Klenyem
Praèn
![]() Klenyem | |
| Panggonan asal | Indonésia |
|---|---|
| Tlatah utawa praja | Jawa |
| Woworan pokok | pohung lan gula jawa |
Klenyem inggih punika araning dhedhaharan ingkang kadamel saking pohung ingkang sampun dipunlembutaken, dipundamel kanthi wujud bunder-bunder lajeng dipungorèng. Wonten samadyaning panganan punika padatanipun dipunisèni gendhis Jawi. Bahan-bahan ingkang dipunbetahaken nalika ndamel klenyem inggih punika:
- pohung
- krambil
- uyah
- gendhis jawi
- lenga klentik
