Menyang kontèn

Sekatèn

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pasar malem parayaan Sekatèn
suwasana sekaten awan

Sekatèn (ꦱꦼꦏꦠꦺꦤ꧀) dijupuk saka tembung syahadatain utawa rong kalimat sahadat, kang duwèni teges salah sawijining upacara adat minangka wujud rasa sukur masarakat Islam Jawa Tengah kang ditindakaké saben sasi Mulud pananggalan Jawa kanggo mengeti lairé Nabi Muhammad[1] saben tanggal 5 sasi Jawa Mulud (Rabiul awal taun Hijrah) anèng alun-alun lor Surakarta lan Yogyakarta. Jaman mbiyèn upacara iki dianggo déning Sultan Hamengkubuwana I, pangadeg Kraton Ngayogyakarta kanggo ngundang masarakat supaya lumebu agama Islam.

Ana upacara Sekatèn iki rerangkèn adicara utawa rantaman kang paling dientèni yaiku metuné gamelan kraton Kyai Nagawilaga lan Kyai Gunturmadu kanggo diunèkake ing Pagongan Masjid Gedhé Kraton Ngayogyakarta. Gamelan iku diarak saka Bangsal/Pendhapa Pancaniti nganti Masjid Gedhé, banjur gamelan Kyai Nagawilaga didèlèhaké ana sisih lor Masjid Gedhe, lan Gamelan Kyai Gunturmadu didèlèhaké ana sisih kidul Masjid Gedhe kanggo ditabuh seminggu suwéné nganti tanggal 11 Sasi Jawa Mulud lan disiaraké anèng dalan Malioboro saéngga nambah swasana budaya Kutha Ngayogyakarta. Pucuk adicara Sekatèn ditandhani kanthi metuné sapérangan gunungan kang ingaran Grebeg Mulud, kang diènèkaké tanggal 12 Sasi Jawa Mulud wiwit jam 08:00 nganti 10:00 WIB, dhasaré kagiyatan iki nggambaraké sedhekahing para ratu marang rakyaté lan nyimbolaké kasejahtraan.[2]

Pengetan Sekatèn dipungkasi kanthi adicara Bedhol Songsong utawi péntas wayang kulit ing pagelaran Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing adicara Sekatèn uga digawé panggung kesenian kang nggelar festival seni tradisi lan religi, lan dianakaké rerangken kagiyatan ékonomi kang diwujudake kanthi pasar rakyat utawa ingaran Pasar Malam Perayaan Sekatèn (PMPS) kang digelar suwéné 40 dina.[2]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]