Muhammad Yamin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Muhammad Yamin
Mohammad Yamin Nasional 19 Jul 1960 p2.JPG
Mantri Penerangan 14
Linggih
6 Maret 1962 – 13 November 1963
Présidhèn Soekarno
Kang sadurungé Maladi
Kang sawisé Roeslan Abdulgani
Mantri Wiyata Nasional Indonésia 8
Linggih
30 Juli 1953 – 12 Agustus 1955
Présidhèn Soekarno
Kang sadurungé Bahder Djohan
Kang sawisé R.M. Suwandi
Mantri Kehakiman Republik Indonesia 6
Linggih
27 April 1951 – 3 April 1952
Présidhèn Soekarno
Kang sadurungé Wongsonegoro
Kang sawisé Lukman Wiriadinata
Rerincèn dhiri
Lair (1903-08-24)Agustus 24, 1903
Nèderlan Sawahlunto, Sumatra Kulon, Hindia Nèderlan
Pati Oktober 17, 1962(1962-10-17) (umur 59)
Indonésia Jakarta, Indonésia
Bangsa Indonésia
Agama Islam

Mr. Prof. Mohammad Yamin, S.H. inggih punika sastrawan, sejarawan, budayawan, pulitikus, lan ahli ukum ingkang diurmati minangka Pahlawan nasional Indonésia.[1] Mohammad Yamin miyos ing Talawi, Sawahlunto Sumatra Kulon surya kaping 24 Agustus 1903 lan séda ing Jakarta, 17 Oktober 1962 ing yuswa 59 taun.[1] Layonipun kasarékaken ing Talawi, Sawahlunto, Sumatra Kulon.[2]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Mohammad Yamin putranipun Usman Baginda Khatib lan Siti Saadah.[1] Bapanipun patutan nembelas, saking garwa gangsal.[1] Samangké sedherekipun kathah ingkang dados intelektual sukses.[1] Sedherek-sedherekipun Yamin inggih punika: Muhammad Yaman, guru ; Djamaluddin Adinegoro, wartawan ; lan Ramana Usman, pelopor korps diplomatik Indhonésia.[1] Kajawi punika Mohammad Amir, inggih punika sepupunipun, dados tokoh owahan kemerdekaan Indonésia.[1]

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Yamin sinau ing Hollandsch-Inlandsche School (HIS) Palembang, lajeng nglajengaken ing Algemeene Middelbare School (AMS) Yogyakarta.[2] Ing AMS Yogyakarta, piyambakipun miwiti sinau sujarah purbakala lan manéka warna basa kados ta Yunani, Latin, lan Kaei. Nanging sasampunipun tamat, kekarepan kanggé nglajengaken pendhidhikan menyang Leiden, Walanda dipunsandekaken amargi bapanipun séda. Piyambakipun lajeng nglampahi kuliah wonten ing Recht Hogeschool utawa RHS.[2] RHS sapunika dados Fakultas Hukum Universitas Indonésia. Yamin kasil angsal gelar Meester in de Rechten utawa Sarjana Hukum nalika taun 1932. Piyambakipun krama kaliyan Radèn Ajeng Sundari Mertoatmadjo. Salah satunggaling putranipun inggih punika Rahadijan Yamin.[3]

Pulitik[besut | besut sumber]

Karier pulitik Yamin dipunwiwiti nalika piyambakipun taksih dados mahasiswa ing Jakarta. Nalika samanten piyambakipun ndhèrèk organisasi Jong Sumatranen Bond lan ndamel ikrah Sumpah Pemuda ingkang dipunwaos ing Konggrès Pemuda II. Ing salebeting ikrar mau, piyambakipun netepaken Basa Indhonésia, ingkang saking Basa Malayu, minangka basa nasional Indhonésia. Lumantar organisasi Indonésia Muda, Yamin ngupayakaken Basa Indhonesia supaya dados piranti persatuan. Saksampunipun kamardhikan, Basa Indhonésia dados basa resmi sarta basa ingkang utama ing kasusastran Indhonésia.

Taun 1932, Yamin angsal gelar sarjana ukum. Piyambakipun nyabut damel wonten ing pérangan ukum ing Jakarta ngantos taun 1942. Ing taun 1942, Yamin ugi mlebet anggota Partindo. Saksampunipun Partindo bubar, piyambakipun mandhégani Gerakan Rakyat Indonésia (Gerindo) sareng kaliyan Adenan Kapau Gani lan Amir Sjarifoeddin. Taun 1939, piyambakipun kapilih minangka anggota Volksraad.

Nalika pendhudhukan Jepang (1942-1945), Yamin gadhah tugas ing Pusat Tenaga Rakyat (PUTERA), inggih punika organisasi nasionalis ingkang disokong saking pamaréntah Jepang. Ing taun 1945, piyambakipun kapilih minangka anggota Badan Penyelidik Usaha Persiapan Kemerdekaan Indonésia (BPUPKI). Ing sidang BPUPKI, Yamin gadhah peran ingkang kathah. Piyambakipun gadhah panemu bilih hak asasi manungsa saged dipunlebetaken ing konstitusi nagara. Piyambakipun ugi ngusulaken supados ingkang kalebet laladan Indhonesia pasca-kemerdekaan kados ta Sarawak, Sabah, Ujung Malaya, Timor Portugis, sarta sadaya papan Indhiya Nèderlan. Soekarno minangka anggota BPUPKI sarujuk kaliyan penemunipun Yamin. Saksampunipun kamardhikan, Soekarno dados Présidhèn Republik Indhonesia ingkang kaping satunggal, lan Yamin dilantik ing kalenggahan ingkang wigatos ing pamaréntahanipun.

Saksampunipun kamardhikan, kalenggahan ingkang naté dipunlenggahi Yamin inggih punika anggota DPR wiwit taun 1950, Mantri Kehakiman (1951-1952), Mantri Pengajaran, Wiyata, dan Kebudayaan (19531955), Mantri Urusan Sosial dan Budaya (1959-1960), Ketua Dewan Perancang Nasional (1962), lan Ketua Dewan Pengawas IKBN Antara (19611962).

Nalika lenggah dados Mantri Kehakiman, Yamin miyosaken tahanan pulitik ingkang dikunjara tanpa prosès pangadilan, tanpa grasi lan remisi. Piyambakipun miyosaken 950 tahanan ingkang dicap kuminis utawa sosialis. Amargi kabijakan kasebat, piyambakipun dikritik anggota-anggota DPR. Nanging Yamin wantun tanggel jawab. Nalika lenggah dados Mantri Pengajaran, Pendhidhikan, lan Kabudayan, Yamin njurung miyosaken univesitas-universitas nagari lan swasta ing Indhonesia. Universitas ingkang jumeneng inggih punika Universitas Andalas ing Padang, Sumatra Kulon.

Kasusastran[besut | besut sumber]

Mohammad Yamin miwiti karier minangka panyerat ing dekade 1920-an nalika donya sastra Indhonésia ngrembaka.[4] Karya-karya ingkang kaping satunggal dipunserat nganggé basa Malayu ing jurnal Jong Sumatera, ya iku salah satunggaling jurnal kang nganggé basa Walanda ing taun 1920. Karya-karya ingkang paling énggal taksih memper kaliyan basa Malayu Klasik. Ing 1922, Yamin miwiti dados juru gurit kanthi geguritan ingkang irah-irahanipun Tanah Air. Tegesipun tanah air ingkang dipunkersakaken inggih punika Minangkabau ing Sumatera. Tanah Air inggih punika kempalan geguritan modhèren Malayu ingkang dipunterbitaken kaping satunggal. Kempalan geguritan Yamin ingkang kaping kalih inggih punika Tumpah Darahku ing 28 Oktober 1928. Karya punika wigatos sanget ing babagan sujarah, amargi nalika samanten Yamin lan sakanca mutusaken ngurmati satunggal tanah air, satunggal bangsa, lan satunggal basa Indhonesia kang manunggal. Dramanipun, Ken Arok lan Ken Dedes ingkang dhedhasar sujarah Jawa ingkang miyos ing taun ingkang sami. Tahun 1956 piyambakipun nyetak buku Atlas Sajarah lan Lukisan Sajarah, ingkang dipunterbitaken déning Penerbit Djambatan Jakarta surya kaping 17 Agustus 1956 [5]

Karya-karyanipun[6][besut | besut sumber]

  • Geguritan
    • Indonésia, Tumpah Darahku, Jakarta: Balai Pustaka, 1928. (kempalan)
  • Drama
    • Ken Arok dan Ken Dedes, Jakarta: Balai Pustaka, 1934
    • Kalau Déwa Tara Sudah Berkata. Jakarta: Balai Pustaka, 1932
  • Pertalan
    • Julius Caesar karya Shakspeare, 1952
    • Menantikan Surat dari Raja karya R. Tangore, 1928
    • Di Dalam dan di Luar Lingkungan Rumah Tangga karya R. Tigore, t.th
    • Tan Malaka. Jakarta: Balai Pustaka,1945
  • Sajarah
    • Gadjah Mada, Jakarta: 1945
    • Sajarah Pangerah Dipenogoro, Jakarta: 1945

Pangaji-aji[besut | besut sumber]

  • Bintang Mahaputra RI, tanda pangaji-aji tertinggi saking Présidhèn RI kanggo jasa-lelabuhané ing nusa lan bangsa
  • Tanda pangaji-aji sakinh Corps Pulisi Militer minangka pangripta lambang Gajah Mada lan Panca Darma Corps
  • Tanda pangaji-aji Panglima Kostrad kanggo lelabuhané nyipta Petaka Komando Strategi Angkatan Darat

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g www.profil.web.id: Profil Biodata Biografi Mohammad Yamin (dipunundhuh tanggal 12 Pebruari 2013)
  2. a b c profil.merdeka.com: Muhammad Yamin (dipunundhuh tanggal 21 Pebruari 2012)
  3. badanbasa.kemdikbud.go.id: Muhammad Yamin (diakses tanggal 21 Fèbruari 2012)
  4. www.g-excess: Biografi Mohammad Yamin (dipunundhuh tanggal 21 Pebruari 2012)
  5. news.okezone.com:Posisi M Yamin dalam Sejarah Indonésia (dipunundhuh tanggal 4 Maret 2012)
  6. nttuweb.com:Mohammad Yamin || Kumpulan Karya Mohammad Yamin(dipunundhuh tanggal 4 Maret 2012)


Pranala njaba[besut | besut sumber]