Wangsa Qing
Qing Raya | ||||||||||||
大清 | ||||||||||||
Kakaisaran | ||||||||||||
| ||||||||||||
Gendéra (1890–1912)
| ||||||||||||
Antem Gong Jin'ou (1911) | ||||||||||||
Wewengkon kakuwasan Qing Raya ing taun 1820
| ||||||||||||
Kutha krajan | Shengjing (1636–1644) Beijing (1644–1912) | |||||||||||
Basa | Mandarin Basa Manchu | |||||||||||
Pamaréntahan | Monarki | |||||||||||
Kaisar | ||||||||||||
• | 1626–1643 | Huang Taiji | ||||||||||
• | 1908–1912 | Kaisar Xuantong | ||||||||||
Mahamantri | ||||||||||||
• | 1911 | Yikuang | ||||||||||
• | 1911–1912 | Yuan Shikai | ||||||||||
Sajarah | ||||||||||||
• | Pangubahan jeneng saka Jin Akir dadi Qing Raya | 1636 | ||||||||||
• | Panelukan Beijing | 1644 | ||||||||||
• | Pamanunggalan saindhengin dharatan Cina | 1662 | ||||||||||
• | Révolusi Xinhai | 12 Fèbruari 1912 | ||||||||||
Cacah wong | ||||||||||||
• | Étungan 1740 | 140,000,000 | ||||||||||
• | 1776 est. | 311,500,000 | ||||||||||
• | 1790 est. | 300,000,000 | ||||||||||
• | 1812 est. | 360,000,000 | ||||||||||
• | 1820 est. | 383,100,000 | ||||||||||
Valutah | Yuan, Koin Cina | |||||||||||
|
Rajawangsa Cing (Ind: Dinasti Qing) (Aksara Kan: 清朝, Pinyin: Qīng Chao) (1644 - 1911), ditepungi uga minangka rajawangsa Mancu ya iku salah siji saka rong rajawangsa manca kang mréntah ana ing Cina sawisé rajawangsa Yuen Mongol (Ind: Dinasti Yuan Mongol) lan uga rajawangsa kang paling pungkasan ana ing Cina.[1] Manca iku tegese rajawangsa paprenntahan saliya wangsa Kan kang dianggep dadi èntitas Cina ing jaman dhisik.[1] Wangsa iki diyasa déning wong Mansuri saka kulawangsa Aisin Gioro (Pinyin: Aixinjueluo), kang banjur ngadhopsi tata cara papréntahan rajawangsa sadurungé lan digabungaké ana ing Cina.[1]
Mangsa kajayan[besut | besut sumber]
Rajawangsa Cing ana ing kajayané nalika ing sangisoré papréntahan Bauratu Kangsyi (Ind:Kaisar Kangxi) (mréntah taun 1662 - 1722), Yongceng (1723 - 1735) (Ind: Yongzheng) lan Cyenlong (1735 - 1796) (Ind: Qianlong).[1][2] Nalika taun 1661 Bauratu Syunci (Ind:kaisar Shunzhi) tilar donya kanthi umur 24 taun lan digantèkaké déning putra nomer papaté, Aysyincwe'lwo Syuanywe (Ind: Aixinjueluo Xuanyue) kang dadi Bauratu Kangsyi.[1]
Ana ing wiwitan papréntahané, bauratu Kangsyi dibiyantu déning 4 Mantri Wali lan dibimbing déning nininé, Ibusuri Syawcwang.[1] (Ind: Xiaozhuang). Nalika taun 1669, Bauratu Kangsyi bisa nggagalaké rencana salah siji Mantri Waliné, Awbay (Aobai) kang duwé kepénginan kanggo ngraman.[1] Dhèwèké uga bisa ngredhem Pambrontakan Telu Raja Mudha (salah sijiné ya iku Wu Sangui, kang diwènèhi wewengkon lan sesebutan pangéran amarga jasané) lan pambrontakan sukuwangsa-sukuwangsa saka Mongolia.[1] Taywan kang dikuwasani déning kulawarga Ceng (Ind: Zheng) kang setya marang rajawangsa Ming, bisa dikuwasani nalika taun 1683.[1] Prajanjian wewatesan karo nagara Rusiyah uga digawé nalika taun 1689.[1]
Sawisé ditinggal déning bauratu Kangsyi nalika taun 1722, putrané kang nomer papat, pangéran Yong (lair Aysincwe'lwo Yincen (Aixinjueluo Yinzhen) manggoni dhampar dadi Yongceng (Yongzheng).[1] Pamaréntahané diwernani karo sengkéta antarané pangéran, kang ngrasa jumenenge bauratu Yongceng iku amarga ana rékayasa.[1] Bauratu Yongceng ditepungi minangka bauratu kang sregep temandang gawé. Ana ing mangsa papréntahan bauratu Yongceng (Youngzheng) artatataning (Ind: ekonomi) nagara Cing samsaya kuwat.[1]
Cathetan sikil[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |