Semar mendem

Semar mendem inggih menika salah satunggaling jajanan peken khas Jawa Tengah ingkang dipundamel saking wos ketan. Wujudipun kados lemper, nanging ingkang bédakaken inggih manawi lemper ayam punika dipunwungkus kaliyan ron gedhang, déné semar mendem dipunwungkus mawi sak lembar tigan dadar ingkang dipundamel tipis-tipis.[1]
Bahan-bahan dhasaripun
[besut | besut sumber]Bahan-bahan dhasar kanggé damel semar mendem ing antawisipun inggih punika kados makaten:[2]
Bahan wosipun
[besut | besut sumber]Bahan-bahan wosipun kanggé damel semar mendem ing antawisipun inggih punika kados makaten:[2]
Bumbu-bumbunipun
[besut | besut sumber]Bahan bumbu kanggé damel semar mendem ing antawisipun inggih punika kados makaten:[1]
Bahan-bahan kulitipun
[besut | besut sumber]Bahan-bahan kanggé damel kulit semar mendem ing antawisipun inggih punika kados makaten:[1]
Caranipun damel
[besut | besut sumber]Caranipun damel wosipun semar mendem inggih punika kados makaten [1]:
- Daging ayam dipunsuwiri lejeng dipuniris ngantos alus.
- Sedaya bumbu dipungongso rumiyin ngantos gandanipun arum, lajeng dipunlebetaken santen.
- Salajengipun, sadaya bahan kanggé damel isinipun dipunlebetaken, lan dipunmangsak mawi geni ingkang alit ngantos garing. Manawi sampun lajeng dipunangkat lan dipunademaken.
- Ketan dipundang mawi ron pandan ngantos setengah mateng, lajeng dipunpindhah ing panci.
- Santen dipuncampur kaliyan ketan lan dipunsukani sarem. Dipun masak ing geni alit ngantos sadaya santenipun ngresep ing ketan kanthi dipunudhak ketanipun.
- Ketan lajeng dipundang malih ngantos mateng.
Caranipun damel semar mendem inggih punika kados makaten:
- Sepisan, tigan dipundadar tipis-tipis, saged damel kirang langkung 15 lembar miterat kabetahanipun
- Nalika taksih panas, ketan dipunjlentrehaken wonten ing loyang kandelipun 1 cm, lajeng dipunkethok-kethok kanthi ukuran 6x8 cm.
- Ketan ingkang sampun dipunkethok lajeng dipunpipihaken.
- Lebetaken 1 cendhok wosi ketan ingkang sampun dipundamel, lajeng ketan dipunrapetaken lan dipunwujud ngantos diameteripun 4 cm, dawanipun 6 cm.
- Manawi sampun lajeng dipunwungkus mawi telur dadar ingkang sampun dipundamel.
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 Archived 2012-12-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 Dhésèmber 2012)
- 1 2 [pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 9 Dhésèmber 2012)