Folklor

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Folklor punika asalipun saking tembung folk lan lore. Folk arthosipun kelompok tiyang ingkang gadhah ciri-ciri fisik, sosial, lan kebudhayaan, saenggo saged dipunbenten-bentenaken dados kelompok-kelompok ingkang lintu. Ciri-ciri punika antawisipun saged arupi sami ing werni kulit, bentukipun rikma, pakaryan, pendidikan, lan agami. Ananging ciri mliginipun inggih sedhoyo punika sampun gadhah tradhisi, inggih kebudayaan ingkang sampun dipunwarisi turun-temurun, sekedhikipun 2 turunan, ingkang saged sedherekipun aku dados milik sesarengan, lan sadhar kaliyan identitas kelompokipun.[1]. Lore inggih punika tradhisinipun folk, inggih punika sebagianipun kebudayaan ingkang sampun diwarisaken turun-temurun mawi pangandikan utawi kados tulodho ingkang ingkang dipunsarengi kaliyan gerak isyarat utawi piranti bantu pengiling. Folklor inggih punika kebudayaan ingkang sesarengan ingkang kasebar lan dipunwarisaken turun-temurun ing antawisipun sesarengan nopo kemawon, mawi tradhisional ingdalem versi ingkang bènten, ingdalem wujud pangandikan lan tulodho ingkang dipunsarengi kaliyan gerak isyarat utawi piranti bantu pengiling.[1]

Jinis[besut | besut sumber]

Legenda[besut | besut sumber]

Ya iku carita kang nyritakake dumading papan utawa panggonan, kutha lsp. kang ngemu sajarah. Tuladha :

  • Dumadine kutha Boyolali dumadine gunung Tangkuban Prau, dongèng Roro Jonggrang lsp.

Fabel[besut | besut sumber]

Ya iku carita kang parangane kéwan. Ing carita iki, kéwan diumpamakake bis rembugan kaya lumrahe manungsa. Tuladha :

  • Dongèng kancil karo keyong, kancil karo baya, lsp., matur suwun.

Mite[besut | besut sumber]

Ya iku carita kang isine nyritakake bab kepercayaan anané roh lan kakuatan gaib. Tuladha :

  • Dongèng Nyai Lanjar, dongèng Nyi Loro Kidul, dongèng Nyai Blorong lan sakpanunggalane

Sage[besut | besut sumber]

Ya iku dongèng bab sajarah Tuladha :

  • Dongèng Keris Empu Gandring, Keris Setan Kober, Tumbak Kiai Plered, lan sakpanunggalane

Cirinipun folklor[besut | besut sumber]

  1. Sifatipun taksih arupi pangandikan
  2. Sifatipun taksih tradhisional
  3. "wonten" ingdalem versi ingkang bènten-bènten
  4. Biasanipun condong gadhah wujud rumus utawi gadhah pola
  5. Biasanipun sampun boten dimangerthosi maleh nami penciptanipun (anonymous)
  6. Nggadhahi fungsi ingdalem kauripan sesarengan ingkang gadhah
  7. Sifatipun pra-logis
  8. Dados milikipun sesarengan
  9. Sifatipun polos utawi spontan

Panggènan folklor[besut | besut sumber]

Folklor dipunsinaoni lan dipunajaraken ingdalem kahuripan modhèren ingkang sampun akrab kaliyan "budaya tulis", ananging ing liyo kahanan, obyekipun folklor punika inggih "budaya oral/lésan". Ilmu folklor punika miturut wekdal sami kaliyan ilmu sajarah, ingkang ngajaraken "punopo ingkang sampun suwé", lan miturut obyekipun sami kaliyan ilmu antropologi ingkang musataken ing pengilingipun informan. Teks lésan aerinipun teks ingkang dados pengetahuanipun budaya ingkang dipunturunaken mawi tuturan ingkang umum kito pirsani ing masarakat lan dipunsimpen ingdalem pepengetipun masarakat. Teks punika asilipun kebudayaan ingkang dipunbangun saking bahan sosial [2] inggih punika asilipun abstraksi saking pengalaman sosial ing masarakat. Teks lésan punika umumipun gadhah sipat reflektif lan refraktif inggih gabunganipun pengalaman nyata lan renungan. Rupinipun teks lésan inggih kados cariyos rakyat, dongèng, mite, riwayat urip tokoh, puisi, nyanyian, doa, lan teka-teki, sarto sumpah-serapah. Sedoyo punika ngemot cerminan pengetahuan, pandangan urip, lan budaya.

Folklor lésan[besut | besut sumber]

Ingkang kasebut folklor lésan inggih :

Folklor dados lésan[besut | besut sumber]

Folklor boten lésan[besut | besut sumber]

Folklor boten lésan punika wonten ingkang awujud barang lan mbote. Ingkang awujud barang, saged arupi:

Ingkang boten awujud barang inggih :

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Danandjaja, James: "Folklore Indonesia-Ilmu gosip, dongèng, dan lain-lain", kaca 1. Grafiti, 1986 Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "Folklore_Indonesia-Ilmu_gosip.2C_dong.C3.A8ng.2C_dan_lain-lain" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. ^ Geertz, Clifford: "The Interpretation of Cultures", kaca 20. Basic Book, 1973

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

  1. Thohir, Mudjahirin. 2009. Metodologi Penelitian Folklor. Semarang: Badan Penerbit Universitas Diponegoro.
  2. http://en.wikipedia.org/wiki/Folklore.
  3. http://www.sas.upenn.edu/folklore/faculty/dbamos/TIOF.html.
  4. http://teguhimanprasetya.wordpress.com.