Menyang kontèn

Mohammad Hatta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Muhammad Hatta)
Infobox orangMohammad Hatta
Jeneng ing basa pribumi(id) Mohammad Hatta Edit nilai pada Wikidata
Biografi
Nifas12 Agustus 1902
Bukittinggi Edit nilai pada Wikidata
Pati14 Maret 1980 (77 tahun pertal)
Jakarta Edit nilai pada Wikidata
Cithakan:Infotaula persona/capçalcàrrec
20 Dhésèmber 1949 – 6 Sèptèmber 1950 – Mohammad Roem →
Cithakan:Infotaula persona/capçalcàrrec
29 Januari 1948 – 15 Juli 1948
Kabinet Pertal: Kabinet Hatta I (id) Pertal

Cithakan:Infotaula persona/capçalcàrrec
29 Januari 1948 – 6 Sèptèmber 1950
← Amir Sjarifuddin
Cithakan:Infotaula persona/capçalcàrrec
18 Agustus 1945 – 1r Dhésèmber 1956 – Hamengkubuwana IX → Edit nilai pada Wikidata
Data pribadi Pertal
Kelompok etnik PertalMinangkabau Edit nilai pada Wikidata
Agama PertalIslam lan Tarekat Naqsyabandiyah (id) Pertal Edit nilai pada Wikidata
Pendidikan (id) PertalUniversitas Erasmus Rotterdam (id) Pertal
Universitas Gadjah Mada Edit nilai pada Wikidata
Kegiatan Pertal
PakaryanPolitikus (id) Pertal Edit nilai pada Wikidata
Partai politik PertalPartai Nasional Indonésia Edit nilai pada Wikidata
Kulawarga
Pasangan nikah PertalRachmi Hatta (id) Pertal Edit nilai pada Wikidata
Anak PertalHalida Hatta (id) Pertal
Gemala Hatta (id) Pertal
Meutia Hatta Edit nilai pada Wikidata
Wong tuwaMohammad Djamil (id) Pertal Edit nilai pada WikidataSitti Saleha (id) Pertal Edit nilai pada Wikidata
Kerabat PertalArsyad Batuhampar (id) Pertal (pakde) Edit nilai pada Wikidata
Tanda tangan Pertal

Dr.(H.C.) Drs. H. Mohammad Hatta (lair ing Bukittinggi, 12 Agustus 1902 – pati ing Jakarta, 14 Maret 1980 ing umur 77 taun) inggih punika salah sawijining pejuang, nagarawan, lan pahlawan nasional wonten ing Indonésia.[1] Mohammad Hatta inggih dados wakil présidhèn kang kapisan wonten ing Indonésia.[2] Mohammad Hatta gadhah asma ingkang misuwur ing bebrayan inggih punika Bung Hatta,[3] nanging sajatosipun rumiyin asma alitipun inggih punika Mohammad Athar.[4] Bung Hatta punika misuwur dados Bapak Koperasi, lan namanipun dipun-ginakaken dados nama papan anggegana (papan anggegana) internasional wonten ing Jakarta.

Kulawargi[besut | besut sumber]

Bung Hatta miyos wonten ing Kampung Aur Tajungkang, Kutha Bukittinggi surya kaping 12 Agustus 1902.[4] Bung Hatta punika putra saking H. Mohammad Djamil (bapak) lan Siti Saleha (ibu).[4][5]

Bung Hatta dipunkagungi putra 3 (tiga) saking garwanipun ingkang asma Rahmi Hatta.[4] Putra sapisan dipunparingi asma Meutia Farida Hatta (21 Maret 1947), kaping kalih ingkang asma Gemala Rabi’ah Hatta (1953) lajeng ingkang kaping tiga namanipun Halidah Nuriah Hatta (25 Januari 1956).[4]

Putrinipun asma Meutia Hatta njabat minangka Mantri Nagara Pemberdayaan Perempuan sajeroning Kabinet Indonésia Bersatu pimpinan Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Pendhidhikan ing Indonésia[besut | besut sumber]

Pendhidhikan Mohammad Hatta inggih punika sapisan HIS (sekolah dhasar basa Walanda kanggé putra-putra pribumi).[6] Lan ugi Bung Hatta inggih pikantuk pendhidhikan dhasar ing Europese Largere School (ESL) ing Bukittingi (tamat 1916) lajeng Meer Vitgebreid Lagere Onderwijs (MULO) ing Padang (tamat 1919)).[7] dipunundhuh tanggal 8 Juli 2011 Lan panjenenganipun ugi pados ngèlmu ugi nglajengaken pendhidhikan ing Handle Middlebare School (Sekolah Menengah Dagang) ing Jakarta lulus warsa 1921.[7]

Wiwit saking sekolah menengah pertama punika panjenenganipun sampun sregep ndhèrèk organisasi, sanèsipun panjeneganipun inggih tiyang ingkang tangat nglampahi ajaran agama Islam.[6] Nalika sekolah wonten ing Jakarta, panjeneganipun nglajengaken kagiyatan kaliyan Jong Sumatranen Bond.[6] Panjenenganipun nalika samanten ugi asring wonten ing asrama Sekolah Tinggi Kedhokteran pepanggihan kaliyan kancanipun ingkang asma Bahder Djohan ingkang dados guru besar lan Rektor Universitas Indonésia.[6]

Pendhidhikan ing Luar Negeri[besut | besut sumber]

Nalika Bung Hatta ndhèrèk organisasi lan dados Bendahara Jong Sumatranen Bond ing Padang (1916-1919) ingkang kedah tanggel jawab lan ulet.[4] Panjenenganipun nglajengaken pendhidhikan perguruan tinggi Walanda mundhut ékonomi wonten ing Nederland Handelshogeschool di Rotterdam (tamat minangka gelar Drs, 1932).[4]

Lelabetan[besut | besut sumber]

Aktif wonten Organisasi[besut | besut sumber]

Mohammad Hatta ndhèrèk Indonesischee Vereniging, obahan internasional (Liga Tegen Imperalisme,Tegen Koloniale Onderdrukking en voor Nationale Onafhankelijkheid-Liga menetang Imperialisme, Menentang Penindasan Kolonial Mendukung Kemerdekaan Indonésia).[6]

Mangsa Pandhudhuk Jepang[besut | besut sumber]

Ing mangsa punika Bung Hatta dados tiyang wigatos ingkang nomer kalih(2) ing pemimpin Pusat Tenaga Rakyat (Putera,1942-1943), lajeng ing Jawa Hokokai (Himpunan Kebaktian Rakyat Jawa, 1943-1944).[6] Bung Hatta ugi ing Tyuo Sangi In (Dewan Pertimbangan Pusat, 1943-1944);ugi dados penaséhat (sanyo) lan dados ketua dewan sanyo (1944-1945) ing departemen ékonomi.[6] Bung Hatta inggih dados anggota Panitia Penyelidik Adat-istiadat (1942), lan ingkang wigatos panjeneganipun ugi dados anggota Badan Penyelidik Usaha-Usaha kemerdekaan Indonésia (1945).[6]

Mangsa Revolusi[besut | besut sumber]

Bung Hatta minangka salah sawijining tokoh saking prokamator kemerdekaan Indonésia.[6] Panjenenganipun dados tiyang ingkang wigatos nggantos pitung tembung ing Piagam Jakarta ingkang dipundadosaken Pambukaan UUD 1945:"dengan kewajiban menjalankan syari'at Islam bagi pemeluk-pemeluknya" dipun-gantos kaliyan "Ketuhanan Yang Maha Esa".[6]

Sipat Nagarawan kagunganipun Bung Hatta[besut | besut sumber]

Manawi bangsa India ngadhahi Mahatma Gandhi minangka bapak nagarawan ingkang sedherhana, santun, bersahaja kanggé rakyatipun, lajeng Indonésia ngadhahi Bung Hatta.[8] Salawas gesangipun, Bung Hatta kathah ngagem sipat santunipun dhumatheng sinten kemawon tiyangipun.[8] Menapa tiyangipun mungsuh manawi kanca.[8] Bung Hatta inggih sanget pakurmatanipun lan lajeng ngekanca ingkang raket kaliyan Bung Karno, minangka ing taun 1950-an tiyang kekalih punika boten saged makarya sesarengan malih babagan pulitik.[8] Panjenenganipun lengser saking kalungguhan Wakil Présidhèn ing taun 1956, amarga pasulayan kaliyan Présidhèn Soekarno.

Pahargiyan Bung Hatta[besut | besut sumber]

Bung Hatta inggih dipuntunjuk dados tokoh HAM (Hak Asasi Manungsa).[9] Pahargiyan punika saking mengeti lelabetan Bung Hatta minangka babagan perlindungan uga penegakkan HAM.[9] Mengeti dinten HAM punika dhumawah surya kaping 10 Dhésèmber ingkang wonten gegayutanipun kaliyan Bung Hatta.[10] Badan Penelitian lan Pengembangan HAM punika gadhah tujuan paring pangertosan malih bilih kula lan panjenegan sadaya minangka bangsa kedah mengeti lelabetanipun Bung Hatta kanggé kepentinganipun bangsa ingkang salajengipun.[10]

Bung Hatta ugi dados Gelar Dhoktor Honoris Causa saking Universitas Gadjah Mada (1956), Universitas Hasanuddin (1973), lan Universitas Indonésia (1975).[4]

Panjenenganipun ugi nampi tanda jasa Bintang Républik saking Présidhèn Soeharto (15 Agustus 1972).[4]

Tilar donya[besut | besut sumber]

Bung Hatta tilar donya surya kaping 14 Maret 1980 ing Jakarta.[4] Panjenenganipun dipunsarèkaken ing Tanah Kusir, Jakarta.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. www.kaskus.us Archived 2012-01-25 at the Wayback Machine. (dipunundhuh surya kaping 7 Juni 2011)
  2. kepustakaan-presiden.pnri.go.id[pranala mati permanèn] (dipunundhuh surya kaping 7 Juni 2011)
  3. Profile Dr Mohammad Hatta Archived 2012-05-28 at the Wayback Machine. (dipunundhuh surya kaping 4 Juni 2011)
  4. a b c d e f g h i j Biodata Mohammad Hatta[pranala mati permanèn] (dipunundhuh surya kaping 29 Juli 2011).
  5. Hatta, Mohammad (2002). Mohammad Hatta: memoir : terbitan khusus satu abad Bung Hatta (ing basa Indonesia). Yayasan Hatta. ISBN 978-979-97081-0-6.
  6. a b c d e f g h i j Noer,Deliar.2001.Membincangkan Tokoh-Tokoh Bangsa.Mizan Pustaka:Bandung hal 348 Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "buku" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  7. a b "id.shvoong.com". Diarsip saka sing asli ing 2012-05-28. Dibukak ing 2012-07-06.
  8. a b c d orange.web.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh surya kaping 14 Juli 2011)
  9. a b www.tribunnews.com (dipunundhuh surya kaping 18 Juli 2011)
  10. a b www.balitbangham.go.id Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine.(dipunundhuh surya kaping 18 Juli 2011)

Dhaptar pustaka[besut | besut sumber]

  • Arniati Prasedyawati Herkusumo (1982). Chuo Sangi-in: Dewan Pertimbang Pusat Pada Masa Pendudukan Jepang [Chuo Sangi-in: The Central Advisory Council during the Japanese Occupation] . Jakarta, Indonesia: PT. Rosda Jayaputra.
  • Kahin, George McTurnan (1961) [1952]. Nationalism and Revolution in Indonesia. Ithaca, New York: Cornell University Press.
  • Kahin, George Mc. T (1980). "In Memoriam: Mohammad Hatta (1902–1980)". Indonesia. 30: 113–120.
  • Mrazek, Rudolf (1994). Sjahrir: politics in exile in Indonesia. (SEAP Cornel South East Asia program. ISBN 0-87727-713-3.
  • Mohammad Hatta (1957). The Co-operative Movement in Indonesia. Ithaca, N.Y.: Cornell University Press.
  • Mohammad Hatta (November 1961). "Colonialism and the Danger of War". Asian Survey. 1 (9): 10–14. doi:10.2307/3023504. JSTOR 3023504.
  • Mohammad Hatta (March 1965). "One Indonesian View of the Malaysia Issue". Asian Survey. 5 (3): 139–143. doi:10.2307/2642403. JSTOR 2642403.
  • Stutje, Klaas (2015). "To Maintain an Independent Course: Inter-war Indonesian Nationalism and International Communism on a Dutch-European Stage". Dutch Crossing: Journal of Low Countries Studies (ing basa Walanda). 39 (3): 204–220. doi:10.1080/03096564.2015.1101298. S2CID 146939108.
  • Ricklefs, M.C. (2008) [1981]. A History of Modern Indonesia Since c.1300 (édhisi ka-4th). London: MacMillan. ISBN 978-0-230-54685-1.
  • Sudarmanto, Y.B. (1996). Jejak-Jejak Pahlawan dari Sultan Agung hingga Syekh Yusuf (The Footsteps of Heroes from Sultan Agung to Syekh Yusuf) (ing basa Indonesia). Jakarta: Grasindo. ISBN 979-553-111-5.
  • Weismann, Itzchak (2009). The Naqshbandiyya: Orthodoxy and Activism in a Worldwide Sufi Tradition. Abingdon-on-Thames: Routledge. ISBN 978-0-415-48992-8.

Pranala njaba[besut | besut sumber]


Didhisiki déning:
ora ana
{{{jabatan}}}
1945-1956
Diganti déning:
Sri Sultan Hamengkubuwana IX
Didhisiki déning:
Amir Sjarifoeddin
{{{jabatan}}}
1948–1950
Diganti déning:
Abdul Halim
Didhisiki déning:
Agus Salim
{{{jabatan}}}
1949-1950
Diganti déning:
Mohammad Roem

Cithakan:Wakil Présidhèn Indonésia Cithakan:Pancasila Indonésia