Révolusi Prancis
Révolusi Prancis iku titiwanci sajeroning sajarah Prancis antara taun 1789 nganti 1799. Ing ing sajeroning wektu iki, pamaréntah lan gagasan ngenani piyé Prancis bakal ditata kerep ngalami owah-owahan. Lumrahé, wong biyasa péngin duwé kakuwasan lan hak.
Wiwitane Révolusi Prancis
[besut | besut sumber]Panguasa raja kang absolut wis ana ing Prancis wiwit jaman panguasane Raja Louis XIII (1610-1643). Ing pangrembakane, banjur panguasa raja kang absolut iki terus dingrembakakake dening para raja sateruse lan tekan pucuke nalika jaman panguasane Raja Louis XIV (1643-1715). Perkara iki bisa dideleng saka tindak tanduke Raja Louis XIV kang nduduhake absolutisme kang dhuwur banget. Tindak tanduke Sang Raja kang watake semu sewenang-wenang, kaya ora anane undang-undang kang ndasari panguasane Sang Raja, pangguna duwit negara kanggo raja lan kulawargane lan digunakake sageleme dhewe, ora anane ukum kang tetep, ora dibentuk dewan legislatif, saengga Sang Raja bisa ngleksanani panguasane tanpa wates.
Para kawula Prancis nalika iku dipara dadi 3 golongan gedhe yaiku golongan wiwitan (Raja lan bangsawan kang minangka golongan kang paling kuasa ing Prancis), golongan kapindho (golongan pandhita) lan golongan katelu (kaum borjuis lan para kawula cilik). Golongan katelu minangka golongan kang mesthi entuk panindes saka raja, para bangsawan lan pandhita kanthi maneka warna pajek kang dibebanake kanggo dheweke.
Raja lan kulawargane, mengkono uga para bangsawan lan pandhita mesthi urip ing panguripan kang sarwa mompyor. Panguripane kang mompyor iku asale saka pajek kang asale saka para kawula. Anggaran duwit raja dipadakake karo anggaran negara, tegese mlebune pajek kang kudune dienggo nyukupi babagan pamrentahan kalebu pembangunan lan nyenengake para kawula mbalik kanggo mbiayani panguripane raja lan kulawargane. Pungkasane, dumadi krisis duwit, yaiku anane dana kang diduweni Praja Prancis nduweni defisit kang dhuwur banget.
Krisis duwit iki ketok banget dumadi nalika jaman pamrentahan Raja Louis XVI (1774-1792). Panguripan Sang Raja kang mompyor ditambah dening watake garwane, yaiku Marie Antoinette kang borosan lan royal dadi beban duwit kang dhuwur kudu ditanggung dening pamrentah Praja Prancis.
Saktemene, sasuwene jaman pamrentahan Louis XV (1715-1774) lan Louis XVI, sawetara mantri, kalebu Turgot (Pengawas Keuangan Umum 1774-1776) lan Jacques Necker (Direktur Jenderal Keuangan 1777-1781), wis usul supaya dianakake pajek Prancis kang lumrah. Sebab krisis duwit Prancis liyane yaiku amarga Prancis sabyantu para koloni ing perang kamardhikan utawa Révolusi Amérika. Bantuan saka Prancis kanggo para koloni asale saka nyilih dana manca negara, njalari utang Prancis saya akeh, malah lipet pindho saka sadurunge. Sawise revolusi Amerika, Prancis kudu mbayar cicilan utang lan bunga silihan kang saya dhuwur.
Revolusi Prancis katone ora mung amarga babagan faktor-faktor material wae. Jumedhule pamikiran-pamikiran anyar babagan pamrentahan nduweni pengaruh kang gedhe marang jumedhule revolusi.
Jebluge Revolusi Prancis 1789
[besut | besut sumber]Jaman pamrentahan Raja Louis XVI katone ora saguh ngadhepi kabeh krisis kang dumadi. Saliyane iku, jedhul wong-wong pendidhikan kelas menengah kang nggawa angin perubahan lan sawetara ambisi kanggo nglakoni penganyaran. Perkara iki dikuwatake kanthi ngrembakane pikiran-pikiran panerangan kang wis sumrambah ing kalangane wong tani, para buruh, lan wong-wong kang asale saka kelas kang rumangsa dilarani.
Krisis dhuwit kang dumadi dicoba diadhepi dening Raja Louis XVI kanthi nganakake pajek kanggo kabeh golongan, kalebu kanggo wong sugih. Perkara iki entuk tentangan utamane saka golongan bangsawan. Golongan iki nduwe anggepan yen anane pajek kanggo dheweke kudu liwat pasarujukan Estates Generale (Badan legislatif). Sidang Estates Generale jebul ora bisa nemokake dalan mrantasi perkara masalah duwit negara. Ing njeron badan iki tuwuh konflik antara kabeh golongan kang kabeh mesthi usul kanggo kapentingan golongane dhewe-dhewe. Pungkasane Raja Louis XVI njupuk kaputusan kang pungkasane malah dadi bumerang kanggo dheweke dhewe lan Praja Prancis. Raja Louis XVI ngusir kabeh golongan saka papan sidang. Perkara iki, njedhulake reaksi kang atos saka golongan ke-3 (kaum borjuis lan kawula cilik) kang sigra nggawe sawijining Dewan Nasional (National Assembly) ing sasi Mei 1789.
Digawene Dewan Nasional iki minangka sawijining wiwitan diwiwitine Revolusi Prancis. Ing wiwitane, dheweke ora nduwe karep kanggo nglengserake panguwasane Raja Louis XVI. Nanging, kang padha dituntut yaiku supaya diwenehake peran politik kang luwih gedhe ing pamrentahan sarta diakui hak-hak dheweke minangka warga negara. Raja Louis XVI mangsuli tuntutan iki kanthi mrentahake 20.000 prajurite supaya mbubarake Dewan Nasional ing Paris. Para kawula Prancis pungkasane melu reaksi kanthi ngangkat pusaka kanggo nglindhungi Dewan Nasional. Dumadi perang ing antarane 2 pihak.
Ing tanggal 14 Juli 1789, para kawula kang ngamuk nyerang pakunjaran Bastille lan ngetokake kabeh tahanan politik, prajurit jagane dipateni, lan ngrebut sawetara amunisi kang ana ing njeron pakunjaran. Penyerangane diterusake menyang kraton raja, Kastil Versailles, sarta omah sawetara bangsawan sugih sinambi ngrampas bandha donya kang ana ing njerone.
Ing tanggal 4 Agustus 1789, akeh-akehe golongan bangsawan lan pandhita melu gabung ing njero Dewan Nasional. Mlebune dheweke ing Dewan Nasional dibarengi uga dening kasiyagane kanggo ngeculake kabeh hak-hak istimewa kang sasuwene iki diduweni. Kedadeyan iki nandakake pungkase sistem feodalisme ing Prancis.
Dewan Nasional kang saiki anggotane wis dumadi saka kabeh golongan kang ana ing masyarakat, sigra nglakoni pakaryan-pakaryan kang revolusioner. Ing tanggal 26 Agustus 1789, ditokake sawijining deklarasi babagan hak-hak manungsa lan warga negara.
Ing taun 1792 monarki dibusak lan republik diadegake. Sistem tatanan masyarakat sing lawas kanthi kelas-kelase dibusak lan diganti dening tatanan masyarakat anyar kang adhedhasar kebebasan, padha, lan paseduluran.
Revolusi Prancis iki ndadekake giris mirise negara-negara Éropa liyane, kayata Ostenrik lan Prusia. Negara-negara iki banjur nampung korban pelarian revolusi Prancis kang sigra mbentuk kelompok kontra revolusi. Kelompok kontra revolusi banjur mbangun kekuatan kanthi dalan nggolek panyengkuyung negara-negara Eropa kasebut kanggo ngambrukake pamrentahan Prancis anyar asil saka revolusi. Weruh anane kelompok iki, Raja Louis XVI ngupaya mlayu lan gabung dening kelompok kontra revolusi kanggo nyusun kekuatan. Ananging, rencana mlayu iki diweruhi lan njedhulake nesune para kawula.
Para kawula banjur ngukum pati raja lan kulawargane nganggo sawijining piranti kang sinebut guillotine. Pungkasane pamrentahan monarki dibubarake ing sasi Agustus 1792.
Sawise monarki parlementer dibubarake, banjur Prancis dadi Republik. Obahe menyang Republik iki luwih diwiwiti dening anane Pemilihan Umum. Ing sangisore pamrentahan anyar iki, Prancis nyoba nahanake pamrentahan revolusi, kalebu perang mungsuh negara-negara kang ngupaya nggagalake asil Revolusi Prancis.
Prancis dicoba dikuwasani dening para kaum moderat, nanging dikalahake dening kaum kang luwih radikal, kayata Jacques Hebert lan Georges Danton. Kaum radikal padha selisihan lan pungkasane pecah. Kelorone banjur diukum pati dening Maximillian de'Robespierre.
Robespierre nduwe anggepan yen kanggo nylametake revolusi perlu dibentuk sawijining pamrentahan kang atos lan kudu nindak tegas kabeh wong kang dianggep kontra revolusi. Ing sangisore kepemimpinane, dheweke wis ngukum pati watara 2500 wong kang dianggep kontra revolusi nganggo piranti guillotine. Mesthi wae akeh sing ora sarujuk dening pola pamrentahan kang dilakoni Robespierre. Pungkasane kakuwasan bisa direbut dening anggota konvensi saka pamrentahan republik, lan Robespierre mungkasi uripe ing guillotine.
Pamrentahan Dhirektori
[besut | besut sumber]Ing sasi Oktober 1795, dibentuk pamrentahan anyar kang luwih moderat asale saka golongan borjuis. Pamrentahan anyar kang sinebut Pamrentahan Direktory iki dipimpin dening warga negara paling apik kang gunggunge 5 wong kang dipilih dening parlemen.
Ananging jebul pamrentahan direktory dianggep ora demokratis dening dibusake hak pilih kanggo wanita lan para kawula miskin. Saliyane iku, pamrentahan direktory dianggep sering nglakoni pelanggaran konstitusional kang bakal ngancem kesatuan nasional kang lagi revolusi. Pungkasane njedhul dhesakan saka para kawula Prancis supaya mbubarake pamrentahan direktory lan milih Napoléon Bonaparte kang nalika iku dianggep minangka pahlawan kanggo nggujengi tampuk pamrentahan Prancis.
Nyatane, pamrentahan kang dilakoni dening Napoleon sifate luwih diktator. Perkara iki dideleng saka disingkirake kabeh klompok oposisi sarta ngekang kebebasan politik lan kebebasan pers. Kabeh kakuasan politik dikendalekke dening Napoleon kanthi jeneng Konsul Wiwitan (First Consul). Ananging, para kawula Prancis ora peduli, sebab ngantia kepriye, Napoleon kasil mbangun sawijining stabilitas politik kang sasuwene iki banget dikangeni pasca revolusi. Kasil militere ing nguwasani daerah-daerah kang dianggep mungsuh Prancis saya ngunggahake pamore ing mripate para kawula.
Amarga saka iku, nalika Napoleon jumeneng dadi kaisar, akeh-akehe para kawula liwat referendum nyarujuki jumenengane kasebut. Kanthi mangkono, republik Prancis saiki owah dadi sawijining imperium kang dipimpin dening Napoleon kanthi jejuluk Gusti Kaisar Napoleon I.
Napoleon nduwe ambisi kanggo manunggalake kabeh wewengkon Eropa ing njeron panguwasan Prancis. Mesthi wae ambisi kasebut ora gampang diwujudake, amarga entuk tentangan atos saka negara-negara Eropa liyane.
Negara-negara Eropa kayata Inggris, Swèdhen, Spanyol, Prusia, lan Ostenrik sigra mbangun prajurit koalisi kanggo mbendungi ambisine Napoleon. Dumadi perang koalisi antara taun 1795 nganti taun 1815. Ing taun 1813, prajurite Napoleon kalah saka prajurit koalisi ing Leipzig. Napoleon kasil dicekel lan diguwang menyang Pulo Elba kang ana ing pesisir Itali.
Kanthi dicekele Napoleon, imperium Prancis otomatis bubar. Napoleon sempet mlayu lan sigra mbentuk maneh prajurit Prancis kanggo ngadhepi prajurit koalisi. Ananging, pungkasane Napoleon kalah maneh ing paprangan kang dumadi ing Waterloo ing taun 1815. Napoleon diguwang maneh menyang sawijining pulo kang adoh banget, Santa Héléna papane dheweke seda ing taun 1821. Pasca dicekele Napoleon pungkasane dianakake Konggres Wina ing Ostenrik taun 1815. Kongres kasebut nyarujuki dibalekake lan dipulihake kahanan Prancis kaya sadurunge dikuwasani Napoleon.
Sumber
[besut | besut sumber]- Wiwik Fauziah, Joko Sujanto, Syaifudin Zuhri (2010) Atlas Sejarah Indonesia & Dunia. Sidoarjo: CV Orion.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- The Musée de Veygoux[pranala mati permanèn] - a musiyum in Auvergne dedicated to the French Revolution and Desaix
- The Declaration of the Rights of Man and of the Citizen Archived 2013-06-06 at the Wayback Machine.