Angklung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Angklung
Pagelaran angklung

Angklung yaiku piranti musik sing digawé saka pring lan duwé nada multitonal. Diunekake kanthi cara digoyang goyang[1]. Piranti musik iki tinemu déning Bapak Daeng Sutigna sakiwa-tengené taun 1938.[2] Nalika isih wiwitan, angklung mung kanggo kepentingan kesenian lokal atau tradhisional.[2] Ananging amarga swara kang diasilaké merdhu lan duwèni kandhutan lokal lan internasional kayata swara tangga nada duremi fa so la si du lan daminatilada, mula angklung rikat ngrembaka, ora mung digelar ing lokal, nanging uga regionel, nasional lan internasional.[2] Konon kabare, pagelaran angklung wis digelar ana ing sangarepe para pemimpin Nagara ing Konferènsi Asia Afika yaiku ing Gedung Merdéka Bandung taun 1955.[2] Cacahing pemain angklung bisa ngancik 100 wong lan bisa dilarasake karo piranti musik liyané kayata piano, organ, gitar, drum, lan liya-liyané.[2] Saliyané minangka piranti kesenian, angklung uga bisa digunakaké minangka suvenir utawa buah tangan sawisé dihiasi asesoris.[2] Sawisé Daeng Sutigna ora ana, krèasi kesenian angklung diterusaké déning Mang Ujo lan Erwin Anwar.[2] Mang Ujo wis gawé pusat pembuatan lan pengembangan kreasi kesenian angklung kang karan Saung angklung Mang Ujo kang ana ing Padasuka Cicaheum Bandung.[2] Salah siji program kang wis dilakoni kanggo mertahanake kesenian angklung ya iku ngenalake angklung marang para siswa sekolah, wiwit TK, nganti tingkat SLTA lan wis dadi salah sijining kurikulum ing piwulang lokal.[2] Laras (nada) piranti musik angklung minangka musik tradisi Sunda akèh-akèhé yaiku salendro lan pelog.[3] Pérangan-bageyanè angklung ana telu yaiku [4]

  • Tabung Swara
Pérangan kang paling wigati saka Angklung, yaiku tabung swara kang ngasilaké intonasi. Prosès setem bisa ngasilaké intonasi.
  • Kerangka
Kerangka tabung kanggo panggonan ngadeg.
  • Dhasar
Fungsine ya iku kerangka tabung swara.

Nalika tanggal 18 November 2010, angklung resmi dadi warisan budaya donya lan UNESCO.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. www.forumbebas.com (diundhuh tanggal 14 Juli 2011)
  2. a b c d e f g h i www.puncakview.com(diundhuh tanggal 14 Juli 2011)
  3. www.kaskus.us (diundhuh tanggal 14 Juli 2011)
  4. www.angklungisindonesia.com (diundhuh tanggal 16 Juli 2011)
  5. www.uniqpost.com (diundhuh tanggal 16 Juli 2011)

Pranala njaba[besut | besut sumber]