Lanthing
Praèn
Lanthing Yogyakarta | |
| Panggonan asal | Indonésia |
|---|---|
| Tlatah utawa praja | Jawa |
| Woworan pokok | Tela |
Lanthing inggih punika panganan kados krupuk ingkang kadamelan saking tela. Lanthing punika ugi asring sinebat klanthing. Wujudipun lanthing inggih punika kados ta angka wolu utawa bunderan cilik kados ali-ali (cincin). Asal mulanipun Lanthing punika namung gadhah rasa gurih lan asin, nanging sapunika lanthing gadhah rasa ingkang manéka warna kados ta pedhes lan kèju.
Laladan Ingkang Ngasilaken Lanthing
[besut | besut sumber]Asal-usulipun lanthing inggih punika saking Kabupatèn Kebumen mliginipun Kacamatan Gombong, Kabupatèn Purwareja, Kabupatèn Cilacap mliginipun Kacamatan Adipala lan Kacamatan Maos, Kabupatèn Banyumas mliginipun Kacamatan Sumpiuh