Sepanyol
|
Reino de España
|
||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
|
||||||
| Motto: Plus Ultra (Latin: "Manèh mangarep") |
||||||
| Antem: Marcha Real | ||||||
| Kutha krajan lan paling gedhé |
Madrid | |||||
| Basa resmi | Spanyol1 | |||||
| Papréntahan | Monarki parlementer | |||||
| Persatuan | ||||||
| • | Banyu (%) | 1,04% | ||||
| Cacah jiwa | ||||||
| • | Rantaman 2005 | 43.209.511 (27) | ||||
| • | Cacah sirah 2001 | 40.847.371 | ||||
| GDP (PPP) | Rantaman 2005 | |||||
| • | Gunggung | US$1.026.340 yuta (14) | ||||
| • | Per kapita | US$24.803 (29) | ||||
| Valuta | Euro (€)2 (EUR) | |||||
| Wilayat wektu | CET3 (UTC+1) | |||||
| • | Mangsa Panas (DST) | CEST (UTC+2) | ||||
| Kodhé bèl | 34 | |||||
| TLD Internèt | .es | |||||
| 1 Jroning sawetara wewengkon otonomi, basa Katalan, basa Basque, lan basa Galicia uga minangka basa resmi; ing Val d'Aran, dhialek Aranais saka Occitan dadi basa resmi kaloro. 2 Sadurungé 1999: Peseta 3 saliyané ing Kepuloan Canary, kang ana ing zona wektu GMT (UTC = +0, UTC = +1 ing musim panas). |
||||||
Karajan Spanyol (basa Spanyol lan Galisia: Reino de España, Katalan: Regne d'Espanya, Basque: Espainiako Erresuma) ya iku nagara ing Éropah kidul-kulon, kang bebarengan karo Portugal, dumunung ana ing Ujung Iberia. Wates dharat Spanyol karo Éropah ya iku Pegunungan Pyrenia wewatesan karo Perancis lan Andorra. Wewengkoné uga nglingkupi kutha Ceuta lan Melilla ing Afrika Lor, Kepuloan Canary ing Samodra Atlantik, lan sawetara pulo ing Laut Tengah.
Isi
Geografi[besut | besut sumber]
Wewengkon Spanyol diwatesi déning Portugal ing sisih kulon, sarta Gibraltar lan Maroko ing sisih kidul. Spanyol wewatesan karo Perancis lan Andorra ing sisih lor-wétan ngliwati Pegunungan Pyrenia. Wates segarané ya iku Samodra Atlantik ing sisih kulon lan Lempongan Biscay ing sisih lor sarta Laut Tengah ing sisih wétan, papan ing ngendi Spanyol nduwèni wewengkon Kepuloan Balearik. Ing sisih kidul, ana Selat Gibraltar. Kutha-kutha ing Spanyol kanthi padunung paling akèh antara liya Madrid, Barcelona, Valencia, Sevilla, lan Málaga.
Lansekap Spanyol didominasi déning dhataran dhuwur lan pegunungan, kayata Pyrenia lan Sierra Nevada. Saka panggonan mau, mili sawetara kali.
Iklim Spanyol kabagi papat bagéyan:
- Mediterania
- Laladan Njero
- Pesisir Lor
- Kepulauan Canary
Pembagéyan administratif[besut | besut sumber]
Spanyol dibagi 50 propinsi, dikelompokaké jroning 17 wewengkon otonomi lan 2 kutha otonom kang nduwèni otonomi kang ombèr.
Wewengkon otonomi[besut | besut sumber]
Spanyol dumadi saka 17 wewengkon otonomi (comunidades autónomas) lan loro kutha otonom (ciudades autónomas; Ceuta lan Melilla).
- Andalusia utawa Andalucía)
- Aragon
- Asturias
- Kapuloan Baleares
- País Vasco (utawa Basque Country)
- Kapuloan Canary (Islas Canarias)
- Cantabria
- Castile-La Mancha (Castilla-La Mancha)
- Castile lan Leon
- Katalonia
- Extremadura
- Galicia
- La Rioja
- Madrid
- Murcia
- Navarre
- Valencia
Propinsi[besut | besut sumber]
Karajan Spanyol uga kapérang dadi 50 propinsi (provincias). Wewengkon otonomi ngelompokaké sawetara propinsi (Extremadura, contoné, dumadi saka rong propinsi: Cáceres lan Badajoz). Wewengkon otonomi Asturias, Kepulauan Baleares, Cantabria, La Rioja, Navarre, Murcia, lan Madrid, kabèh mau mung dumadi saka sak propinsi. Sacara tradisional, propinsi-propinsi mau kapérang manèh marang wewengkon bersejarah (comarcas).
Wewengkon kadhaulatan[besut | besut sumber]
Ana lima enklave (plazas de soberanía) ing pesisir Afrika: kutha Ceuta lan Melilla minangka kutha-kutha otonom, sawijining status ing antarané kutha lan wewengkon otonom; kepuloan Islas Chafarinas, Peñón de Alhucemas, lan Peñón de Vélez de la Gomera ana ing ngisoré pamaréntahan pusat ing Spanyol.
Ceuta lan Melilla, senajan dudu wewengkon bersejarah' sacara resmi, uga nduwé status istimewa.
Uga pirsani[besut | besut sumber]
Pranala jaba[besut | besut sumber]
Pirsani pandhuan wisata Sepanyol ing Wikivoyage
- (es) Portal resmi
- (es) Ramalan cuaca
| Wilayah otonomi Spanyol (comunidades autónomas) | |
|---|---|
|
|
|
|
|
|
|---|---|
|
Austria | Belanda | Belgia | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Jerman | Hongaria | Irlandia | Italia | Latvia | Lituania | Luxemburg | Malta | Perancis | Polandia | Portugal | Rumania | Siprus | Slowakia | Slovenia | Spanyol | Swedia | Yunani |
|
|
||||||||||
