Prangko

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Prangko One Penny

Prangko ing basa latin diarani franco.[1] Prangko ya iku kertas kang ana duwé lém ing pérangan mburi, béntuké kothak lan ana gambaré.[1] Prangko gunané kanggo bukti yèn wis nglakokaké transaksi ing layanan jasa pos kaya ta ngirim surat utawa layang.[1] Prangko ditémpélaké ing amplop, kertu pos, utawa barang pos liyané sadurungé dikirim.[1] Pembayaran nggunakaké prangko dadi cara mbayar kang paling populèr yèn kabandingaké cara liyané, kaya ta nggunakaké aerogram.[1] Prangko kang sepisanan dipublikasékaké tanggal 1 Mèi 1840 ing Karajan Manunggal.[1] Nalika iku prangko dadi réformasi pos kang dikenalké karo Rowland Hill.[1] Nganti saiki Karajan Manunggal éntuk perlakuan mirunggan, nagara iki dadi siji-sijiné nagara kang ora perlu ncantumaké jeneng nagara ing prangko.[1]

Prangko wujudé kertas kang ana gambaré kang diterbitake karo nagara, ing mburiné ana lim kanggo némplékaké.[2] Ing pérangan ngarep ana tulisan rega kang dadi biaya kanggo ngirim pos.[2] Kanthi némpélaké prangko tegesé béaya kiriman iku wis dilunasi kang ngirim surat lan kang dadi imbalané ya iku pos duwé kawajiban kanggo ngirimaké layang iku ing alamat kang dadi ancasé.[1]

Kagiyatan surat-suratan lam sistem kanggo ngeposké sabenere wis ana nalika durung ana prangko.[2] Saben pamaréntah yasa sarana lan prasarana kanggo nyukupi kebutuhan perposan.[2] Kaya ta Jalan Raya Anyer-Panarukan kang diyasa déné gubernur jenderal Indhiya Nèderlan kang jenengé Herman Willem Daendels kaloka kanthi jeneng Jalan Pos Raya.[1]

Prangko gambaré panggonan kang duwé sajarah, gambar wong, lan gambar prastawa kang wigati.[2] Pernikahan William-Kate uga digawé ing gambar prangko déné pamaréntah Kanada.[2]

Sajarah Prangko[besut | besut sumber]

Prangko kang pisanan minangka asil pikire Sir Rowland Hill kang dibabarake ing Inggris nalika tanggal 6 Mèi 1840, lan minangka prangko pisanan ing donya. Prangko iku duwé tetandha:

  • Ana gambar sirahé Ratu Victoria.
  • Dicithak kanthi warna ireng.
  • Ana tembung postage ing pérangan dhuwuré.
  • Ana tembung one penny ing pérangan ngisore.

Amarga mangsine kang wernane ireng lan tulisan one penny kang nguduhake regane, prangko iku banjur kaloka déning masarakat amba kanthi sesebutan The Penny Black.

Ana carita nalika wetuné pamikiran kanggo mbabarake prangko déning Sir Rowland Hill. Ing sawijining dina ana tukang pos kang ngeterake layang menyang bocah wadon. Sawisé diamat-amati kanthi teliti, bocah wadon iku marani tukang pos iku mau lan mbalikake layange. Dhèwèké ora gelem mbayar prabeya pangiriman layang amarga ora nduwé dhuwit. Sir Rowland Hill nyedhaki bocah wadon iku kanthi nakoni kenapa ora gelem nampa layang iku. Ing layang saka pacare iku ana pirang-pirang tanda/kodhe kang mung dimangerteni déning wong loro iku. Tanpa mbuka isi layange, bocah wadon iku ngerti apa isiné. Kaya mangkene kang nggawe Sir Rowland bingung, amarga yèn kaya mangkene asring kedaden mula dinas pos bakalan rugi lan misakake nasibe para karyawan-karyawane. Saliyané prakara iku, kang nggawe Sir Rowland mikirake prangko ya iku nalika ketika Sir Rowland nyinaoni babagan pajeg lan ngèlmu administrasi, sarta ngamat-amati perkembangan sosial ékonomi ing Inggris nalika iku.

Ing taun 1930, nalika Inggris dadi nagara indhustri, transportasi ngalami kemajuan. Rel sepur wiwit diyasa, wiwit saka kulon nganti tekan wétan, saka lor nganti tekan kidul. Nalika iku Rowland Hill mikirake kapiyé carané supaya ngéntukake dhuwit kanggo kaskarajan saka pajeg kirim-kiriman layang. Pikiran Rowland Hill uga diganggu karo piwenehan hak kanggo anggota Majelis Rendah lan Majelis Tinggi ing sajeroning parlemèn supaya bisa ngirim layang kanthi ora mbayar lan tanpa wates. Saliyané iku, sistem pembayaran prabeya déning sing nampa uga ngrugikake dinas pos. Déning Rowland Hill dianggep boros lan ngrugikake kas kraton.

Mula ing taun 1837 Rowland Hill usul menyang parlemèn, kang isiné ya iku.

  • Prabeya ngirim layang kudu didhunake, kanthi mudhune prabeya ngirim layang, cacahé layang kang dikirim bakalan tambah akèh.
  • Supaya masarakat bisa asring kirim-kiriman layang, perlu ditetapake rega pos kang padha.
  • Supaya ora ana penyalahgunaan prabeya kirim-kiriman layang, prabeya kudu dibayar ing ngarep kanthi nemplekake kertas tandha pelunasan kang saiki kaloka kanthi prangko.

Ing pisanan, pamikiran iki ditentang déning Parlemèn. Nanging patang taun sawisé iku, ing taun 1840 usule Rowland Hill ditampa déning Parlemèn.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j indonesianewsonline.com(dipunundhuh tanggal 17 Juni 2011)
  2. a b c d e f internasional.kompas.com(dipunundhuh tanggal 17 Juni 2011)