Switserlan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Swiss)
Gendéra Lambang nagara
Sesanti: Unus pro omnibus, omnes pro uno  (tradisional)
(Latin: Satu untuk semua, semua untuk satu)
Antem: Mazmur Swiss
Pernah  Switserlan  (Hijau)in Éropah  (Abu-abu gelap)  –  [Legend]
Pernah  Switserlan  (Hijau)

in Éropah  (Abu-abu gelap)  –  [Legend]

Kutha krajan BernDe jure "federal city"; de facto capital. Because of historical federalist sensibilities, Swiss law does not designate a formal capital, and some fédheral institutions such as courts are located in other cities.</ref> (de facto)
46°57′N 7°27′E / 46.950°N 7.450°E / 46.950; 7.450
Kutha paling gedhé Zurich
Basa resmi Jerman (63.7 %),
Prancis (20.4 %),
Itali (6.5 %),
Romansh[1] (0.5 %)
Dhémonim Swiss
Papréntahan Républik Federal dengan Sistem Direktorial dan dhémokrasi langsung
 •  Dewan Federal Doris Leuthard
Eveline Widmer-Schlumpf
Ueli Maurer (Présidhèn 2013)
Didier Burkhalter(Wakil Présidhèn 2013)
Simonetta Sommaruga
Johann Schneider-Ammann
Alain Berset
 •  Kanselir Federal Corina Casanova
Bebadan pranatan Majelis Federal
 •  Paheman luhur Dewan Nagara
 •  Paheman asor Dewan Nasionall
Merdeka
 •  Tanggal Pendirian 1 Agustus Traditional. The Federal Charter mentions only "early August" and the treaty is a renewal of an older one, now lost.</ref> 1291 
 •  de facto 22 September 1499 
 •  Diakui 24 Oktober 1648 
 •  Restorasi 7 Agustus 1815 
 •  Nagara Federal 12 September 1848[2] 
Laladan
 •  Gunggung 41.285 km2 (Ke-133)
15.940 sq mi
 •  Banyu (%) 4.2
Cacah jiwa
 •  Rantaman 2010 7,866,500[3] (Ke-95)
 •  Cacah sirah 2000 7,452,075
 •  Karapetan 188/km2 (Ke-65)
477,4/sq mi
GDP  (PPP) Rantaman 2011
 •  Gunggung $321.898 Miliar[4] (ke-36)
 •  Per kapita $45,265[4] (Ke-8)
GDP  (nominal) Rantaman 2011
 •  Gunggung $512.065 Miliar[4] (Ke-19)
 •  Per kapita $75,835[4] (Ke-4)
Gini (2000) 33.7
sedhengan
HDI (2010) Increase 0.874[5]
Cacad: Angka HDI ora sah · ke-13
Valuta Franc Swiss (CHF)
Zona wektu CET (UTC+1)
 •  Mangsa Panas (DST) CEST (UTC+2)
Nyetir ing kiri (kereta: kanan)
Kodhé bèl +41
TLD Internèt .ch

Konfèdherasi Switserlan utawa sajeroning basa Latin Confoederatio Helvetica, ya iku nagara fèdheral ing Éropah Tengah kang wewatesan karo Jerman, Prancis, Itali, Liechtenstein lan Ostenrik. Switserlan iku nagara kang sapérangan gedhé wewengkoné dumadi saka Pegunungan Alpen. Switserlan misuwur minangka nagara nétral nanging panggah duwé tembayatan internasional kang kuwat.

Switserlan kapérang dadi 26 kanton, sing nem kanton dianggap minangka "saparo kanton" amarga kawiwitan saka pisahé telung kanton, lan dhampaké mung ana sakwakil ing Dewan Nagara. Kutha karajan nagara iki Bern. Kutha-kutha wigati liyané ya iku Zurich, kutha gedhé dhéwé ing Switserlan (kang dinobataké minangka kutha kang duwé kualitas urip paling apik ing donya nalika taun 2006[6] lan 2007[7].), lan Jenewa, kang dadi lokasi werna-werna badan internasional kaya ta PBB, WHO, ILO, lan UNHCR.

Switserlan winatesan karo Jerman, Prancis, Itali, Ostenrik lan karajan cilik Liechtenstein. Warga Switserlan nururaké akèh basa lan ana papat basa resmi, ya iku basa Jerman, Prancis, Itali, lan basa Romansh kang kurang misuwur.

Switserlan duwé akèh sajarah minangka nagara kang nétral tanpa ndeleng perang utawa dhamai (lan ora tau mèlu perang marang pamaréntah asing wiwit taun 1815). Mulané, Switserlan didadékaké pamangku gati organisasi internasional apa waé kaya ta PBB, kang sanajan markas gedhéné mapan ing kutha New York City, nanging akèh ngedegaké kantor ing Switserlan.

Jeneng Switserlan ing basa Latin Confoederatio Helvetica kang tegesé Konfèdherasi Helvetika, dipilih kanggo ngéndhani pamilihan salah siji saka papat basa resmi Switserlan (basa Jerman, Prancis, Itali, lan Romansh). TLD nagarané,.ch, uga dijupuk saka jeneng iki. Switserlan nandhai 1 Agustus 1291 minangka dina kamardhikané, kang wiwitané dadi nagara gabungan, banjur dadi persekuthuan wiwit taun 1848. 1 Agustus didadekaké dina prèi kanggo bank lan kantor pos sarta kantor administrasi umum uga ditutup.

Sistem pamaréntahané pancèn nuduhaké keanékaragaman wargané. Minangka nagara fèderal, dhémokrasiné asipat "langsung", nanging diwakili déning Majelis Fèdheral. Parlemèn iki milih pitung wong kanggo dadi "pamrintah". Pitu wong iku menteri, mandhegani dhepartemen, lan salah sijiné dadi prèsidhén suwéné setaun ganténan. Prèsidhén digilir saben tauné.

Géografi[besut | besut sumber]

Warga Switserlan kang cacahé watara 7,4 yuta jiwa manggon ing papan panggonan sing ambané 41.285 km² saéngga kapadetan nagara mau 184 jiwa per km². Lumrahé, nagara Switserlan kapérang dadi telung tlatah, ya iku Pegunungan Alpen Switserlan, Plato Switserlan, lan Pegunungan Jura.

Sajarah[besut | besut sumber]

Sajarah Awal[besut | besut sumber]

Suku pisanan kang ana ing Switserlan ya iku anggota budaya Hallstatt lan La Tène. Budaya La Tene ana lan ngrembaka suwéné Abad Wesi kang pungkasan saka kira-kira taun 450 SM, kaya-kaya éntuk prabawa saka peradaban Yunani lan Etruska. Salah siji golongan suku paling wigati ing Switserlan ya iku Helvetii. Ing taun 15 SM, Tiberius I, kang arep nyalon dadi Kaisar Romawi kaping pindho, lan seduluré Drusus, bisa kasil naklukake Pegunungan Alpen, nggabungake kelorone marang Kekaisaran Romawi. Laladan kang dipanggoni suku Helvetii – banjur dijenengi Confoederatio Helvetica. Confoederatio Helvetica ing pisanan dadi pérangan Provinsi Gallia Belgica Romawi banjur dipindhah Germania Superior. Déné pérangan wétan Switserlan modhèren digabungake menyang Provinsi Raetia.

Ing Abad Pertengahan Awal, saka abad kaping 4, panambahan dawa arah kulon Switserlan modhèren dadi laladan Raja Burgundia. Suku Alemani mapan ing dataran dhuwur Switserlan ing abad kaping 5 lan lembah Alpen nalika abad kaping 8, mbéntuk Alemania. Switserlan modhèren banjur kapérang dadi Karajan Alemannia lan Burgundia. Sakabehing laladan iku dadi pérangan Kekaisaran Frankia ing abad kaping-6, nyusul kamenangan Chlodwig I saka Alemanni ing Tolbiac nalika taun 504, banjur bangsa Frankia ndominasi Burgundia.

Saka taun 561, Raja Guntram saka Merovingia, putune Chlodwig I, marisi Kerajan Burgundia Frankia, kang ambané saka kulon adohe meh tekan Kali Rhein. Ing sisih wétané, suku Alamanni diprintah sangisore kadipaten nominal ing Frankia, amarga bangsa Frankia ngisi kalodhangan akibat mudhune pencapaian Bizantium Romawi menyang kulon. Saka mangsa iki, bangsa Frankia lagi miwiti mbéntuk watak tritunggal kang bakal nyirikake sisa sajarahé. Laladan iki banjur kapérang dadi Neustria ing sisih kulon (mung diarani Frankia nalika semana; jeneng Neustria ora tinulis ing tulisan nganti 80 taun sabanjure), Austrasia di sisih wétan segara lan Burgundia.

Sasuwene abad kaping-6 lan wiwitan abad kaping-7, kawasan Switserlan ana ing sangisore hegemoni Frankia, karo bangsa Frankia kang asring ana perselisihan perkara suksesi ing sub-kraton Frankia (kang ratu-rajane isih duwé gegayutan saseduluran). Nalika taun 632, Chlothar II mati, sakabehing wewengkon Frankia didadèkaké siji nanging mung sadhéla ing ngisore Dagobert I, kang dianggep ratu kang pungkasané Merovingia kang bisa nglakoni tugas karajan. Nalika dipandhegani Dagobert I, Austrasia ngagitasi pamaréntahane dhéwé kanggo piranti ngadhepi prabawa Neustria, kang ndominasi mahkamah karajan. Dagobert dipeksa déning aristokrat Austrasia kang kuwat kanggo ngangkat anake kang isih bayi, Sigibert III, supaya dadi ratu ngisorane Austrasia nalika taun 633. Kakurangan pamaréntahan anyar iku dadi nyata, lan mandhegani nagara-nagara kang ditundukake déning bangsa Frankia kang wis mikirake untung-rugi pemberontakan. Sawisé Sigibert III dikalahake militere déning Radulf, Raja Thüringen ing taun 640, suku Alemani uga mberontak marang kakuasaan Frankia. Masa kamardhikan Allemani sabanjure nganti tekan pertengahan abad kaping 8.

Wali Pura diangkat déning Raja Frankia minangka punggawa pangadilan wiwit awal abad kaping 7 supaya dadi penengah antarané ratu lan rakyat. Nanging, sedane Dagobert I ing taun 639, kanthi pewaris mahkota kang isih balita ing Neustria (Chlodwig II—yuswane 2 taun) lan Austrasia (Sigibert III—yuswane watara 4 taun), para punggawa iku éntuk kekuasaan kang luwih gedhé. Ing pungsakasane, mungkasi kekuasaan penguasa Merovingia, lan ngebut singgasana Frankia. Langkah pisanan kang dilakoni Wali Pura Austrasia, Grimoald I, ngeyakinake Sigibert III kang ora duwé anak supaya ngadopsi puterane dhéwé Childebert si Anak Pungut minangka pewaris singgasana.

Nalika iku ing pura Neustria, Wali Pura Erchinoald, lan penggantine, Ebroin, uga nambah kekuasaannya ing sakmburine Chlodwig II, lan penggantine Chlothar III. Ebroin nggabungake dadi siji manèh Kerajan Frankia kanthi ngalahake lan ngusir Childebert (lan Grimoald) saka Austrasia ing taun 661.

Jejulukan kang asring dienggo nagara Switserlan ing basa Prancis (Confédération suisse), basa Itali (Confederazione Svizzera), lan basa Romansh (Confederaziun svizra) diterjemahake minangka "Konfèdherasi Switserlan"). Schweizerische Eidgenossenschaft iku istilah basa Jermane kang ana ing dhokumen resmi. Jeneng Latine "Confœderatio Helvetica" (Konfèdherasi Helvwtia) lan TLD nagarae "ch" kanggo internet lan plat montor gegayutan karo Helvetii, suku Keltik kuna kang ora tau mapan ing pagunungan Alpen.

Konfèdherasi Switserlan Kuno[besut | besut sumber]

Konfèdherasi Switserlan Kuno iku persekuthuan antarané komunitas-komunitas lembah Alpen tengah. Konfèdherasi iku masilitasi pengelolaan kepentingan umum (dagang bébas) lan lnjamin keamanan jalur dagang gunung kang wigati. Piagam Federal 1291 kang disetujui déning komune pedésaan Uri, Schwyz, lan Unterwalden dianggap minangka dhokumen nalika ngadegaké konfederasi; sanajan persekuthuan kang meh padha kayane wis ana ing pirang-pirang dasawarsa sadurungé.[8]

Saka taun 1353, telung kanton kang asli wisdigabungake karo Glarus lan Zug lan nagara-nagara kutha Luzern, Zurigo lan Bern kanggo nggawé "Konfèdherasi Kuno" saka 8 nagara kang ana nganti tekan pungkasané abad kaping 15. Ekspansi iku ndadèkaké peningkatan kekuasaan lan kemakmuran fédherasi iku. Saka taun 1460, konfederasi iku ngatur sapérangan akèh wewengkon kidul lan kulone Rhein nganti tekan Pegunungan Alpen lan Jura, khususe sawisé menang saka Wangsa Habsburg (Pertempuran Sempach lan Näfels), déning Charles sang Pemberani saka Burgundia sasuwene taun 1470-an, lan kasilan serdadu sewaan Switserlan. Menange Switserlan ing Perang Swabia marang Liga Swabia Kaisar Maximilian I ing taun 1499 nganti tekan kamardhikan de facto saka Kekaisaran Romawi Suci.

Konfèdherasi Switserlan Kuno wiséntuk réputasi minangka pilih tandhing marang perang-perang kang pisanan mau, nanging ekspansi fédherasi ngalami kamunduran ing taun 1515 amarga kalahe Switserlan ing Pertempuran Marignano, kang mungkasi jaman "heroik" ing sajarah Switserlan. Kasile Reformasi Zwingli ing pirang-pirang kanton ndadèkaké perang antar-kanton ing taun 1529 lan 1531 (Kappeler Kriege). Durung ana 100 taun sabanjure, ing taun 1648, ing Prajanjian Westfalen, nagara Éropah ngakoni kamardhikane Switserlan saka Kekaisaran Romawi Suci lan kanétralane (ancien régime).

Sasuwene jaman modhèren ing sajarah Switserlan, otoritarianisme kang lagi ngrembaka ing kulawarga patrisiat lan krisis keuangan nalika Perang Tiga Puluh Tahun, marakake perang tani Switserlan taun 1653. Kanthi latar wuri perjuangan iki, konflik antarané kanton Katulik lan Protèstan sansaya ndadi, ndadèkaké sikara ing Pertempuran Villmergen nalika taun 1656 lan 1712.

Era Napoleon[besut | besut sumber]

Nalika taun 1798, prajurit Revolusi Prancis bisa naklukake Switserlan lan ngadegaké konstitusi anyar kang seragam, kang munjeri pamaréntahan nagari lan mbusak kanton. Rezim anyar iku dijenengi Républik Helvetia, ora kondhang banget. Negeri iki diatur déning prajurit penyerang asing lan ngurusak tradhisi kang wis ana pirang-pirang abad kapungkur, ndadèkaké Switserlan ora luwih nagara satelite Prancis. Penindasan Prancis nalika Pemberontakan Nidwalden ing sasi September 1798 iku tuladha anané penindasan déning Angkatan Dharat Prancis lan perlawanan penduduk marang mapane Angkatan Dharat Prancis iku.

Nalika perang antarané Prancis lan saingane, angkatan Ruslan lan Habsburg nyerang Switserlan. Nalika taun 1803, Napoleon ngatur pertemuan pulitikus Switserlan saka rong pihak ing Paris. Asile ya iku UU Mediasi kang akèh mbenerake otonomi Switserlan lan nepungake konfederasi 19 kanton. Sawisé iku, akèh pulitik Switserlan kang bakal nyeimbangake tradhisi kanton marang pamrintahane dhéwé kanthi keperluan pamrintahan punjer.

Ing taun 1815, Konggrès Wina tenanan mulihake kamardhikane Switserlan lan nagara Éropah sarujuk ngakoni kenétralan Switserlan kanthi panggah. Perjanjian iku nandhakake nalika Switserlan perang kang pungkasan ing konflik internasional. Perjanjian iku uga bisa ndadèkaké Switserlan menambah wewengkone, kanthi mlebune Kanton Valais, Neuchâtel, lan Jenéwa – iki kang pungkasané nagara Switserlan nambah wewengkon.

Nagara fèdheral[besut | besut sumber]

Restorasi kekuasaan menyang patrisiat mung sawetara. Sawisé huru-hara kang bola-bali kedaden kaya déné Züriputsch nalika taun 1839, ndadèkaké perang sadulur ing antarané kanton Katulik lan kanton-kanton liyané ing taun 1847 (Sonderbundskrieg). Perang iku kelakon suwéné sesasi, lan korbane kurang saka 100 wong. Sonderbundskrieg ora ana apa-apane yèn dibandhingake karo perang lan haruhara ing Éropah liyané ing abad kaping-19. Sonderbundskrieg marakake dampak psikologi kang gedhé marang masarakat Switserlan. Perang iku ndadèkaké kabèh warga Switserlan gerti perlune persatuan lan kekuatan marang tangga-tangga nagarané ing Éropah. Warga Switserlan sakabehing tataran masarakat, embuh Katulik, Protèstan, ilèn liberal utawa konservatif, sadhar yèn kanton-kanton iku bakal akèh nguntungake yèn kepentingan ékonomi lan keagamaane digabungake dadi siji. Saka warga kang njurung kekuatan kanton (Sonderbund Kantone), majelis nasional diperang dadi majelis dhuwur (Dewan Nagara Switserlan) lan majelis ngisor (Dewan Nasional Switserlan). Kamangka, kepentingan federasionalis uga dipritungake. Switserlan ngadopsi konstitusi fèdheral lan penggunaan referendum (kuwajiban saben amandemen konstitusi) ing taun 1848. Konstitusi iku nyawisi kekuasaan punjer kanggo pamaréntahane dhéwé nalika ucul saka kanton. Nalika taun 1850, franc Switserlan dadi mata uang tunggal Switserlan. Konstitusi iku diamandemen ing taun 1874 kanggo ngadhepi sansaya tambahe penduduk lan Révolusi Industri. Konstitusi iku nepungake referendum fakultatif kanggo kukum ing tingkat fèdheral. Konstitusi iku uga nemtokake tanggung jawab fèdheral kanggo pertahanan, dol tinuku, lan perkara kukum.

Ing taun 1891, konstitusi iku direvisi kanthi unsur kuwat marang dhémokrasi langsung, kang isih unik nganti tekan saiki. Wiwit iku, perbaikan pulitik, ékonomi, lan sosial kang isih kelakon wis mènèhi pratandha ing sajarah Switserlan.

Sajarah modhèren[besut | besut sumber]

Switserlan ora diserang sasuwene keloron Perang Dunia. Sasuwene Perang Donya I, Switserlan dadi panggonan uripé Vladimir Illych Ulyanov (Lenin) lan isih manggon ing kana nganti tekan taun 1917.[9] Kenétralan Switserlan asring ditakonake saka anané prastawa Grimm-Hoffmann ing taun 1917, nanging mung sadhéla. Ing taun 1920, Switserlan gabung karo LBB, lan Dewan Éropah ing taun 1963.

Sasuwene Perang Donya II, rencana serangan disiapake déning Jerman,[10] nanging Switserlan ora tau diserang. Switserlan bisa tetem mardhika liwat gabungan pencegahan militèr, konsesi ékonomi menyang Jerman, lan nasib apik amarga prastawa kang luwih gedhé sasuwene perang ngenteni misi iku. Percobaan déning Parté Nazi Switserlan sing cilik kareben ana Anschluss déning Jerman, gagal total. Pers Switserlan ngkritik yèn Reich Kaping Telu, asring gawé mangkel pimpinane. Nalika dipandhegani Jenderal Henri Guisan, mobilisasi massal angkatan militan ditumindakake. Strategi militèr Switserlan owah saka salah siji pertahanan statis ing winatesan kanggo nglindhungi jantung ékonomi dadi strategi pergeseran jangka dawa kaorganisasi lan panarikan marang kalungguhan kang kuwat lan terbekali kanthi apik ing dhuwur Pegunungan Alpen kang misuwur kanthi sesebutan Réduit. Switserlan dadi markas wigati kanggo mata-mata pihak kekarone sasuwene konflik lan asring dadi penengah komunikasi antarané Blok Poros lan Sekutu.

Dol tinuku Switserlan diblokir déning Sekutu lan Blok Poros. Kerja sama ékonomi lan tambahan utangan marang Reich Kaping Telu akèh maceme miturut invasi kang dirasakaké, lan anané mitra dagang liyané. Konsesi puncake seminggu sawisé jaringan KA wigati ngliwati Prancis Vichy diperparah ing taun 1942, marakake Switserlan dikupengi déning Sekutu. Sadawane dalan perang, Switserlan nahan punjul 300.000 pengungsi, 104.000 prajurit asing, diinternir miturut Hak lan Kuwajiban Blok Netral kang digarisi ngisore ing Konvensi den Haag. 60.000 pengungsi iku penduduk sipil kang slamet saka penyiksaan Nazi. Saka kabèh iku, 26.000-27.000 iku wong Yahudi. Nanging, kebijakan imigrasi lan suaka kang ketat kaya déné gayutan keuangan karo Jerman Nazi malah ndadèkaké kontroversi.[11] Nalika perang, Angkatan Udara Switserlan migunakaké montor mabur ing rong pihak, nembaki 11 montor mabur Luftwaffe kang ngganggu nganti tiba ing wulan Mèi lan Juni 1940, uga pengganggu liyané sawisé owahe kebijakan disusul ancaman saka Jerman; punjul 100 montor mabur pengebom Sekutu lan awake diinternir nalika perang. Antarane taun 1944-1945, pengebom Sekutu ngebom ngawur ing kutha Schaffhausen (matèni 40 jiwa), Stein am Rhein, Vals, Rafz (18 jiwa mati), lan kang paling ora misuwur, ing tanggal 4 Maret 1945 Basilea lan Zürich dibom.

Kanton[besut | besut sumber]

Konfèdherasi Switserlan kapérang sajeroning 26 kanton, ya iku:

Basa[besut | besut sumber]

Basa ing Switserlan:
Jerman Standar Switserlan lan Jerman Switserlan (63,7%),
Prancis, Franche-Comte lan Arpitan (19,2%),
Itali lan Lombardia (7,6%),
Romansh (0,6%)

Basa kang ana ing nagara Switserlan:

Dhémografi[besut | besut sumber]

Switserlan dumunung ing antarané werna-werna kabudayan Éropah kang sabanjuré mengaruhi nagara iki. Ana telu basa resmi nasional ya iku basa Jerman, Prancis, lan Itali; sarta siji basa resmi lokal, basa Romansh. Pamaréntah fèdheral wajib migunakaké katelu basa resmi mau lan ing parlemèn disediaké penterjemah. Saben pelajar Switserlan kudu nyinaoni salah siji basa resmi liyané, saéngga akèh sing ndunungi kang bisa wicara rong basa (bilingual). Amarga akèhé sing ndunungi lan pekerja manca (watara 20%), basa Inggris uga akèh dipigunakaké.

Agama kang paling akèh dianut ing Switserlan ya iku Katulik Roma kang dianut déning 43% populasi. Ana uga penganut agama Protèstan watara 35% lan imigrasi nggawa mlebu agama Islam (4%) lan Ortodoks Timur 2%.

Pulitik[besut | besut sumber]

Switserlan iku kalebu nagara republik fèdheral.

Legislatif[besut | besut sumber]

  1. Dewan Nasional
  2. Dewan Nagara

Eksekutif[besut | besut sumber]

Switserlan dadi nagara fèdheral wiwit taun 1948. Switserlan nganut sistem dhémokrasi langsung, lan pamaréntahane kapérang dadi 7 anggota kang dipilih déning Federal Assembly. Pitu wong kasebut uga mandhegani departemen utama. Statuse bisa uga diarani menteri. Pitu wong kasebut gantian dadi présidhèn. Jabatan minangka presidhène, saben wong suwéné setaun.

Nagara Switserlan ambané 41.400 Km2 dipanggedhèni kanthi kolektif déning presidium kang kapérang saka pitu wong. Ketua presidium kang digilir iku mangku kalungguhan présidhèn. Kanthi sistem fèdheral, nagara fèdherale diarani canton. Ana 26 kanton kang ana ing Switserlan. Ana 17 canton ya iku canton Switserlan-Jerman (basa Jerman), 4 canton Switserlan-Romande (basa Prancis), 1 canton basa Itali (Ticino), 3 canton bilingual Prancis-Jerman, lan 1 canton (Graubünden) trilingual Jerman, Itali lan Rumantsch. Kaya mangkono kang ndadèkaké Switserlan duwé papat basa.

Canton-canton iki duwé otonomi kang amba kaya déné sistem nagara fèdheral. Canton-canton iki nggawé aturan laladan dhéwé. Masalah internasional, kehakiman, pertahanan, keuangan nagara dicekel déning pamaréntahan punjer. Déné anggota parlemèn (Federal assembly) asalé saka utusan canton. Canton-canton iki kang bakale nemtokake pitung menteri utama kang bakal dadi présidhèn kanthi gantian. Présidhèn minangka kepala nagara uga ngrangkep minangka kepala pamaréntahan (Perdana Menteri).

Uga delengen[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ Federal Constitution, article 4, "National languages" : National languages are German, French, Italin and Romansh; Federal Constitution, article 70, "Languages", paragraph 1: The official languages of the Confederation are German, French and Italin. Romansh shall be an official language for communicating with persons of Romansh language.
  2. ^ A solemn declaration of the Tagsatzung declared the Federal Constitution adopted on 12 September 1848. A resolution of the Tagsatzung of 14 September 1848 specified that the powers of the institutions provided for by the 1815 Federal Treaty would expire at the time of the constitution of the Federal Council, which took place on 16 November 1848.
  3. ^ "Population size and population composition". Swiss Federal Statistical Office. Swiss Federal Statistical Office, Neuchâtel. 2010. Dijupuk 2011-04-29. 
  4. ^ a b c d "Switzerland". International Monetary Fund. Dijupuk 2010-04-21. 
  5. ^ "Human Development Report 2010" (PDF). United Nations. 2010. Dijupuk 4 November 2010. [pranala mati]
  6. ^ http://www.citymayors.com/features/quality_survey.html
  7. ^ http://www.mercerhr.com/knowledgecenter/reportsummary.jhtml/dynamic/idContent/1128060#top50all
  8. ^ Schwabe & Co.: Geschichte der Schweiz und der Schweizer, Schwabe & Co 1986/2004. ISBN 3-7965-2067-7
  9. ^ Deleng Vladimir Lenin
  10. ^ Let's Swallow Switzerland déning Klaus Urner (Lexington Books, 2002).
  11. ^ The Bergier Commission Final Report, halaman 117.

Pranala njaba[besut | besut sumber]