Menyang kontèn

Cangkriman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang. Cangkriman lumrahé kanggo gegojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana warna-warna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, lan blèndèran (plèsèdan). Ana uga wangsalan kang dijawab dhéwé.[1]

Cangkriman iku kapérang dadi papat, yaiku:

  • Cangkriman kang awujud tembung wancahan.
  • Cangkriman kang awujud pepindhan utawa irib-iribing barang.
  • Cangkriman kang ngemu surasa blèndèran.
  • Cangkriman liya-liyané.[1][2]

Cangkriman wancahan

[besut | besut sumber]

Wancah iku tegesé cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun saka gatra kang ana. Contoné:

  1. Pak bo létus. Tepak kebo (ana) léléné satus.
  2. Pakbomba, paklawa, pakpiyut. Tepak kebo amba, tepak ula dawa, tepak sapi ciyut.
  3. Wiwawité, lesbadhongé. Uwi dawa wité, tales amba godhongé.
  4. Pipiru, ndhangdhangmoh, thongthongjur. Sapiné (padha) kuru-kuru, kandhangé (wis) amoh, tléthongé ajur.
  5. Burnas kopen. Bubur panas kokopen.
  6. Pothèl kidi. Tompo cemanthèl kaki wedi.
  7. Rangsinyu muksitu. Jurang isi banyu gumuk isi watu.
  8. Sagara beldhes. Segané pera sambelé pedhes.
  9. Suru bregitu. Asu turu dibregi watu.
  10. Surles pénen. Susur teles pépénen.
  11. Tuwan sinyo. Untu kedawan gusi menyonyo.
  12. Tuwok rawan. Untuné krowok larané ora karuwan.
  13. Wit thiyung. Yèn dijiwit athi biyung.
  14. Wiwawité lesbadhongé jatos lempuk. Uwi dawa wité, tales amba godhongé, jati atos pelem empuk.
  15. Wiwawité lesbadhonge karwapaké. Uwi dawa wité, tales amba godhongé cikar dawa tipaké.
  16. Yu mahé rong, lut mahé ndhut. Yuyu omahé ngerong, welut omahé lendhut.[1]

Cangkriman pepindhan

[besut | besut sumber]

Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané. Contoné:

  1. Sega sakepel dirubung tinggi. Salak.
  2. Pitik walik saba kebon. Nanas.
  3. Emboké wuda, anaké disarungi. Pring lan bung.
  4. Maling papat oyak-oyakan. Undar (piranti kanggo ngikal benang, kalebu praboting tenun).
  5. Gajah nguntal sangkrah. Luweng, keren.
  6. Emboké dielus-elus, anaké diidak-idak. Andha.
  7. Sing endhèk didhudhuki, sing dhuwur diurugi. Timbangan, traju, dhacinan.[1]

Cangkriman blèndèran

[besut | besut sumber]

Cangkriman blèndèran iki sajatiné ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn macané salah. Contoné:

  1. Wong wudunen iku sugih pari.
    • Tembung pari iku cekakaning tembung paringisan (mringis ngrasakaké lara).
  2. Biru bisané dadi wungu dikapakaké?
    • Jawab: digebug
    • Biru = babi turu tegesé cèlèng kang lagi turu lan wungu ing basa Jawa bisa ateges werna ungu utawa tangi turu.
  3. Énak endi iwak kucing karo iwak pitik?
    • Jawab: yèn wong kang ditakoni njawabé énakan iwak pitik, tegesé dhèwèké wis tau niliki/mangan iwak kucing.
  4. Gajah ngidak endhog ora pecah.
    • Jawab: maksudé kang ora pecah iku gajahé.
  5. Suru supaya bisa lumayu dikapakaké?
    • Jawab: digebug
    • Tembung suru iku cekakaning asu turu.
  6. Gajah numpak bécak kétok apané?
    • Jawab: kétok ndobosé
  7. Wong dodol témpé ditalèni.
    • Jawab: maksudé kang ditalèni dudu wongé nanging témpéné. Amerga bakul témpé ing pasar biasané adol témpé dibungkus karo godhong jati utawa godhong gedhang banjur ditalèni karo tutus (tali saka irat-iratan pring).
  8. Wong dodol klapa dikepruki.
    • Jawab: maksudé kang dikepruk dudu wongé nanging klapané. Amerga bakul klapa ing pasar biasané adol klapa kang isih ana kulité lan bakal mecah klapané yèn ana sing tuku.
  9. Wong mati ditunggoni wong mésam-mèsem
    • Jawab: maksudé kang mésam-mèsem dudu kang arep ninggal, nanging wong kang njaga.[1]

Cangkriman kang kacetak wacanan

[besut | besut sumber]

Cangkriman iki rinakit wujud tembang. Tuladha:

  1. Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, péncokanmu wesi miring. Sing disaba, si pucung mung turut kutha (sepur).
  2. Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana (gajah).
  3. Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya (klenthing/jun).
  4. Bapak pucung, angger butuh ngambung-ngambung. Yèn juragan mangan, ngglibet sinambi ngriwuki, yèn wis oleh pucung nggereng karo mangan (kucing).
  5. Bapak pucung, yèn tersinggung adhuh biyung. Bisa ngejur omah, nadyan mobil ora peduli, pucung mendha lamun ta siniram tirta (geni).

Kasusastran

[besut | besut sumber]

Cangkriman wis suwé ngrembaka ing masarakat Jawa. Ing sajeroning kasusastran Jawa, cangkriman akèh kababar ing karya-karya sastra awujud tembang. Contoné yaiku ing carita Sri Maharaja Bérawa (Sri Maharaja Bhirawa) saka Medhang Kamulan. Kacaritakaké yèn cangkriman iki diaturaké déning Sri Maharaja Bhirawa marang Brahmana Kèstu (Bathara Wisnu). Ing isor iki kapacak isi cangkriman kasebut ing sajeroning tembang kawi mawa metrum Prawiralatita:[3]

tuwuh doning mudra tirta = anggèning tumuwuh telenging toya / seta tekèng purwandaya = pethak ingkang wit / mapatra pita laksmita = godhong jenar sumunar / sirang puspa maha rakta = ingkang sekar langkung abrit //

mabapté kang pala kresna = anedheng ingkang woh cemeng / mèsi nandhang mancawarna = isi sesotya amancawarni / masa drasa mata wiswa = raos nem prakawis dados wisa, dados jampi / taman kena risahakna = boten kénging kapisahaken //

Pertalan saka larik tembang ing ndhuwur yaiku bedhèkan babagan tetuwuhan. Titikané yaiku: (1) tuwuh ing sakubengé sumber banyu; (2) wité werna putih; (3) godhongé werna kuning; (4) kembangé werna abang; (5) wohé werna ireng; (6) isiné kaya inten mancawarna.

Seni pagelaran

[besut | besut sumber]

Kethoprak iku salah sawijining seni pagelaran kaloka ing masarakat Jawa. Pagelaran iki minangka sajinising drama kang mitontonaké pacelathoné wong sadina-dina. Pagelaran kethoprak ajeg nyawisaké dhagelan ing sajeroning pacelathoné. Salah siji panyawisan dhagelan ing kethoprak yaiku lumantar cangkriman awujud tembang macapat. Tembang macapat populèr kang dipigunakaké ing cangkriman iku tembang Pocung. Ing isor iki cuplikan tembang Pocung kang dipigunakaké ing pagelaran kethoprak:[4]

  • Bapak pucung badhénen cangkriman ingsun / kidul kono ana / wit-witan kang sarwa pèni / gondhongira kaya asem wohé mirah //
  • Bapak pucung badhénen cangkriman ingsun / ana dhayoh teka / sandhangané gombal lami / lamun lunga si pucung dadi tangisan //
  • Bapak pucung cangkemmu marep mandhuwur / sabamu mring sendhang / pencokanmu lambung kéring / praptèng wisma si pucung mutah kuwaya //
  • Bapak pucung emoh-emoh aku mèlu / kowé dudu rama / rama kudu santa aji / wis kapénak mèlu ibu nèng pratapan //
  • Bapak pucung dudu watu dudu gunung / satriya sing Plémbang / dedegira ageng inggil / yèn lumampah si pucung lémbéhan grana //
  • Liring pucung jron bètèng namburan kampung / kumpulan kathoprak / mudha kacuwa kang nami / gih punika cabanging wasmaya kata //
  • Ngèlmu iku kalakoné kanthi laku / lekasé lawan kas / tegesé kas nyantosani / satya budya pangekesé dur angkara //
  • Bapak pucung isih enom klambi gadhung / yèn satengah tuwa / si pucung klambiné kuning / yèn wis jempo si pucung aklambi abang //
  • Bapak pucung pasar mlathi kidul dhenggung / kricak lor nagara / pasar gedhé loring loji / ménggok ngétan kesasar nyang Gandamanan //
  • Bambu panu kidang alit tanpa sungu / yèn kapencil sira / sun tutuli padha siji / kethèk langking nora étung mulih wuda //
  • Jebulipun wonten klembak kang kampiyun / raosnya mirasa / sedhep arum dhasar manis / gih punika klembak tulèn saking Kroya //
  • Hèh lelembut sira iku ora nyebut / degsura tan tata / enggal minggata si éblis / lamun léna sida krasa tangan ingwang //
  • Dupi sampun muwus mangkana wong agung / alon aturira / maring yayah réna kalih / dhuh tetiyang sêpuh kawula priyangga //
  • Ing panuwun kula mugi-mugi sampun / sami darbé manah / kang rikuh kéwraning budi / salebeting wonten pasamuan arja //
  • Para tamu kang lenggah ngriki sadarum / wus pinèt wong tuwa / marma ingkang mugi-mugi / ngandikana sampun mawi taha-taha //
  • Bapak pucung ngudi kawruh ngèlmu umum / nulis étung maca / anglantih klakuan becik / ora omong ngecemong kang tanpa karya //
  • Péling jantung pan iku péling satuhu / datan darbé karsa / akarya doraning lathi / amung arsa ngucap seca myang prasaja //
  • Warninipun nadyan kadi bapak pucung / yekti tanpa béda / asor luhuring dumadi / awit saking karsaning Hyang kang Misésa //
  • Sigra mabur ing awiyat nyamut-nyamut / éram kang tumingal / pan rupamu kaya anjing / patih dhayak bisa ngambah jumantara //
  • Labah sungguh mèrek rokok modhèl baru / baru saja kluwar / dhari kita punya pabrik / mari sobat minum buwat percobakan //
  • Lekas minum dhari dhuwa satu-satu / rasa sama saja / biru merah tidhak lain / énak sedhap semua arum baunya //
  • Bapak pucung mireng suwaraning lesung / suling lawan terbang / kendhang lir guntur kapyarsi / iyek samya pra mitra ayun uninga //
  • Bapak pucung dudu mega dudu gunung / dawa kaya ula / ancik-ancik wesi miring / lunga teka si pucung ngumbar suwara //[4]

Budaya modhèren

[besut | besut sumber]

Ing éra modhèren iki, cangkriman ajeg tinemu ing buku lan kalawarta cithak basa Jawa. Ing buku-buku pelajaran muatan lokal basa Jawa uga lumrah tinemu cangkriman minangka salah siji materi lan uga minangka tambahan panglipur ing pungkasaning soal-soal uji kompetensi ing buku iku.[5]

Kundha Kabudayan Sléman mbabar kalawarta abasa Jawa kang salah siji isiné arupa cangkriman. Kalawarta iki dibabar kanthi ancas kanggo nglestarèkaké basa lan budaya Jawa, salah sijiné budaya cangkriman.[6]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e Padmosoekotjo, S. (1958). Ngéngréngan Kasusastran Djawa. Jogjakarta: Hien Hoo Sing.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  2. Daryanto (1999). Kawruh Basa Jawa Pepak. Surabaya: Apollo.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  3. Padmasusastra (1925). Serat Warnasari.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  4. a b "Pusaka Jawi" Angka: 3-4, Maret-April 1928. Taun VII. Surakarta: Java Instituut. Maret 1928.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  5. Yatmana, Sudi (2010). Padha Bisa Basa Jawa 1. Jakarta: Yudhistira. ISBN 978-979-092-110-8.{{cite book}}: CS1 maint: url-status (link)
  6. Suara Merdeka (2018-09-28). "Disbud Sleman Luncurkan Majalah Bahasa Jawa". www.suaramerdeka.com. Diarsip saka sing asli ing 2020-07-04. Dibukak ing 2023-02-02.