Mitologi Jepang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Amaterasu

Mitologi Jepang inggih punika mitologi kanthi turun temurun wonten ing Jepang [1].

Purwaka[besut | besut sumber]

Folklor ingkang sapunika dipunwastani mitologi Jepang, kathahipun punika adhedhasar cariyos ingkang wonten ing Kojiki, Nihonshoki, lan Fudoki saking manéka provinsi ing Jepang. Saéngga kathahipun mitologi Jepang punika manéka kami penghuni Takamanohara (Takaamahara, utawi Takamagahara), lan namung sakedhik sumber literatur sinerat ingkang dados rujukan.

Wonten ing jaman kuno, saben laladan ing Jepang kagungan jinising kapitadosan kanthi manéka wujud lan folklor. Sareng kaliyan wiyaripun kekuwaosan Kekaisaran Yamato, manéka warni kapitadosan dipunadaptasi dados Kunitsugami utawi "déwa yang dipuja" ingkang wujudipun dados seragam lan sadaya dipunkempalaken wonten ing "mitologi Takamanohara". Kejawi punika, wewengkon lan penduduk ingkangdumugi ing abad salajengipun boten dipunkuwaosi déning Kekaisaran Yamato utawi pamaréntah pusat Jepang sanèsipun, kados ta atau pamaréntah pusat Jepang yang lain, seperti Suku Ainu lan tiyang Kepulauan Ryūkyū ingkang gadhah mitologi piyambak.

Nalika abad tenagahan nembé mekar mitologi Jepang abad pertengahan (Chūsei Nihongi) kanthi isi ingkang bènten saking mitologi sadèrèngipun. Mitologi Jepang abad tengahan taksih ngandhut pedoman marang Nihonshoki ananging dipunmekaraken saéngga béda sanget kaliyan versi aslinipun. Mitologi Jepang anad tengahan kapanggih wonten ing epik perang kados Taiheiki, buku penggubahan syair dan anotasinya, sarta manéka Engi (buku cathetan asal ususl lan sajarah kagunganipun kuil agami Buda lan Shinto).

Wonten mitologi Jepang abad tengahan, manéka kami ing Kojiki lan Nihonshoki adhedhasar téyori Honji suijaku dipunmangertosi minangka wujud sawatawis para Buda lan Bodhisattva utawi dipunanggep sejajar. Kejawi punika, mitologi Jepang abad tengahan kacampur kaliyan unsur-unsur ingkang dipunpendhet saking seni lan carita rakyat, mitologi manéka laladan, sarta nedahaken tingkat kedewaan ugi barang-banrang ingkang boten wonten ing Kojiki lan Nihonshoki. Ing tengahan jaman Edo, Motoori Norinaga nyerat buku kanthi irah-irahan Kojiki-den kanthi ancar nglampahi interpretasi isi Kojiki dumugi rampung. Buku punika damel sumber utami mitologi Jepang dados éwah saking Nihonshoki dados Kojiki lan kawontenan kasebut dumugi sapunika.

Ringkesing cariyos[besut | besut sumber]

Panciptaning donya[besut | besut sumber]

Donya punika wiwitanipun ing Takamanohara, ing mriku wiyos manéka kami kados ta Kotoamatsukami lan Kaminoyonanayo. Kami ingkang lair paling pungkasan inggih punika kalih sedhèrèk Izanagi (Izanaki) lan Izanami [2].

Izanagi lan Izanami[besut | besut sumber]

Izanagi lan Izanami mandhap ing Ashihara no Nakatsu Kuni, rabi, sarta nglairaken pulo-pulo ingkang mbentuk kepuloan lan dipunwastani Yashima. Bibar nglairaken manéka kami, Izanami séda amargi luka bakar nalika nglairaken Kagutsuchi (déwa api). Bibar matèni Kagutsuchi, Izanagi kesah dhateng nagari Yomi kanggé madosi lan nylametaken Izanami. Nalika sampun wonten ing nagari Yomi, wujud Izanami dados medèni. Izanagi ingkang mirsani Izanami banjur kesah amargi ajrih.

Izanagi nglampahi misogi (siram) amargi boten remen kaliyan regetan (kegare) ingkang kabeta saking Yomi. Nalika nembé nglampahi misogi, Izanagi nglairaken kami, nalika ngumbah mripat sisih kiwa banjur lair Amaterasu (déwa srengéngé, panguwaos Takamanohara). Lajeng mripat sisih tengen nglairaken Tsukuyomi (déwa bulan, panguwaos wengi). sarta nalika ngumbah irung lair Susanoo (panguwaos samudra). Tigang kami kasebut dipunwastani Mihashira no Uzu no Miko, lan nampi dhawuh saking Izanagi supados nguwaosi donya.

Amaterasu lan Susanoo[besut | besut sumber]

Legenda Izumo[besut | besut sumber]

Penaklukan Ashihara no Nakatsu[besut | besut sumber]

Kisah Hoori lan Hoderi[besut | besut sumber]

Kaisar Jimmu[besut | besut sumber]

Kesshi Hachi-dai[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Mitologi, (dipunakses tanggal 11 Fèbruari 2013)
  2. ^ Izanagi & Izanami, (dipunakses tanggal 11 Fèbruari 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cithakan:Jmyth navbox long