Kaisar Jiaqing

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kaisar Jiaqing

Kaisar Jiaqing (Hanzi: 嘉庆, 13 Nopember 1760-2 September 1820) iku kaisar Manchu ka-6 lan kaisar Dinasti Qing, Tiongkok ka-5 saka suku Manchu kang kuwasa saka taun 1796 nganti 1820. Nalika pamaréntahan Dinasti Qing mulai mundur amarga pamaréntahane korupsi lan ana bangsa kulon kang ngrusuhi Tiongkok.[1] Nalika taun 1795 Kaisar Qianlong mudun saka kekausaran, banjur Kaisar Jiaqing dadi raja.[2]

Jiaqing lair ing pura Yuanming Yuan (圆明园), Beijing kanthi jeneng Aisin Gioro Yongyan (爱新觉罗永琰). Dhèwèké iku anak nomer 15 saka Kaisar Qianlong karo bojo selir ètnis Han, anak saka pejabat Wei Qingtai. Sawisé mlebu ing pura buri, dhèwèké ganti jeneng dadi Weigiya, salah siji marga saka Manchu, kanthi gelar Selir Ling (令贵妃). Yongyan olèh gelar putra mahkotane nalika taun 1773. Nalika taun 1789 dhèwèké dianugrahi gelar Pangeran Jia.[1]

Yongyan ora seneng karo Heshen, amarga wong tuwane seneng korupsi. Dhèwèké banjur duwé sumpah, arep matèni Heshen en wis dadi kaisar. Oktober 1795, Kaisar Qianlong, kang mimpin wis 60 taun, mundur saka kekaisaran amarga umure wis 80 taun lan kango ngurmati mbahe, Kaisar Kangxi. Qianlong ora gelem ngluwehi Kangxi angone jabat dadi kaisar, Kiangxi anggoné jabat dadi kaisar suwéné 61 taun. Sanajan Yongyan dadi kaisar, nanging Qianlong tetep mimpin pamaréntahan. Kedadean iki katekan nganti taun 1799, nalika Qianlong mati. Sawisé dadi kaisar, Yongyan ngganti karakter kang pisanan saka jenenge dadi kang ejaane padha, Yong.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]