Sèrbi
|
Република Србија
Républika Srbija |
||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
|
||||||
| Motto: Само Слога Србина Спасава | ||||||
| Antem: Bože pravde | ||||||
| Kutha krajan lan paling gedhé |
Beograd | |||||
| Basa resmi | Serbia1 | |||||
| Papréntahan | Républik | |||||
| • | Presiden | Tomislav Nikolić | ||||
| • | Perdana Menteri | Ivica Dačić | ||||
| Kamardikan | ||||||
| • | Banyu (%) | n/a | ||||
| Cacah jiwa | ||||||
| • | Rantaman 2002 | 9.396.411 (83) | ||||
| • | Cacah sirah - | - | ||||
| GDP (PPP) | Rantaman 2010 | |||||
| • | Gunggung | US$79,94 milyar[1] (75) | ||||
| • | Per kapita | US$10.830 (74) | ||||
| Valuta | Dinar Serbia uga euro ing Kosovo (ALL) |
|||||
| Wilayat wektu | (UTC+1) | |||||
| • | Mangsa Panas (DST) | (UTC+2) | ||||
| Kodhé bèl | 381 | |||||
| TLD Internèt | .rs ; .srb | |||||
| 1 Ing Vojvodina, basa-basa iki dadi basa resmi: Romania, Rusyn, Hongaria, Slovak lan Kroasia. | ||||||
Sèrbi utawa resminé Républik Sèrbi (basa Serbiya: Република Србија utawa Républika Srbija) ya iku nagara républik ing kidul-wétan lan tengah Éropah. Serbiya wewatesan karo nagara Hongariya ing sisih lor; Rumaniya lan Bulgariya ing sisih wétan; Républik Makedonia lan Albaniya ing sisih kidul; lan Gununghireng, Krowasiya, lan Bosniya-Herjegowina ing sisih kulon.
Asal mulané nagara Serbiya wiwit saka pratengahan abad kaping 9. Kerajaan Serbiya muncul ing abad kaping 11, lan ana ing abad kaping 13 owah dadi Kakaisaran Serbiya. Sawisé taun 1918, Serbiya minangka anggota perintis Yugoslawiya kanthi werna-werna jinis (Karajaan Yugoslawiya, Républik Federal Sosialis Yugoslawiya lan Républik Federal Yugoslawiya).
Ana ing tanggal 21 Mei 2006, rakyat Gununghireng nganakaké Referendum kanggo Kamardikan Gununghireng lan cacah 55,5 persen milih Gununghireng mardhika. Sabanjuré nagara Uni iku pisah manèh dadi nagara Républik Serbiya lan Républik Gununghireng.
Tanggal 17 Februari 2008 Kosowo proklamasi kamardikan saka Serbiya, lan tanggal 18 Februari 2008 diakoni déning 17 nagara.[2][3][4]
Isi
Geyografi[besut | besut sumber]
Serbiya dumunung ing Éropah, ya iku ing ujung Balkan lan ing Dhataran Pannonian. Nagara iki lokasiné dadi simpang dalan antarané Éropah Tengah, Éropah Kidul lan Éropah Wétan. Kali Danube (2850 km) mili ngliwati nagara iki ing sisih lor, dawané watara 588 km lan dadi tapel wates karo nagara Kroasia lan sebagéan saka Romania, sadawané Dhataran Wallachian ing sisih wétan. Kali Sava minangka tapel wates sisih kidul karo Propinsi Vojvodina, mili tumuju Kali Danube ing kutha Beograd, lan ngliwati pabukitan Fruška Gora ing sisih kulon. Suwidak kilometer sisih lor-wétané Beograd, kali Tisa mili tumuju menyang kali Danube, sawise mili adohé 1350 km saka Ukraina, lan kali Kali Timiş (60 km/350 km), kang sabagéan bisa dilayari, mili uga menyang kali Danube ing Pančevo. Kali Begej (254 km) mili tumuju menyang kali Tisa ing cedhak Titel. Kabèh saka lima kali mau bisa dilayari, ngubungaké nagara iki karo Éropah Lor lan Éropah Wétan (liwat rute Rhine-Main-Danube Canal – Segara Lor), menyang Éropah Wétan (liwat rute Kali Tisa–, Timiş–, Kali Begej – lan Danube – Segara Ireng) lan menyang Éropah Kidul (liwat Kali Sava).
Tapel wates sisih wétan arupa Pagunungan Carpathian, kang mujur ing Éropah Tengah. Pagunungan Carpathian ketemu Pagunungan Balkan, sadawaning ilèn Kali Velika Morava, kali kang dawané 500 km (sabagéan bisa dilayari). Pucuk Midžor minangka pucuk gunung paling dhuwur ing tlatah Serbiya Wétan, ya iku dhuwuré 2156 m. Ing kidul-wétan, Pagunungan Balkan ketemu karo Pagunungan Rhodope, ngubungaké nagara iki karo nagara Yunani.
Gunung Šar ing Kosowo dadi tapel wates karo nagara Albania, kanthi siji pucuk ya iku Djeravica (2656 m). Alpen Dinaric ing Serbiya mujur sadawané ilèn Kali Drina (350 km bisa dilayari kapal cilik) adhep-adhepan karo pucuk Dinaric ing sebrangé pasisir ing Bosnia-Herzegovina.
Taman Nasional[besut | besut sumber]
Serbiya duwé 5 taman nasional:
- Fruška Gora (250 km²)
- Kopaonik (120 km²)
- Tara (220 km²)
- Đerdap (640 km²)
- Šar-planina (390 km²) - in Kosowo and Metohija
Pamaréntahan lan pulitik[besut | besut sumber]
Presidhèn Serbiya saiki ya iku Boris Tadić, pamimpin parté Dhémokrat Serbiya (DS). Boris Tadić menangaké 53% swara ing puteran kapindho jroning pamilihan umum tanggal 27 Juni 2004. Serbiya nganakaké referendum ing tanggal 28 -29 Oktober 2006 kanggo ratifikasi konstitusi anyar paska Milošević. Tanggal 8 Mèi 2007, Tomislav Nikolić kapilih dadi Ketua Parlemèn Serbiya.[5] Sawisé négosisasi ing menit-menit pungkasan atara parté Dhémokrat Serbiya lan parté DSS wusanané disetujoni pamaréntahan anyar ing tanggal 11 Mèi 2007 antara DS, DSS lan G17 Plus.[6] Bab iki ndadèkaké munduré Nikolić rong dina sawisé iku ing tanggal 13 Mèi 2007. Nikolic digantèkaké déning Oliver Dulić.
Pamérangan administratif[besut | besut sumber]
Serbiya dipérang dadi 29 dhitrik lan siji kutha ya iku Beograd. Dhistrik lan kutha mau banjur dipérang manèh jroning sawetara munisipal. Serbiya nduwé siji propinsi otonom ya iku Vojvodina (7 dhistrik, 46 munisipal). Sadurungé mardika Kosowo uga arupa propinsi otonom ing Serbiya. Pérangan sing dumunung ing antara propinsi Vojvodina dan tilas propinsi Kosowo mau sing diarani Serbiya tengah. Serbiya tengah iku dudu sawijining laladan administratif lan ora nduwèni pamaréntahan dhéwé. Jroning Basa Inggris tlatah iki dijuluki Serbiya proper kanggo nuduhaké "pérangan saka Républik Serbiya sing ora klebu propinsi otonom kaya kasebut jroning Kapustakan Konggrès Amérika Sarékat.[7] Julukan iki uga dipigunakaké ing Basa Serbo-Kroasia ing jamané Yugoslawiya (kanthi istilah "uža Srbija", sing maknané: "Serbiya ciut").
Demografi[besut | besut sumber]
- Statistik Populasi Serbiya (Mei 2005)
- Serbiya (total): 9,396,411
- Serbiya tengah: 5,479,686
- Vojvodina: 2,116,725
- Kosowo: watara 1,800,000 jiwa (Cathetan: Wiwit tanggal 17 Februari 2008 metu saka Serbiya lan ngadegaké nagara dhéwé).
| Serbia (ora klebu Kosowo) ing 2002 | ||||
|---|---|---|---|---|
| Serbiyan | 82.86% | |||
| Hungariyan | 3.91% | |||
| Bosniakan | 1.82% | |||
| Roman | 1.44% | |||
| Yugoslawan | 1.08% | |||
| liya-liya | 9.79% | |||
Padunung Serbiya mayoritas saka suku Serbiya (Serbiyan). Golongan minoritas kang wigati antara liya: Albaniyan (mayoritas ing Kosowo), Hungariyan, Bosniakan, Ruman, Kroasiyan, Ceskan lan Slowakan, Gununghirengan, Makedoniyan, Bulgariyan, Rumaniyan, lsp. Loro prowinsi ya iku Wojwodina lan Kosowo, sacara suku lan agama pancèn béda.
Miturut sensus resmi pungkasan[8] data taun 2002, komposisi suku Serbiya:
- Total: 7,498,001
- Suku Serbiyan: 6,212,844 (82.86%)
- Suku Hungariyan: 293,172 (3.91%)
- Suku Bosniyan: 136,464 (1.82%)
- Suku Ruman: 107,971 (1.44%)
- Suku Yugoslawiyan: 80,978 (1.08%)
- Liya (kurang saka 1%): 666,572 (8.89%)
Kutha wigati[besut | besut sumber]
Kutha wigati (padunung luwih saka 50,000 jiwa ing laladan kutha) — data sensus taun 2002 ( data taun 2005/2006 kanggo Nowi Sad/Belgrad[9]).
| Kutha | Populasi | |
|---|---|---|
| Urban | Metropolitan | |
| Bélgrad | 1,304,219 | 1,689,667 |
| Nowi Sad | 255,071 | 333,895 |
| Nis | 236,722 | 252,131 |
| Kraguyewac | 147,473 | 211,580 |
| Subotitsa | 99,471 | 147,758 |
| Jrenyanin | 79,545 | 131,509 |
| Leskowac | 78,030 | 156,252 |
| Smédéréwo | 77,808 | 109,867 |
| Pancéwo | 77,087 | 127,162 |
| Krušéwac | 75,256 | 131,368 |
| Cacak | 73,217 | 117,012 |
| Ujitsé | 63,577 | 83,022 |
| Walyéwo | 61,035 | 96,761 |
| Kralyéwo | 57,411 | 121,707 |
| Sabac | 55,240 | 122,893 |
| Weranyé | 55,052 | 87,288 |
| Nowi Pasar | 54,604 | 85,249 |
| Sombor | 51,471 | 97,263 |
- Ing ngisor iki kutha wigati (padunung luwih saka 50,000 jiwa inh kutha) ing Kosowo lan Metohiya, miturut prakiran : World Gazetteer : Pristina (271,532), Prijrén (171,464), Uroséwac (101,353), Jakowitsa (100,311), Péc (97,250), Genyilané (94,990), Kosovska Mitrovica (88,006), Podujevo (50,642).
- Wiwit tanggal 17 Februari 2008 Kosowo metu saka Serbiya lan ngadegaké nagara dhéwé.
Agama[besut | besut sumber]
| Serbiya (ora klebu Kosowo) ing taun 2002 | ||||
|---|---|---|---|---|
| agama | persen | |||
| Ortodoksi Wetanan | 84.1% | |||
| Katulik Roma | 6.24% | |||
| Islam | 4.82% | |||
| Krésten Protestan | 1.44% | |||
Ma'abad-abad tlatah Serbiya dadi tapel wates agama anatara Ortodok lan Katulik Roma, banjur mlebuné agama Islam, Serbiya dadi nagara kang dumadi saka manéka warna penganut agama ing bawana Éropah.
Komunitas Islam[besut | besut sumber]
Kaum muslim ing Serbiya dumadi saka sawetara komunitas ya iku:
- "Komunitas Islam Serbiya" (Islamska zajednica Srbije), kanthi kapanggonan ing Belgrad, sacara administratif dipimpin déning (Mufti Ageng) Adem Jilkic.
- "Komunitas Islam ing Serbiya" (Islamska zajednica u Srbiji), kanthi kalungguhan ing Nowi Pasar, sacara administratif dipimpin déning mufti Muamer ef. Zukorlić, nyakup sawetara organisasi ya iku:
- Komunitas Islaming Sandiyak (Islamska zajednica Sandžaka), kanthi kalungguhan ing Nowi Pasar, dipimpin déning mufti Muamer Zukorlić.
- Komunitas Islam ing Woywodina (Islamska zajednica Vojvodine), kanthi kalungguhan ing Nowi Sad, dipimpin dénig mufti Fadil Murati.
- Komunitas Islam ing Lembah Presewo (Islamska zajednica Preševske Doline), kanthi kalungguhan ing Presewo.
- Komunitas Islam ing Serbiya Pusat (Islamska zajednica Centralne Srbije), kanthi kalungguhan ing Beograd.
Delengen uga[besut | besut sumber]
Referensi[besut | besut sumber]
- This article contains material from the CIA World Factbook which, as a U.S. government publication, is in the public domain.
- ^ "International Monetary Fund, World Economic Outlook Database, April 2011: Nominal GDP list of countries. Data for the year 2010". Imf.org. 14. 9. 2006. Retrieved 25. 1. 2013.. Check date values in:
|access-date=, |date=(help) - ^ US Secretary of State Condoleezza Rice (2008-02-18). "U.S. Recognizes Kosovo as Independent State". U.S. Department of State. Archived from the original on 2008-02-19. Retrieved 2008-02-18. Check date values in:
|date=(help) - ^ "Britain, France recognise Kosovo". Associated Press. 2008-02-18. Retrieved 2008-02-18. Check date values in:
|date=(help) - ^ Castle, Stephen (2008-02-18). "Kosovo is Recognised by U.S., France and Britain". Retrieved 2008-02-18. Check date values in:
|date=(help) - ^ Nick Hawton (8 May 2007). "Political uncertainty stalks Serbia" (in English). BBC News.
- ^ "Tadić, Koštunica reach cabinet deal" (in English). B92. 11 May 2007.
- ^ Library of Congress. "Glossary -- Yugoslavia" (in English).
- ^ "Statistical office of the Republic of Serbia" (in Serbian).
- ^ "Beograd u brojkama" (PDF) (in Serbian). City of Belgrade Institute for Informatics and Statistics. 2006.
Pranala jaba[besut | besut sumber]
| Temokna informasi luwih akèh ing Serbia kanthi nggolèki ing proyèk kagandhèng Wikipedia | |
|---|---|
| Dictionary definitions saka Wiktionary | |
| Textbooks saka Wikibooks | |
| Quotations saka Wikiquote | |
| Source texts saka Wikisource | |
| Images and media saka Commons | |
| News stories saka Wikinews | |
| Learning resources saka Wikiversity | |
- (en) Pamaréntah Serbiya
- (en) Parlemen Serbiya
- RTS - Stasiun Televisi Serbiya
- (en) Dunia pers Serbiya setelah runtuhnya Komunisme & Milosevic
Pamaréntah[besut | besut sumber]
(In alphabetical order of domain name.)
- People's Office of Serbiyan President
- City of Kragujevac the first in everything
- National Bank of Serbiya
- National Assembly of Serbiya
- President of the Republic of Serbiya
- The EU integration Office of Serbiyan Government
- National Tourism Organisation of Serbiya
- Serbiyan Government
- Republic of Serbiya Statistical Office
- Belgrade Travel Guide, Serbiya
Link liyané[besut | besut sumber]
- Orlovi - Serbiyan Diaspora in France
- CIA World Factbook profile of Serbiya
- Serbiya Business Country Gateway - Doing Business in Serbiya
- Japan Mint: 2006 International Coin Design Competition, Future Designer award – "Nikola Tesla" by Aleksandra Stokic (Serbiya)
| Geographic locale | ||||||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
|
||||||||||||||||||||||||
| International organizations | |||||||||||||||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
|
Cithakan:Dewan Éropah Cithakan:Uni Éropah Cithakan:CEFTA Cithakan:Black Sea Economic Cooperation countries
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||
|
||||||||||