Layang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kothak kanggo ngeposké layang ing Indonésia.

Layang iku lumrahé arupa dluwang sing tinulisan dikirimaké minangka gantiné rerembugan. Ananging layang uga bisa ateges buku sing ngamot carita lan sapanunggalané.

Warna-warnané layang:

  • Layang biwara.
  • Layang Iber-iber (Layang Kiriman).
  • Layang Dhawuh.
  • Layang Ulem.
  • Layang Lelayu,
  • Layang Pribadi lan sapanunggalané.

Perangané layang[besut | besut sumber]

1. Papan panggonan lan titi mangsa, mratélaké papan kutha lan titi wanci panulisé layang.

2. Adangiyah (adawiyah). Mratélaké unggah-ungguhing basa paprenahé kang kirim layang marang kang arep dikirimi layang, marang kanca sadulur sapantaran, utawa marang kaprenah tuwa, umpamané pakdhé budhé.

3. Pambuka (bebuka). Karepe kanggo mbukak utawa miwiti layang. Ing padatan anelakaké awèh atur kabar kaslametan kasarasan lan katentreman.

4. Isi (surasa basa). Mratélaké apa sajatiné isi layang.

5. Panutup (wasana basa). Panutup isi adaté pangajap, pangarep arep kang ana gegayutan karo isi layang.

6. Titi mangsa (titi wanci).

7. Peprenahan. Paprenahan iki karepe katulis ing layang marang kang dikirimi layang.

8. Tapak asma.

Adangiyah nelakake, unggah-ungguhing layang.

1. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawa menyang sapadha-padha kang perlu diajeni.

2. Salam taklim, marang sadulur enom, utawa menyang sapepadhané.

3. Ingkang salam, marang sadulur enom kang perlu diajeni, amarga pangkaté luwih dhuwur.

4. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang wong enom kang diajeni.

5. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang anak putune dhéwé utawa sing karengkuh kaya anaké dhéwé. 6. Ingkang sembah, saka wong cilik marang para luhur, nadyan pangkate padha. 7. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.

8. Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom marang wong tuwané dhéwé, upamané: Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang kakunge.

9. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang diajeni (dibekteni), umpamané: marang ipene kang kaprenah tuwa.

10. Sembah sujud, saka kawula marang Gustine Pamuji, upamané: karengga sagunging kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan sapituruté. Iku kabèh, satemene mung owah-owahan saka kang mau ing dhuwur mau. Amarga ana pakèwuhé anggoné arep nandukaké unggah-ungguh.

Tuladha[besut | besut sumber]

Gatekna tuladha layang ing ngisor iki:

Salatiga, 10 januari 2009

Pangabekti kula Katur éyang kakung Wirga Martono ing margi sukarna hata 5 Sragen

Nuwun wiyosipun sareng serat punika ingkang wayah nyaosi pirsa, bilih kawontenanipun ingkang wayah dalah bapak ibu ing Salatiga tansah ginanjar wilujeng. mugi-mugi kasugenganipun éyang kakung sabrayat tansah mekatena ugi Kajawi punika nyaosi pirsa, bilih paringan serat éyang sampun ingkang wayah tampi. Ingkang wayah punapa déné bapakl ibu sami bungah déné éyang sampun kondur kanti wilujeng Salajengipun nyaosi pirsa, bilih liburan mangke bapak ibu punapa déné ingkang wayah badhé sowan éyang. Sokur saged sinambi ningali musium Sangiran, dateng kraton Surakarta, ningali tetilaripun para raja.

Ing wasana cekap samanten aturipun ingkang wayah. Sedaya kalepataning atur punapa déné kiranging, suba sila nyuwun pangapunten.

Ingkang wayah Sukartini

Margi Dipanagara angka 136