Wangsalan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jujug: pandhu arah, pados

Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:

  • Nyaron bumbung, nganti cengklungen nggonku ngenteni. (saron bumbung=angklung)
  • Njanur gunung, kadingaren sliramu teka. (janur gunung=aren).

Tuladha sing wujud tembang:

  1. Jirak pindha munggwing wana
  2. Sayeng kaga we rekta
  3. Sinambi kalaning nganggur
  4. Wastra tumrap mustaka
  5. Pangikete wangsalan kang sekar pangkur
  6. Kinarya langen pribadi

Batangane:

  • Jirak pindha munggwing wana = wit kesambi.
  • Sayeng kaga = piranti kanggo nyekel manuk (kala).
  • We rekta kang muroni = iket.
  • Baon sabin = karya.

Jenisé Wangsalan[sunting | besut sumber]

  • Wangsalan lamba ya iku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra sing isi batangané.

Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)

  • Wangsalan rangkep (camboran) ya iku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.

Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula

  • Wangsalan memet ya iku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.

Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, ya iku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.

  • Wangsalan padinan ya iku ana sing nganggo nyebutake batangane, la nana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing pandha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).

Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njagan gori ya iku mbudheg, api-api ora krungu.

  • Wangsalan mawa paungeran tartamtu

Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, ya iku:

Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan : gatra buri 8, isi batangane. Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu.(reca kayu = golek)

Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda ya iku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane. Tuladha:

Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda

Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda

Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya

Wulang wido mangsa rowang = bido

  • Wangsalan edi-peni ya iku wangsalan sing mawa paungeran .
  1. Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
  2. Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
  3. Ukara kang kapisan (ya iku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.

Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.

  • Wangsalan kang sinawung ing tembang ya iku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.

Tuladha: Sinom

Edane wong keneng guna, ambatik sinambi nangis, malam wuntah balabaran, geni mati muring-muring, prembenahan mbrebes mili, gawangan sinendhal putung, ya talah ta si kakang, puluh-puluh awak mami, petis manis wis kudu dadi pocapan.

Petis manis = kecap

  • Wangsalan kang sinawung ing tembang ya iku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake déning pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha manembrama).

Tuladha:

Pangkur Lamba (slendro Pasisirt 9)

Purwaka (buka,Basa)

Kembang adas sumebar ing tengah alas

Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras

Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan

Wiwit gerong sing baku

Lagu gendhing pangkur lamba

Maweh gumirah wardaya

Tur mathuk kinarya aba

Mlaku bareng ulah raga

Balung jagung:maksude janggel

Janggelan = during tetep, isih kudu janji manèh, sendhe, bisa uga wurung.

Tuladha wangsalan ing tembang campursari kangen Kangen Pitung sasi lawase nggonku ngenteni, mung sliramu wong bagus kang dadi ati, rina wengi mung tansah takimpi-impi, jroning ati kangenku setengah mati, jenang gula ya mas ya mbok aja lali, ngelingana rikala jaman semana, sliramu janji aku setya ngenteni, lair batin tresnaku terusing ati, kangen wong kangen ngene-ngene rasane, rindhu-rindhu tambane kudu ketemu, klapa mudha enake kanggo rujakan, leganana aku kang nandhang kasmaran, mbalung janur wong bagus takanti-anti, ngusadani wong kangen kang antuk jampi

  • Carané ngarang wangsalan sing dikarang luwih dhisik, perangan buru (ukara sing isi batangane), banjur ngarang perangan ngarep (ukara sing isi wangsalane). Dadi pangarangé perangan ngarep (ukara kang isi wangsalan) tiba keri.

Delengen Uga[sunting | besut sumber]


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wangsalan&oldid=1044916"