Menyang kontèn

Mindhik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mindhik
Panganan Laladan Blora: Mindhik
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokokWiji wit trembesi
Buku masakan: Mindhik  Médhia: Mindhik

Mindhik iku salah sawijing panganan jajanan utawa cemilan sing kawentar ing laladan Jawa Tengah lan Jawa Wétan, nanging wis rada langka, wujud gorèngan wiji trembesi. Ing sawatara panggonan ana uga sing ngarani godril. Wiji Trembesi sing wis digorèng sangan mau rasané énak tur gurih. Amarga kari njupuki woh trembesi sing wis padha tiba ing lemah, panganan iki regané ya pancèn murah, mulané cocog yèn dadi panganan jajanané murid Sekolah Dasar SD sing sanguné racaké pas-pasan. Mindhik racaké di dol ning plataran sekolah, ning pasar utawa ing papan panggonan sing lagi ana keraméan utawa tontonan. Jaman biyèn yèn dodol mindhik ora dibungkus nganggo plastik, nanging diwadhahi conthong sing digawé saka dluwang. Carané mangan mindhik, kudu disisil ndhisik, mèh padha karo mangan kwaci. Yèn wiji mindhik wis dipépé nganti garing lan nggorèngé cukup panas, matengé akèh sing mlethèk dadi luwih gampang mangané.

Wit Trembesi lagi kembang, wohé dimasak dadi mindhik

Trembesi

[besut | besut sumber]

Trembesi utawa jeneng latiné PITHECOLOBIUM SAMAN BENTH, utawa sinonim: Enterolobium saman Prain, Mimosa saman, calliandra saman, acasia propinquce, inga cinerea, pithecellobium saman, wujud wit sing kagolong gedhé lan umuré bisa atusan taun. Ing Jawa Tengah lan Jawa Timur wit Trembesi akèh thukul ing pinggir-pinggir dalan utawa ing panggonan sing lemahé jembar. Malahan ing nagara Singapura uga akèh ditandur ing taman-taman umum lan ing pinggir dalan, saénggga maraaké asri lan éyub. Amarga godhongé sing ngrembuyung mau wit Trembesi uga bisa ngurangi polusi hawa.

Klasifikasi

[besut | besut sumber]

Deskripsi

[besut | besut sumber]
Wit Trembesi ing pinggir dalan
  • Habitus: Wit-witan, dhuwuré 10-20m
  • Wit: Jejeg, bunder, percabangan srmpodial, lumah beralur, kasar, ireng
  • Godhong: Majemuk, menyirip ganda, godhongé awangun bunder rada lonjong, ujung lan pangkal bunder, pinggiré rata, dwané 2–6 cm, ambané 1–4 cm, lumah alus, pertulangané menyirip, ijo.
  • Kembang: Majemuk, wangun payung, ing ketiak daun, kelopak wangun tabung, ujung berlekuk lima, benang sari jumlahé akèh, makutha berlekatan, wujud corong, ujung berlekuk lima, abang rada kuning.
  • Woh: Polong, dawané 30–40 cm, ireng.
  • Wiji: Lonjong, dawané 4–6 mm, atos, coklat kepara ireng.
  • Oyot: Tunggang, coklat

Khasiat

[besut | besut sumber]

Wiji Pithecolobium saman sing jenengé mindhik (Blora), siter (Madiun), ana uga sing ngarani godril, duwé khasiat kanggo obat urus-urus lan godhongé kanggo obat lelara kulit utawa kudis. Kanggo urus-urus ± 10 gram wiji garing Pithecolobium saman digoreng sangan, ditumbuk alus, terus diseduh nganggo 1 gelas banyu mateng panas. Hasil seduhan sawisé adhem diombé sisan. Kandungan kimia: Godhong, wiji lan kulit batang Pithecolobium saman mengandung saponin, saliyané iku godhong lan wijiné ngandung polifenol. [1]

Mindhik

[besut | besut sumber]

Wohé trembesi sing wis tuwa lan garing racaké padha rontok. Woh sing wis garing banjur di pecah kanggo ngetokké wijiné. Wijiné mau sawisé di goreng sangan banjur dadi panganan sing jenengé mindhik.Wonten tlatah kutha Ngayogyakarta uwit punika ugi kasebat "Uwit Munggur".

Woh Trembesi

Panganan Rakyat

[besut | besut sumber]

Wit trembesi tuwuh akèh sadalan-dalan utawa ning panggonan penumpukan sing jembar kaya déné TPK (Tempat Penimbunan Kayu)Banjar Waru, Ngawen, ing kawasan Blora, utawa ing TPK Tobo, Purwosari, Bojonegoro. Mulané wohé ya pating tlècèk saenggon enggon, tur ora ana sing nduwé. Amarga bahan baku wujud woh trembesi mau ora usah kulakan, mung kari njumputi waé mula panganan mindhik iku regané ora larang saéngga dadi panganan rakyat. Nanging ya iku, ana kuciwané, yèn bar mangan mindhik biasanê marakké weteng rada slemet-slemet lan yèn (nyuwun sèwu) buang gas, ambuné pancèn rada sengak.

Wit Trembesi tuwa ing latar Klentèng Blora

Carané Masak

[besut | besut sumber]

Woh Trembesi dipépé nganti garing, terus dipecah bèn metu wijiné. Wiji sing wis resik njur direndhem banyu panas supaya medhok. Sawisé iku wiji trembesi di pépé manèh nganti garing. Sawisé garing digorèng sangan nganti padha mlethèk. Mindhik siyap dikonsumsi.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]