Timor Portugis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Timor Portugis
Timor Português
Koloni Kamaharajan Portugal
1702–1975
Flag
Flag
Coat of arms
Coat of arms
Timor Portugis mawa wates kukuhan taun 1869.
Kutha krajan Lifau (1702-1769)
Dili (1769-1975)
Basa Tetum, Portugis, Malayu
Pamaréntahan Koloni
Kapala nagara
 •  Ratu
1515–1521

Manuel I (kapisan)
 •  1908-1910 Manuel II (pungkasan)
 •  Présidhèn
1910-1911

Teófilo Braga (kapisan)
 •  1974-1975 Francisco da Costa Gomes (pungkasan)
Gubernur
 •  1702–1705 António Coelho Guerreiro (kapisan)
 •  1974–1975 Mário Lemos Pires (pungkasan)
Sajarah
 •  Kolonisasi 1702
 •  Invasi Indonésia 7 Dhésèmber 1975
 •  Kamardikan Timor Wétan 20 Mèi 2002
Valutah Pataca Timor (PTP)
Escudo Timor (PTE)
Sadurungé
Sawisé
Timor Prakolonial
Timor Wétan
Timor Timur
Saiki dadi péranganing  Timor Wétan

Timor Portugis iku jeneng kanggo Timor Wétan nalika isih dikendhalèni Portugis. Sasuwéné jaman iku, Pulo Timor kapérang dadi rong wewengkon, ya iku wewengkon Portugis lan wewengkon Indhiya Nèderlan.

Wong Éropah pisanan sing nekani wewengkon iki ya iku wong Portugis nalika taun 1515.[2] Biyarawan Dhominika mapan ing pulo iki nembé ing taun 1556. Rikala taun 1702, wewengkon iki dikukuhaké dadi koloni Portugis. Nalika dumadi dhékolonisasi tumraping pulo iki sing kawiwitan ing Lisbon, Indonésia nuli manggoni Timor Wétan ing taun 1975. Sanadyan mangkono, upaya invasi lan anèksasi déning Indonésia iku ora diakoni déning nagara-nagara liya. Mulané, Timor Portugis resminé ana tekan mardikané Timor Wétan ing taun 2002.

Kolonialis wiwitan[besut | besut sumber]

Sadurungé wong Éropah teka nguwasani, Pulo Timor iku pérangan jalur dagang sing dawané saka Indhiya tekan Cina lan ing sajeroné kalebu wewengkon Nusantara. Pulo iki gumantung kayu cendhana minangka komodhitasés sing baku.[3] Wong Éropah sing pisanan nekani laladan iki ya iku wong Portugis nalika wiwitan abad ping enem belas, nuli wong Walanda nalika pungkasan abad ping enem belas. Péhak loro iku teka saperlu ngluru Kapuloan Rempah-Rempah Maluku sing kondhang kala samana. Ing taun 1515, wong Portugis pisanan ndharat ing cedhaké Pasisir Makasar saiki.[butuh sitiran] Sudagar-sudagar Portugis ngèkspor kayu cendhana saka pulo iki lan njalari wité nyaris cures.[2] Ing taun 1556, kaum biyarawan Dhominika ngukuhaké Désa Lifau.

Ing taun 1613, wong Walanda njupuk kendhali iring kulon pulo iki.[2] Telung abad candhaké, wong Walanda nuli nguwasani Kapuloan Indonésia kajaba iring wétan Pulo Timor sing nuli dadi Timor Portugis.[3] Wong Portugis nepungaké jagung minangka tuwuhan pangan déné kopi minangka tuwuhan èkspor. Aturan pajeg lan tata buruh ing Timor uga lumaku. Sajeroning pranatan iku pajeg dibayaraké sarana mburuh lan dum-duman kopi saha tuwuhan cendhana. Wong Portugis uga nepungaké gagasan ngenani prajurit upahan marang bebrayan Timor. Lumantar iku, lurah-lurah Timor kapatah dadi wadya Portugis saperlu merangi golongan-golongan ètnik liya. Disaranani bedhil Portugis, wong Timor akèh sing malih dadi gurma menjangan lan tukang pasok sungu menjangan sing dièkspor ndhelik-ndhelik.[4]

Wong Portugis uga nepungaké agama Katulik Roma, aksara Latin, mesin pangecapan, lan pamulangan formal ing Timor Wétan.[4] Ing jaman iki, rong golongan wong uga kawujud sajeroning bebrayan Timor Wétan, ya iku wong Portugis lan wong Topas. Basa Portugis ditepungaké kanggo urusan gréja lan nagara. Wong Asia Portugis racaké nganggo basa Mlayu saliyané basa Portugis.[4] Sajeroning pranatan kolonial, kawarganagaran Portugis bisa dipikolèh déning wong lanang sing bisa basa Portugs, melèk aksara, lan nggilut agama Katulik Roma. Nalika taun 1970, ana wong Timor Wétan cacah 1.200 sing sapérangan gedhé saka kalangan ningrat lan warga Dili utawa warga kutha gedhé liya sing kasil mikolèh kawarganagaran Portugis. Tumapak pungkasaning pamaréntahan kolonial ing taun 1974, 30 persèn wong Timor wis nggilut agama Katulik Roma, déné sapérangan gedhé liyané isih manembah marang hyang siti lan akasa.[4]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. Flags of the World
  2. a b c West 2009, k. 198.
  3. a b Schwarz 1994, k. 198.
  4. a b c d Taylor 2003, k. 379.

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Schwarz, A. (1994). A Nation in Waiting: Indonesia in the 1990s. Westview Press. ISBN 1-86373-635-2. 
  • Taylor, Jean Gelman (2003). Indonesia: Peoples and Histories. New Haven and London: Yale University Press. ISBN 0-300-10518-5. 
  • West, Barbara A. (2009). Encyclopedia of the Peoples of Asia and Oceania. Infobase Publishing. ISBN 0-8160-7109-8. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]