Uyah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Sarem)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Uyah
Panen uyah ing tlatah Thailand

Uyah iku sajinis mineral sing asalé saka banyu segara.[1] Wanguné kristal warna putih, kerep diasilaké saka air laut nanging ana uga sing ditambang ing dharatandharatan.[1] Uyah racaké sumadya ing wangun kimia Natrium klorida (NaCl).[1] Uyah dibutuhaké déning awak manungsa, nanging yèn dikonsumsi kanthi luwih-luwih bisa njalari lelaralelara blegudreg.[1] Saliyané kanggo bumbu masak, uyah uga dianggo ngawètaké panganan.[1] Kanggo nyegah lelara gondhok, uyah kudu ditambahi dat Iodium.[1]

Ing tlatah Madura uyah iku dadi komoditi sing utama.[1] Uyah uga tinemu dibudidaya déning masarakat ing pasisir segara Jawa ya iku sadawaning dalan Juwana-Rembang.[1]

Ing mangsa katiga / panas prodhuksi uyah iku akèh, amarga gawé uyah iku perlu ana panas srengéngé sing cukup.[2]

Uyah uga maragaké kripik pelem pakel luwih kempriyuk.[3]

Uyah segara

Kagunan[besut | besut sumber]

Saliyané bisa ngasinaké uyah uga bisa ngilangaké amisamis ing welut.[4] Carane welut kang isih urip ing plastik banjur diwénéhi uyah.[4] Banjur dijarké nganti welut mati.[4] Sawisé iku welut diresiki.[4]

  • Ngurangi rasa asin ing iwak asin.[4]

Iwak asin kang dikumbah nganggo banyu uyah bakal kurang rasa asiné.[4] Awit uyah kang némplék ing iwak bakal mèlu larut ing banyu uyah.[4]

Woh-wohan kang rasané kecut bisa diwuwuri uyah dhisik sadurungé digawé manisan.[4] Tujuwané supaya ngurangi kadar uyah dadi rada ora asin.[4]

  • Uyah bisa nggawé sayuransayuran ijo kang digodhog tetep duwé warna ijo[4]

Masak uyah karo banyu banjur campur sayuran ing banyu uyah.[4] Masak sayuran nganti mateng. Sayuran bakal tetep seger wernané ora alum.[4]

Sawisé nanas dioncéki lan dijupuki matané, nanas banjur diléléti uyah.[4] Kanthi mangkono rasa gatel yèn mangan nanas bakal ilang.[4] Saliyané iku nanas bakal luwih legi rasané, tenggorokan uga ora bakal gatel manèh.[4]

  • Tamba lara untu[4]

Yèn lara untu bisa ditambani nganggo uyah.[4] Carane banyu anget kang dicampur uyah lan diudheg nganti rata banjur dianggo kemu.[4] Yèn kulina kemu nganggo banyu uyah uga bisa ngilangaké bau mulut.[4]

Carané banyu anget kang wis diwadhahi émbér banjur dicampur karo uyah.[4][4] Sawisé iku sikil kang krasa pegel banjur direndem ing banyu uyah mau.[4] Banjur rendem sikil manèh ing banyu anyep.[4] Baléni terus, sawisé iku rasa pegel-pegel ing sikil bakal ilang.[4]

Noda getih angél banget diilangi, apamanéh yèn wis garing.[4] Uyah bisa ngilangaké noda getih ing kain.[4] Kain kang kena noda getih banjur dikum utawa direndem ing banyu uyah.[4] Sawisé iku banjur dikumbah nganggo sabun utawa deterjen. Yèn durung patiya ilang bisa dikucek manèh supaya ilang nodané.[4]

  • Nyegah iwak kanthil ing wajan[4]

Yèn iwak digoréng ing wajan lan iwak mau kanthil bakal ndadékaké kulit iwaké nglothok lan goréngan iwak banjur katon ora sedhep manèh yèn disawang.[4] Cara ngatasiné ya iku nggoréng iwak nganggo téflon, nanging yèn ora nduwé téflon ana cara liyané.[4] Wajan kang kanggo nggoréng iwak digosok dhisik nganggo uyah lagi disokaké lenga kang kanggo nggoréng.[4] Kanthi cara iki iwak bakal ora kanthil ing wajan.[4]

  • Ngilangaké rasa panas ing kulit[4]

Sawisé ngiris lombok lumrahé kulit tangan krasa panas.[4] Iki kang diarani wedangen.[4] Carané nambani ya iku tangan diwijiki nganggo banyu uyah nganti resik kalebu ing lekitan-lekitan driji.[4]

Cara Ngawe uyah ing laladan Pantura
  • Ngurangi rasa pedhes[4]

Yèn keceplus lombok bisa uga ditambani nganggo uyah, carané uyah diemut ing ilat.[4] Uyah bisa ngurangi rasa pedhes kang disebabaké lombok.[4]

Industri[besut | besut sumber]

Industri kimia kang mupangatake garam utawa sodiun klorida utawa garam dapur kanggo bahan bakuné diarani indhustri khlor alkali.[5] Industri iki duwé prodhuk khlorin (Cl2) lan sodium hidroksida (NaOH), kang uga dibutuhaké indhustri liyané kaya ta indhustri pulp lan kertas, tekstil, déterjén, sabun, lan pangolahan. banyu limbah.[5] Teknologi mutakhir kang digunakaké ing indhustri khlor alkali kanggo ngasilaké produk-produk iku ya iku elektrolisa larutan garam (brine).[5] Teknologi iki digunakaké awit uyah regané luwih murah, luwih murni, tekanan lan temperatur luwih sithik.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h http://www.suaramerdeka.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  2. http://www.khususpendidikan.co.cc(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  3. http://eprints.umm.ac.id(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an ao ap aq ar as http://www.tabloidnova.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  5. a b c d http://www.unri.ac.id/(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)