Keshogunan Tokugawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Lambang kulawarga (kamon) klan Tokugawa

Keshogunan Tokugawa (徳川幕府 Tokugawa bakufu?, 16031868) utawa Keshogunan Edo (Edo bakufu) iku pamaréntahan diktator militèr feodalisme ing Jepang kang diyasa déning Tokugawa Ieyasu lan kanthi turun temurun dibawahi shogun kulawarga Tokugawa. Sajeroning periode historis Jepang, mangsa pamaréntahan Keshogunan Tokugawa karan jaman Edo, amarga kutha krajan ana ing Edo kang saiku karan Tokyo. Keshogunan Tokugawa mréntah saka Pura Edo tekan Restorasi Meiji.

Keshogunan Tokugawa iku pamaréntahan diktator militèr katelu lan pungkasan ing Jepang sawisé Keshogunan Kamakura lan Keshogunan Muromachi. Keshogunan Tokugawa diwiwiti nalika tanggal 24 Maret 1603 kanthi pangangkatan Tokugawa Ieyasu minangka Sei-i Taishōgun lan rampung nalika Tokugawa Yoshinobu mbalèkaké kakuwasaan marang tangan kaisar (Taisei Hōkan) nalika tanggal 9 November 1867.

Pamaréntahan kashogunan Tokugawa suwéné 264 taun diarani jaman Edo utawa jaman Tokugawa. Periode pungkasan Keshogunan Tokugawa kang diwernani karo maraké obahan kanggo nggulingaké keshogunan Tokugawa ditepungi kanthi aran Bakumatsu.

Oda Nobunaga lan panerusé Toyotomi Hideyoshi arupa pamimpin Jepang ing jaman Azuchi Momoyama kang kasil ngedegaké pamaréntah pusat sawisé kasil manunggalaké provinsi-provinsi ing jaman Sengoku. Sawisé Peperangan Sekigahara ing taun 1600, kakuwasaan pamaréntah pusat direbut déning Tokugawa Ieyasu kang ngrampungaké prosès panggentènan kakuwasaan lan olèh gelar Sei-i Taishōgun ing taun 1603. Tokugawa Ieyasu sabeneré ora nyukupi syarat minangka shogun amarga dudu keturunan klan Minamoto. Supaya syarat utama dadi shogun kacukupi, Ieyasu malsokaké garis keturunané dadi keturunan klan Minamoto supaya bisa diangkat dadi shogun. Keturunan Ieyasu kanthi turun-temurun dadi shogun lan kepala pamaréntahan tekan dumadiné Restorasi Meiji.

Ing mangsa Keshogunan Tokugawa, rakyat Jepang dipérang miturut sistem kelas dhedhasar pamérangan kelas kang diripta Toyotomi Hideyoshi. Kelas samurai ana ing hirarki paling dhuwur, sabanjuré wong tani, pengrajin lan pedagang. Pambrontakan asring dumadi amarga pamérangan sistem kelas kang kaku lan ora mungelaké wong kanggo pindhah kelas. Pajek kang disangga wong tani gunggungé mesthi tetep ora métungké inflasi. Samurai kang nguwasani lemah kudu nanggung akibaté, amarga gunggung pajek kang kasil diklumpukaké saya suwé pangajiné saya kurang. Paslisihan bab pajek asring njalari pasulayan antarané wong tani sugih lan kalangan samurai kang kinurmatan nanging kurang makmur. Pasulayan asring njalari karusuhan lokal nganti pambrontakan mawa skala gedhé kang lumrahé bisa rikat dileremaké. Golongan anti keshogunan Tokugawa malah saya tambah kuwat sawisé keshogunan Tokugawa njupuk kawicaksanan kanggo nyekutu karo kekuwatan asing.

Sawisé kalah sajeroning Perang Boshin kang puncaké ing Restorasi Meiji, keshogunan Tokugawa kasil dibrukké persekuthuan kaisar karo sapérangan daimyo kang duwé prabawa. Keshogunan Tokugawa kanthi resmi rampung sawisé shogun Tokugawa kaping 15 kang jenengé Tokugawa Yoshinobu mundur lan kakuwasaan dibalèkaké marang tangan kaisar (Taisei Hōkan).

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Keshogunan lan wewengkon han[besut | besut sumber]

Pratélan shogun klan Tokugawa[besut | besut sumber]

  1. Tokugawa Ieyasu (1543–1616), kuwasa taun: 1603–1605
  2. Tokugawa Hidetada (1579–1632), kuwasa taun: 1605–1623
  3. Tokugawa Iemitsu (1604–1651), kuwasa taun: 1623–1651
  4. Tokugawa Ietsuna (1641–1680), kuwasa taun: 1651–1680
  5. Tokugawa Tsunayoshi (1646–1709), kuwasa taun: 1680–1709
  6. Tokugawa Ienobu (1662–1712), kuwasa taun: 1709–1712
  7. Tokugawa Ietsugu (1709–1716), kuwasa taun: 1713–1716
  8. Tokugawa Yoshimune (1684–1751), kuwasa taun: 1716–1745
  9. Tokugawa Ieshige (1711–1761), kuwasa taun: 1745–1760
  10. Tokugawa Ieharu (1737–1786), kuwasa taun: 1760–1786
  11. Tokugawa Ienari (1773–1841), kuwasa taun: 1787–1837
  12. Tokugawa Ieyoshi (1793–1853), kuwasa taun: 1837–1853
  13. Tokugawa Iesada (1824–1858), kuwasa taun: 1853–1858
  14. Tokugawa Iemochi (1846–1866), kuwasa taun: 1858–1866
  15. Tokugawa Yoshinobu (Keiki) (1837–1913), kuwasa taun: 1867–1868

Tokoh misuwur sajeroning keshogunan Tokugawa:

Pirsanana uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]