangake Ashikaga Takauji nalika taun 1336 kang uga dadi tanda rampunge kalamangsa Restorasi Kemmu.[1] Sadawane papréntahan ana ing jaman Kamakura, ppapréntahan Keshogunan Kamakura anaing panguwasane kulawarga Tokusō saka klan Hōjō, déné kakuwasane ana ing tanganae klan Nagasaki kang njabat Naikanrei (pelayan klan Hōjō).[2] Wiwit taun prastawa invasi Mongolia marang Jepang (1274 lan 1281), situwasi pulitik ana ing nagari dadi ora stabil.[2] Kelompok kang antipamaréntah wiwit ana owahan ing provinsi-provinsi.[2] Keshogunan uga wiwit kelangan panjurung dari kalangan samurai.[2] Keshogunan Kamakura ngukuhaké sistem Ryōtōtetsuritsu kang ngukuhaké kaisar saka garis keturunan Daikaku-ji lan garis keturunan Jimyō-in bisa munggah singgasana kanthi geganten.[2] Nalika taun 1318, Kaisar Go-Daigo kang asalé saka garis keturunan Daikaku-ji munggah singgasana.[2] Kaisar Go-Daigo duwé kepenginan kanggo mbalekake sistem papréntahan kang kakuwasne langsung ana ing tangan kaisar kaya nalika rezim Engi-Tenryaku yang dijalanake déning Kaisar Murakami lan Kaisar Daigo ana ing jaman Heian.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]