Menyang kontèn

Wangsa Ming

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ming Raya
大明
Kakaisaran
1368–1644
Pernahé Wangsa Ming
Wangsa Ming ing mangsa pamaréntahan Kaisar Yongle
Kutha krajan Nanjing
(1368-1421)
Beijing
(1421-1644)
Basa Mandarin
Agama Buddhisme, Taoisme, Konfusianisme, Kapercayan tradhisional Cina
Pamaréntahan Monarki
Kaisar
 •  1368-1398 Kaisar Hongwu
 •  1627-1644 Kaisar Chongzhen
Mantri
 •  1368-1375 Liu Ji
 •  -1568 Yan Song
 •  1568-1573 Tan Lun
 •  1572-1582 Zhang Juzheng
 •  1621-1625 Ye Xianggao
 •  1625-1627 Zhu Guozhen
Sajarah
 •  Didegaké ing Nanjing 23 Januari 1368 1368
 •  Insidhèn Jingnan Juli 1399
 •  Tibané Beijing menyang tangan Li Zicheng 6 Juni 1644 1644
 •  Runtuhé Ming Kidul April 1662
Laladan
 •  1450 6,500,000 km2 (2,500,000 sq mi)
Cacah wong
 •  Étungan 1393 72,700,000 
 •  1400 est. 65,000,000¹ 
 •  1600 est. 150,000,000¹ 
 •  1644 est. 100,000,000 
Valutah Koin, dhuwit dluwang
Sadurungé
Sawisé
Wangsa Yuan
Wangsa Shun
Wangsa Qing

¹ Adhedhasar prakiran C.J. Peers sajeroning buku Late Imperial Chinese Armies: 1520-1840

Rajawangsa Ming (Hanzi: 明朝, hanyu pinyin: ming chao) (1368-1644) yaiku salah siji saka 2 wangsa kang diyasa déning pambrontakan wong tani sadawané sajarah Cina.[1] Rajawangsa iki yaiku rajawangsaning sukuwangsa Kan (Han) kang pungkasan nguwasani papréntahan sawisé Rajawangsa Song.[1] Nalika taun 1368 Zhu Yuanzhang bisa ngusir bangsa Mongol bali menyang lor lan ngancuraké Rajawangsa Yuan.[1] Dhèwèké ngedegaké rajawangsa Ming (大明國; Dà Míng Guó), kang kutha krajané ana ing Yingtian (saiki Nanjing) sadurungé putrané, Zhu Di, kang dadi kaisar ka-3 mindhahaké kuthagarane menyang Shuntian (saiki Beijing).[1] Yingtian banjur ganti jeneng dadi Nanjing (kuthagara kidul).[1]

Wiwitané Rajawangsa Ming ditengeri kanthi mangsa katentreman lan kamakmuran ana ing pimpinan Hongwu, Zhu Yuanzhang.[1] Bauratu Hongwu banjur nglakokaké réformasi ana ing sistem papréntahan lan birokrasi kanthi cara mbentuk organ birokrasi anyar kang padha déné ngimbanginé kanggo nyegah ngadegé lembaga pamaréntah kang duwé wewenang kang kegedhèn.[1] Dhèwèké uga nglakokaké pambangunan ana ing babagan ékonomi, nyetop kabèh jinis èkspèdhisi militèr kanggo mènèhi rakyat wektu lan ketenangan kanggo nglakokaké tanggung jawabé dhéwé-dhéwé.[1] Kebijakan iki jaya kanthi ditengeri saka paningkatan gunggung populasi nganti tekan 10.650.000 kepala kulawarga utawané 65.000.000 jiwa nalika taun 1393.[1]

Ana ing pungkasaning Rajawangsa Ming, pambrontakan kadaden ana ing nagara iki lan puncaké nalika Beijing bisa direbut déning pambrontak kang dibawahi Li Zicheng.[2] Kakalahan iki njalari Chongzhen nggantungké awak ana ing bukit samburiné Kutha Terlarang.[2] Li kang duwé sengketa karo Wu Sangui nangkep kulawargané kang ana ing Beijing lan njalari Wu gawé kaputusan kanggo nyerah marang suku Mancu kang sabanjuré bisa nelukaké Li Zicheng lan nguwasani Beijing nalika taun 1644.[2]

Sawisé Beijing dikuwasani déning sukuwangsa Mancu, dhèwèké banjur ngedegaké rajawangsa Qing kang dadi pratandha rubuhé rajawangsa Ming.[2] Sisa-sisa kakuwatan kang setya marang Rajawangsa Ming banjur ngungsi menyang Cina sisih kidul lan nerusaké perang kanthi cara kang kapisah.[2] Ana ing sajarah, kakuwatan iki banjur ditepungi dadi Ming Kidul.[2] Ming Kidul banjur bisa diancuraké déning Bauratu Kangsyi (Kangxi) nalika taun 1683.[2]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i "indonesian.cri.cn Dinasti Ming". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-14. Dibukak ing 2011-09-04.
  2. a b c d e f g www.indocina.net Sejarah Dinasti (Yuan, Ming, Song, Sui, Tang, Qing)