Menyang kontèn

Gula

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Gendhis)
Kristal gula

Gula (ngoko) utawa gendhis (krama) iku ing basa Latin diarani sacharose / sucrose.[1] Gula iku bahan sing dienggo nggawé legi utawa ngawètaké panganan.[1] Gula iku lumrahé ana telung warna:[1]

  1. gula Jawa
  2. gula bit
  3. gula tebu

Gula Rafinasi

[besut | besut sumber]

Gula rafinasi iki mèh padha kaya gula pethak nanging mbebayani tumrap kaséhatan.[2] Gula rafinasi iki regané luwih murah tinimbang gula pethak biyasa.[2] Gula rafinansi iki ora layak dikonsumsi.[2] Supaya bisa dikonsumsi, gula rafinasi kudu diolah manèh amarga gula iki rupané rada coklat lan ana uga kang rupané ireng, lan gulané alus banget.[2] Yén gula iki langsung dicampur ing tèh utawa kopi bisa ngganggu kaséhatan amarga gula iki maragaké kanker.[2] Gula rafinansi iki lumrahé gula kang diimpor saka manca nagara.[2]

Gula Bit

[besut | besut sumber]

Gula bit bisa dikembangaké ing Indonésia, awit nagara Indonésia kalebu nagara tropis.[3] Umur tuwuhan saka gula bit nganti panén kurang luwih 4,5 nganti 11 sasi.[3] Tuwuhan gula bit ora mbutuhaké akèh banyu.[3] Tuwuhan iki luwih ngirit banyu kira-kira 30 persén tinimbang tuwuhan tebu.[3] Tuwuhan gula bit bisa urip ing warna-warna jinis lemah, malah bisa uga urip ing lemah kang kandhutan uyah tanahé akèh banget.[3] PH kang cocog kanggo urip tuwuhan bit rata-rata pH > 5,5.[3]

Bit (Beta vulgaris)kalebu famili Chenopodiaceae.[4] Varietas tuwuhan iki kang paling misuwur ya iku beetroot utawa garden beet kang rupané abang utawa ungu.[4] Varietas saka budidaya bit liyané ya iku sayuran kang wujud godhong kang diarani chard lan spinach beet.[4] Saliyané iku ana sayuran kang ana oyoté kang diarani gula bit.[4]

Tuwuhan bit wernané abang rada wungu.[4] Tuwuhan bit ngandhut serat kang akèh lan uga ngandhut zat besi.[4] Kanggoné para vegetarian utawa vegan bisa ngonsumsi bit supaya ora kurang zat besine.[4] Zat besi lumrahé tinemu ing daging kang seger.[4]

Amarga kandhutan bit ngandhut serat kang akèh ing oyot lan godhongé, bangsa Romawi Kumo nggunakaké dadi obat sembelit.[4] Bit uga bisa dadi pewarna abang kang alami.[4] Pewarna saka bit bisa kanggo nggawé kuwé pepe utawa lapis sagu.[4] Nalika sepisanan nggawé Red Velvet Cake dadi simbul kuwé Amérika pérangan Selatan isih nggunakaké jus bit dudu pewarna abang gawéan.[4] Gula iku olèhé ana kudu karo prosès kimia.[4] Gula bit kang dikasilaké wernané putih.[5] Gula iki bisa digunakaké ing kulawarga utawa ing pabrik utawa indhustri kanggo nggawé ombénan.[5] Kaya gula kang isih mentah, gula kang isih ngandhut jus diolah lan duwé produk samping kang diarani molase bit.[5]' 'Molase bit bisa dadi pakan ratu-kaya lan dikirim ing pabrik fermentasi tuwuhan kaya ta pabrik penyulingan alkohol.[5]

Gula Jawa

[besut | besut sumber]

Gula jawa uga diarani gula abang utawa gula arén.[6] Gula jawa iki cara nggawéné luwih alami saéngga zat-zat kang ana ing gula iki ora nganggu kaséhatan apa manéh ngrusak awak.[6] Gula jawa uga ora mbutuhaké prosés penyulingan kang bola-bali lan ora nggunakaké tambahan bahan kimia kanggo gawé murni.[6] Gula jawa duwé aji indèks glikemik luwih cendhèk saéngga ora nggawé gula darah mundhak.[6] Kanthi alasan iku mau, gula jawa uga kena digunakaké wong kang lara diabétes amarga nutrisi kang ana ing gula iki luwih akèh.[6]

Saliyané kandhutan gula kang luwih sithik, gula iki uga ngandhut senyawa-senyawa liyané kang akèh manfaaté kaya ta thiamine,riboflavin, asem askorbat, protéin lan uga vitamin C.[6]

Gula Tebu

[besut | besut sumber]

Gula tebu uga diarani gula pasir.[7] Diarani gula tebu amarga bahané digawé saka tebu.[7] Diarani gula pasir amarga dhapuré butiran cilik-cilik mirib pasir.[7] Gula tebu bisa kanggo campuran yèn nggawé wédang tèh utawa wédang kopi.[8] Saliyané iku gula tebu uga bisa kanggo masak lan nggawé sirup.[8]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c regional.kompas.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  2. a b c d e f www.tempointeraktif.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  3. a b c d e f http://ditjenbun.deptan.go.id Archived 2012-01-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m www.food-info.net(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  5. a b c d http://goorme.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  6. a b c d e f http://health.detik.com(dipununundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  7. a b c http://www.tropicanaslim.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)
  8. a b http://www.antaranews.com(dipunundhuh tanggal 4 Mèi 2011)