Restorasi Meiji

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Restorasi Meiji dilakoake karo Kaisar Meiji ing taun 1852-1912. Kaisar Meiji iki ugi olèh bantuan saking pira-pira penasehate kanggo gawé dhasar pangyasa ing Jepang ing arah modhèren. Pas wektu iku, Kaisar Meiji 16 taun yuswane, nanging wis olèh kekuasaan saka Shogun Tokugawa (pimpinan paling dhuwur kang wektu iku duwé kuwasa). Reestorasi Meiji iki ngerupakake siji cara saking pemimpin Jepang kanggo nggowo Jepang ing arah kadigdayaan lan kemajuan.

Sajarah[besut | besut sumber]

Pas wektu Kaisar Tokugawa dadi penguasa paling dhuwur “Pulitik Isolasi” ugi terus dilancarake. Pulitik isolasi ya iku siji prinsip nutup diri saka informasi lan kemajuan saking Negara-nagara liya. Prinsip iki dilakoake nganggo cara nutup kabèh-kabèh pelabuhan Jepang saking kapal-kapal asing. Akibate, wong Jepang ora ngerti sitik akèhé ngèlmu kawruh lan kadigdayaane bangsa njaba.

Nanging, peraturan dilarange kapal asing mlebu ora kanggo gawé kapal-kapal Welanda lan Cina. Akhire, kabudayan sing kesebar ing tanah Jepang luwih akèh didominasi saking kebudyaan Cina lan Welanda. Pirang-pirang kabudayan kang mlebu ya iku ajaran saka Cina, antarané Konfusianisme, Buddhisme, seni sastra, kalebu filsafat Cina kang duwé prabawa gedhé kanggo masarakat Jepang.

Akhire, sawisé Kaisar Meiji munggah singgasana, wiwit diwangun anané Restorasi Meiji iki. Ana pira-pira pembeda antara sadurungé Kaisar Meiji munggah singgasana karo sawisé munggah singgasana. Antarane ya iku punjer pamerintahane Negara Jepang dipindah menyang Tokyo. Ing tangga; 6 April 1868, Kaisar Meiji ngucap sumpah ing ngarepane daimyo lan petinggine Jepang (aristokrat). Sumpah iki dadi awalane Jepang wiwit nggawe sistem kang luwih terbuka lan luwes.

Restorasi Meiji iki duwé pira-pira aji, kang ing basa Jepang diarani “Gokajo no Goseimon”. Gokajo no Goseimon iku duwé lima pasal, antarané ya iku:

  1. Dewan musyawarah bakal diwangun sakluwas-luase, lan sekabehane kebijakan bakal ditentuake ing jerone musyawarah.
  2. Golongan kang dhuwur lan paling ngisor kudu nyatu ing dalem ngelaksanaake rencana-rencana bangsa Jepang.
  3. Kabèh punggawa sipil lan militèr kalebu rakyat diolehake duwé gegayuhan lan ngewujudake cita-citane iku.
  4. Adat istiadat ing mangsa biyèn kang ora saé kudu ditinggalake, diganti asas kang luwih adil lan lumrah.
  5. Elmu kawruh kudu diluru ing sekabehane donyo kanggo ningkatake kesejehteraan manungsa ing Jepang.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Buku Sajarah gawéan Leo Agung