Kudis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Canine scabies mite.JPG

Kudis utawa Scabiés ya iku lelara kulit sing disebabke déning tungau (mite) Sarcoptes scabiei sing racaké cirine ana keropeng, botak, lan gatel ing kulit [1]

Sarcoptes scabiei ya iku tungau duwé ciri-ciri wujud ameh bunder duwé 8 sikil cekak, pipih, ukurane wantara (300–600 μ) x (250-400 μ) sing betina, lan (200- 240 μ) x (150-200 μ) sing jantan, racaké urip ing lapisan epidermis [2]. Permukaan dorsal teka tungau iki ditutupi déning lipatan lan lekukan wujud garis melintang dadi bisa ngasilake sejumlah skala segitiga cilik [3]. Saliyané kui, sing betina duwé bulu cambuk ing pasangan sikil kaping-3 lan kaping-4 lan ning jantan, bulu cambuk ana ing pasangan sikil kaping-3 [4]

Proses Penyakit[besut | besut sumber]

proses lelara kudis ya iku :[2]

  • Infeksi teka lelara iki diawali tungau betina utawa nimfa stadium kaping2 sing aktif gawé terowongan ing epidermis utawa lapisan tanduk. Ing terowongan kui diwenehi 2-3 butir Endhog saben dina.
  • Endhog menetas wantara 2-4 dina sing sawisé dadi larva sing duwé sikil 6.
  • Wantara 1-2 dina larva jilma dadi nimfa stadium 1 lajeng berkembang dadi nimfa stadium2, sing duwé sikil 8. * Nymfa iki dadi tungau betina mudha, sing siap kawin karo tungau jantan
  • Tungau berkembang dadi tungau diwasa wantara 2-4 dina.

Kanggo nyeleseake daur hidup teka endhog nganti ngendhog manèhmbutuhake wektu wantara 10-14 dina.[2] Waktu sing diperluke endhog dadi tungau diwasa wantarane 17 dina.[2] Tungau betina sing tinggal ing kantong ujung terowongan, sawisé 4-5 dina sawisé kopulasi, bisa ngendhok manèh nganti umuré kurang luwih 3-4 minggu [2].

Gejala[besut | besut sumber]

Gejala sing kas ing kudis ya iku liang ing permukaan kulit, gatel, lan abang lan racaké ana infeksi sekunder, upamané akibat baktèri [5]. Ing bayi, gejala sing kas ya iku anané bisul ing telapak sikil lan telapak tangan [5]

Diagnosa[besut | besut sumber]

Kanggo diagnosa kudis iki bisa nganggo kerokan kulit ing keropeng nganti metu darah nganggo skalpel. Hasile kerokan kulit iku ditetesi KOH 10% ben tungau pisah teka reruntuhane jaringan kulit sing digawa kui. Banjur campuran kasebut diperiksa ing ngisor mikroskop [6]

Pencegahan[besut | besut sumber]

ora ana vaksin kanggo kudis dadine pencegahan kudu ngindari infeksi [2]. Kabèh pihan sing ana ing cedak penderita perlu diobati ing waktu bebarengan, walaupun durung ana gejala. Sandangan, handuk, seprai lan barang-barang sing bersentuhan karo kulit apike dicuci lan disetrika kanggo ncegah panularan.

Acarodermatitis_Fuß.jpg
Acarodermatitis_Arm.jpg
Acarodermatitis_Hand.jpg
Acarodermatitis_Finger.jpg

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Barhoom S and Dalaab AH. 2009. Clinico-pathological and Control Studies of Mange Caused by sarcoptes scabie in Naturally Infected Sheep and Goats Tulkarem Governorate
  2. ^ a b c d e f Shttp://jv.wikipedia.org/wiki/Astamiwa:Perubahan_terbaruTèks gedhéubronto. 2006. Penyakit Infeksi Parasit dan Mikroba padha Anjing dan Kucing. Yogyakarja : Gadjah Mada University
  3. ^ Lapaga Goffrey. 1962. Monnig’s Veterinary Helminthology and Entomology. 5th ed. London: Bailliere, Tindall and Cox. P: 516-528
  4. ^ Iskandar T. 2000. Masalah Skabies Pada Hewan dan Manusia serta Penanggulangannya.
  5. ^ a b "Scabies" (PDF). DermNet NZ. New Zealand Dermatological Society Incorporated. 
  6. ^ Hadi UK dan Soviana S. 2000. Ektoparasit: Pengenalan, Diagnosis dan Pengendaliannya. Bogor: IPB. P: 65-118