Menyang kontèn

Dhawet ayu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dhawet ayu Banjarnegara

Dawet ayu inggih punika unjukan kas Banjarnegara, Jawa Tengah. Dawet ayu dipundamel saking bahan-bahan dhasar kados ta céndhol, santen, saha gendhis Jawi. Dawet ayu punika saged dipununjuk ing saben wekdal, utamanipun ing wekdal siyang nalika hawanipun bentèr sanget. Céndhol utawi dawet punika ingkang minangka titikanipun dawet ayu. Manawi dawet ayu asal Banjarnegara punika ngginakaken dawet warni ijem minangka titikanipun. Es dawet ayu samenika sampun misuwur lan sampun kathah dipunsadé ing kutha-kutha sanJawinipun Banjarnegara kalebet ing Jakarta, Tangerang, Ngayogyakarta, lan sapanunggalanipun. Manawi dipuntingali saklerapan mripat, wujudipun dawet ayu menika mèmper kaliyan ès céndhol. Nanging sajatosipun wonten pérangan ingkang bedakaken dawet ayu kaliyan ès céndhol. Pérangan ingkang bedakaken inggih punika saking kualitas bahan dhasaripun, kenyel, saking cendhol kanggé bahan dawet ayu punika, saha raosipun gendhis ingkang langkung mantep saha dipundamel saking gendhis aren asli.[1] Dawet ayu gadhah tekstur ingkang langkung kenyel tinimbang céndhol padatanipun. Kajawi langkung kenyel, cendhol kanggé dawet ayu wujudipun langkung alit amargi ngginakaken bahan dhasar ingkang alami.

Bahan-bahanipun

[besut | besut sumber]

Dawet ayu dipundamel saking glepung beras ingkang dipuncampur kaliyan glepung sagu arèn. Déné warni ijem ingkang dados warninipun céndhol pikantuk saking sari ron suji saha ron pandan. Sari saking kalih ron punika ingkang dipundadosaken dawet ayu gadhah ganda ingkang wangi. Bahan sanèsipun inggih santen saking satunggal wutir krambil, saha gendhis arèn. Ing ngandhap punika badhé dipunandharaken bahan-bahan ingkang langkung jangkep:[2]

  • 150 gram glepung beras
  • 50 gram glepung tapioka

450 ml toya 50 ml toya pandan (pandan + toya, dipunblender, lajeng dipunperes)

Bahan-bahan kanggé damel duduhipun inggih kados makaten:

  • 1 liter santen
  • pandan
  • sarem
  • gendhis arèn
  • nangka mateng
  • cinco

Caranipun damel

[besut | besut sumber]

Glepung beras saha glepung sagu arèn dipuncampur dados satunggal. Lajeng adonan kalawau dipunsukani sari ron suji saha ron pandan. Nalika taksih wujud adonan, dawet lajeng dipunsaring ngginakaken ayakan tradhisional kanthi bolongan ingkang ambanipun 0,25 ngantos 0,5 cm. Kandungan alami ingkang kawrat wonten ing adonan ndadosaken dawet langkung gampil dipunsaring saéngga saged dawa asilipun saha katingal ayu. Dawanipun céndhol dawet ayu Banjarnegara punika padatanipun ngantos 2-4 centimeter. Sasampunipun dipunsaring saha sampun katingal wujudipun cendhol, lajeng adonan kala wau dipungodhog ngantos sadaya katingal ngambang ing nginggil toya. Dawet ingkang taksih anget punika minangka salah satunggaling titikan saénipun kualitas dawet ayu Banjarnegara. Manawi dawet ingkang kualitasipun saé, manawi dipungodhog langkung dangu, mila ganda sedhep saking ron suju saha pandan badhé dipunwedalaken saking cendhol wau. Lan cendhol dawet kasebat ugi badhé tetep kenyel. Bahan sanèsipun dawet ingkang nemtokaken kualitas dawet ayu kejawi cendholipun piyambak inggih saking santen saha gendhisipun. Gendhis ingkang dipunginakaken sanès gendhis Jawa ingkang cair ananging ngginakaken gendhis arèn. Gendhis arèn punika gadhah raos ingkang asli legem saha gandanipun arum. Nalika damel dawet ayu, gendhis aren kedah dipunjer rumiyin lajeng nembé dipuncampur kaliyan sakedhik buah nangka utawi duren supados raos saha gandanipun langkung éco malih saha dados khasipun dawet ayu. Gendhis aren punika ingkang dados tandha pokok ingkang bedakaken ès dawet ayu saha es cendhol. Manawi sadaya bahan sampun dipunmasak lan dipunsamektakaken, lajeng sadaya bahan kala wau dipuntata wonten ing gelas saji kanthi urutan gendhis paling ngandhap, lajeng céndhol dawet lajeng santen ing pérangan paling nginggil. Manawi ngersakaken unjukan ingkang asrep saged dipunsukani ès.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1] Archived 2022-05-23 at the Wayback Machine. Dawet Ayu Banjarnegara (dipunundhuh tanggal 31 Dhésèmber 2012)
  2. [2] Peluang Usaha Es Dawet Ayu Khas Banjarnegara (dipunundhuh tanggal 31 Dhésèmber 2012)