Menyang kontèn

Bank

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bank CIMB

Bang ya iku panggonan kang resmi kanggo nyimpen dhuwit.[1] Miturut pasal 1 Undhang-Undhang No. 4 Taun 2003 babagan Prabangan, Bang iku Bang umum lan Bang Pakrèdhitan Rakyat kang nglakoni usaha konvènsional utawa manut prinsip saréngat kang nglakonané mbagi jasa pambayaran.[1] Tembung Bang asliné saka basa Itali kang duwé teges dhuwit.[2]

Jinis-jinis Bank

[besut | besut sumber]

Jinis Bank miturut kang nyelenggarakaké

[besut | besut sumber]
  • Bank Pamaréntah
  • Bank Swasta Asing
  • Bank Koperasi

Jinis Bank miturut hukum

[besut | besut sumber]
  • Persero (Perusahaan Perseroan)
  • Perseroan Terbatas (PT)
  • Perusahaan Laladan (PD/Perusda)
  • Koperasi

Jinis Bank miturut fungsiné

[besut | besut sumber]
  • Bank Sentral

Bank Sentral minangka bank duwèké pamaréntahya iku panggonan resmi dhuwit kang ora duwé tujuan kanggo nglumpukaké bathi nanging kanggo tujuan kang mligi kaya ta nangani masalah perbankan utawa dudu bank, njaga tingkatané rega, kalodhangan makarya, lan pungkasané kanggo ngembangaké ékonomi.[3] Bank Sentral uga bank minsngks pusat struktur moneter lan perbankan ing nagara kang gegayutan lan kang nglakoni.[3]

Fungsiné Bank Sentral:

  1. .Nglancaraké bayaran: a.nggawé dhuwit kartal; b.nyelenggarakaké kliring kanggo bank umum.[3]
  2. .Minangka bankir, agen lan penaséhét pamarintah: a.njaga rekeningpamarintah; b.mènèhi silihan sauntara; c.mènèhi silihan kang mligi; d.nglakoni transaksi kang nyangkut adol tuku valuta asing (valas); e.nampa bayaran pajeg; f.mbiyantu bayaran pamarintah saka pusat ana ing laladan; g.mbiyantu ngedaraké surat berharga pamarintah; h.ngumpulaké lan nganalisis data ékonomi.[3]
  • Bank Umum

Bank Umum ya iku bank kang nglakokaké usaha scara konvensional lan utawa miturut prinsip syariah kang mbagèkaké jasa pembayaran.[4] Sipat jasa kang dibagèkaké ya iku umum.[4] Bank Umum uga sok diarani Bank Komersial.[4]

Tatacara bank umum kang utama kaya ta: a. nyimpen dhuwit saka masarakat kang wujudé giro, deposito, sertifikat deposito, tabungan; b. mbagèkaké kredit; c. nerbitaké surat pengakuan hutang; d. mindahaké dhuwit; f. nampa bayaran saka tagihan surat berharga; g. nyediyani panggonan kanggo nyimpen barang lan surat berharga.[4]

  • Bank Perkreditan Rakyat (BPR)

Miturut Undang-Undang Nomer 7 taun 1992 babagan Perbankan kang mau Bank Perkreditan Rakyat ya iku bank kang nampa simpenan namung wujud deposito berjangka, tabungan lan utawa wujud liyané kang meh padha;

Tatacara Bank Perkreditan Rakyat kaya ta: a. nyimpen dhuwit saka masarakat kang wujudé simpenan kaya ta deposito berjangka, lan tabungan; b. memberi kredit; c. nyediani mawabeya kanggo nasabah marang prinsip mbagi kasil manut kang dikukuhaké pamarintah; d. manggonaké dhuwité kalebu wujud sertifikat Bank Indonesia (SBI).[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]