Bèlgi
|
|||||
| Motto: L'union fait la force | |||||
![]() |
|||||
| Basa resmi | basa Prancis, basa Walanda | ||||
| Kutha krajan | Brusel | ||||
| TLD | .be | ||||
| Kode telepon | 32 | ||||
Bèlgi iku nagara ing jagad Éropah. Padunungé cacahé kira-kira ana 10 yuta. Kutha krajanné iku Brusel. Nagara iki ing sisih lor wewatesan karo Walanda, ing sisih wétan karo Jerman lan ing sisih kidul karo Perancis lan Luksemburg. Déné ing sisih kulon Belgia wewatesan karo Segara Lor, ing sebrangé Britania Raya.
Demografi[besut | besut sumber]
Belgia dipanggoni déning sawetara bangsa ya iku:
- Suku bangsa Flandria (Vlamingen) kang nganggo basa Walanda (~ 60% )
- Suku bangsa Walonia (Wallons) kang nganggo basa Perancis (~ 35% )
- Suku bangsa Jerman (Deutschen) kang nganggo baha Jerman (kurang saka 1% )
Aspek-aspek basa lan budhaya iki akèh mènèhi warna sajarah Belgia. Puluhan taun suwéné, suku bangsa Flandria didiskriminasi déning suku bangsa Walonia, senajan cacahé luwih akèh. Nembé ing abad ka-20, sithik mbaka sithik situasi dadi luwih apik, nganti saiki ékonominé tansaya apik.
Pamérangan administratif[besut | besut sumber]
Komunitas Flandria (Penutur basa Walanda) |
Komunitas Prancis (Penutur basa Perancis) |
Komunitas penutur Jerman |
kawasan Flandria |
kawasan Walloon |
kawasan Brusel-Kutha krajan |
Konstitusi negeri iki direvisi tanggal 14 Juli 1993 kanggo nyiptakaké nagara federal kang unik, adhedhasar telung tingkatan:
- Pamaréntah federal, basis ing Brusel.
- 3 masyarakat basa:
- 3 kawasan (kang béda saka komunitas ngèlingi marang anané komunitas penutur basa Jerman ing kawasan Brusel):
Konflik ing antara komunitas mau dirampungké déning Pengadilan Arbitrasi. Pengaturan iku mujudaké kompromi antara budaya-budaya kang béda-béda nanging urip bebarengan sarana damai.
Delengen uga[besut | besut sumber]
- Daftar nagara
- Daftar nagara miturut bawana
- Daftar nagara miturut amba wewengkon
- Daftar lagu kabangsan
- ISO 3166-1
- Moresnet
Catatan[besut | besut sumber]
Pranala jaba[besut | besut sumber]
Pirsani pandhuan wisata Bèlgi ing Wikivoyage
- (de) Portal resmi
- (en) Situs resmi pariwisata
- (en) Peta Brusel
- (de) Galeri foto
|
||||||||||
