Menyang kontèn

Abdul Harris Nasution

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Abdul Harris Nasution
Ketua Majelis Permusyawaratan Rakyat 2
Linggih
1966 – 1967
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéChaerul Saleh
Linggih
1967 – 1972
PrésidhènSoeharto
Kang sawiséIdham Chalid
Mantri Pertahanan Républik Indonésia 12
Linggih
10 Juli 1959 – 22 Fèbruari 1966
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéDjoeanda Kartawidjaja
Kang sawiséSarbini
Rerincèn dhiri
Lair(1918-12-03)3 Dhésèmber 1918
Nèderlan Kotanopan, Sumatera Utara, Hindia Nèderlan
PatiSèptèmber 5, 2000(2000-09-05) (umur 81)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
BangsaIndonésia
Parté pulitikNon parté
SisihanJohanna Sunarti[1]
AnakHendrianti Saharah, Ade Irma Suryani[1]
ProfésiTentara
AgamaIslam
Tandha tangan

Abdul Harris Nasution (Kotanopan, Sumatra Lor, 3 Dhésèmber 1918Jakarta, 6 September 2000) iku pahlawan nasional Indonésia minangka salah siji tokoh sing dadi sasaran sajeroning prastawa Gerakan 30 September, nanging sing dadi kurban yaiku putriné Ade Irma Suryani Nasution.

Karir Militer

[besut | besut sumber]

Nasution dikenal minangka ahli perang gerilya. Pak Nas mangkono sebutané dikenal uga minangka penggagas dwifungsi ABRI. Orde Baru wis nafsiraké konsèp dwifungsi iku minangka peran ganda militèr sing represif lan eksesif. Saliyané konsèp dwifungsi ABRI, Pak Nas uga dikenal minangka panata dhasar perang gerilya. Gagasan perang gerilya dijlèntrèhaké sajeroning bukuné sing fenomenal, Strategy of Guerrilla Warfare. Saliyané diterjemahaké menyang sawatara basa manca, karyaiku dadi buku wajib ing akademi militèr sawatara nagara, kalebu sekolah elite militèr donya, West Point, Amérika Sarékat.

Taun 1940, nalika Walanda mbukak sekolah perwira cadangan kanggo para nom-noman Indonésia, Pak Nas mèlu ndaftar, sabanjuré dadi pembantu lètnan ing kutha Surabaya. Taun 1942, Pak Nas ngalami pertempuran pisanan wektu nglawan Jepang ing Surabaya. Sawisé kakalahan Jepang ing Perang Donya II, Nasution bebarengan karo para nom-noman eks-PETA ngadegaké Badan Keamanan Rakyat. Sasi Maret 1946, pak Nas diangkat dadi Panglima Divisi III/Priangan. Mèi 1946, panjenengané dilantik déning Présidhèn Soekarno minangka Panglima Divisi Siliwangi. Sasi Fèbruari 1948, pak Nas dadi Wakil Panglima Besar TNI (wong nomer loro sawisé Jendral Soedirman). Sawisé iku kalungguhan "Wapangsar" dibusak lan pak Nas banjur dadi Kepala Staf Operasi Markas Besar Angkatan Perang RI. Ing pungkasan taun 1949, pak Nas diangkat dadi Kepala Staf TNI Angkatan Dharat.

Tanggal 5 Oktober 1997, pas pèngetan Dina ABRI, Nasution dianugerahi pangkat Jendral Besar bintang lima. Nasution séda ing RS Gatot Soebroto tanggal 6 September 2000 lan disarèkaké ing TMP Kalibata, Jakarta.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b Biography of Johanna Nasution, 1981 Ramon Magsaysay Award for Public Service, Magsaysay Awardees Digital Collection.


Didhisiki déning:
G.P.H. Djatikoesoemo
{{{jabatan}}}
1949-1952
Diganti déning:
Bambang Soegeng
Didhisiki déning:
Bambang Oetoyo
{{{jabatan}}}
1955-1962
Diganti déning:
Ahmad Yani