Masjid Agung Jawa Tengah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Masjid Agung Semarang)
Masjid Agung Jawa Tengah
Barkas:Masjid Agung Jateng Indonésia4.jpg
Masjid Agung Jawa Tengah
Informasi umum
PrenahSemarang, Jawa Tengah, Indonésia
Afiliasi agamaIslam
Sana wèbwww.majt.org
Deskripsi arsitektur
ArsitèkIr. H. Ahmad Fanani
Jinis arsitèkturMasjid
Gaya arsitekturCampuhan Aritektur Jawa, Arab, lan Éropa
Yasa pratama simbulis10.000 M2
Taun rampung14 November 2006
Spesifikasi
Kapasitas6.000 ditambah 10.000 jamaah (Kapasitas serambi masjid)
Kubah1
Dhiamèter kubah jaba20 mèter
Menara4 Menara masjid ditambah 1 Menara kang kapisah
Dhuwuré menara62 mèter (Menara Masjid), 99 mèter (Menara Asmaul Husna)
Barkas:Masjid Agung Jawa Tengah Indonésia.jpg
Gapura Masjid Agung Semarang Jawa Tengah
Masjid Agung Jawa Tengah kang mapan ing Gayamsari, Semarang, Kutha Semarang.
Masjid Agung Jawa Tengah nalika awan.

Masjid Agung Jawa Tengah yaiku masjid paling megah ing Indonésia.[1] Masjid kanthi arsitèktur kang éndah iki wiwit diyasa nalika taun 2001 lan dadi ing taun 2006.[1] Komplèks masjid yaiku gedhong utama ambané 7.669 m2 déné lataré ambané 7.500 m2.[1] Masjid Agung Jawa Tengah mapan ing dalan Gajah Raya, ing Désa Sambirejo, Gayamsari, Semarang, Kacamatan Gayamsari, Semarang, Kutha Semarang.[2] Masjid iki diyasa wiwit dina Jumat, 6 Septèmber 2002 kanthi dipasangé cagak pancang utawa saka sing sepisanan déning Mantri Agama Républik Indonésia Prof. Dr. H. Said Agil Husen al-Munawar, KH. MA Sahal Mahfudz lan Gubernur Jawa Tengah, H. Mardiyanto.[3] Pemasangan cagak pancang pisanan iku uga dirawuhi pitu duta besar saka nagara-nagara sahabat, ing antarané Arab Saudi, Uni Emirat Arab, Qatar, Kuwait, Mesir, Palestina, lan Abu Dhabi.[3]

Barkas:Menara Masjid Agung Jawa Tengah, Indonésia.jpg
Menara Masjid Agung

Gunggungè jamaah kang bisa mblebu ing Masjid iki[besut | besut sumber]

Masjid iki bisa dienggo jamaah akèhé nganti 15.000 jamaah.[1] Masjid iki diresmèkaké Prèsidén Republik Indonesia, Susilo Bambang Yudhoyono, ing taun 2006.[1] Ing adicara kepyakan, Bapak Présidhèn napak asmani watu prasasti sing dhuwuré 3,2 m lan aboté 7,8 ton sing ana ing ngarep masjid.[1] Prasasti iki digawé saka watu alam sing asalé saka lèrèng Gunung Merapi.[1] Prasasti iki dipahat déning Nyoman M. Alim sing uga dipercaya nggawé miniatur candhi Borobudur ing Minimundus, Vienna, Ostenrik ing taun 2001.[4] Saliyané napak asmani prasasti, ing tanggal 14 November 2006 iku Bapak Prèsidén uga mencét tombol serine.[4] Saliyané kanggo panggonan ngibadah, Masjid Agung Jawa Tengah uga minangka obyèk wisata terpadu pendidikan, rèligi, punjer pendidikan, lan punjer aktivitas syiar Islam.[1] Kanthi lumebu ing masjid iki, pengunjung bisa nonton apa kang dadi khasé arsitèktur masjid sing campuran arsitèktur Jawa, Roma lan Arab.[1]

Arsitèktur Masjid[besut | besut sumber]

Arsitèktur Jawa bisa katitik saka sawènèhing pérangan, antarané ing pérangan ngisor saka utawa cagak masjid migunakaké motif bathik kaya ta tumpal, untu walang, kawung, lan parang-parangan.[1] Tandhané arsitèktur Timur Tengah (Arab) katitik ing témbok masjid yaiku ana rerenggan kaligrafi.[1] Kajaba iku, ing èmpèran Masjid Agung Jawa Tengah ana 6 payung hidrolik raksasa sing bisa mbuka lan nutup kanthi otomatis, payung iki minangka adopsi arsitèktur yasan Masjid Nabawi ing Kota Madinah.[1] Masjid iki uga diwènéhi gaya arsitèktur Roma, katitik ing désain interior lan lapisan warna sing kanthil ing pojok-pojok yasan.[1]

Kang Bisa tinemu ing wewengkon Masjid iki[besut | besut sumber]

Saliyané kanggo ngibadah salat, masjid iki uga nyediakaké papan panggonan kanggo kaperluan liya, tuladhané:

  1. ruwang kantor,[5]
  2. ruwang kursus lan pelatihan,[5]
  3. ruwang pabukon,[5]
  4. ruwang akad nikah lan auditorium,[5] Auditorium ana ing sisih kiwa lan tengen iki bisa nampung punjul 2.000 wong. Auditorium iki padatan kanggo acara paméran, nikahan, lan liya-liyané.[1]
  5. gladri pertokoan,[5]
  6. ruwang kantor yang diséwakan,[5]
  7. hotèl,[5]
  8. toko cinderamata.[5]
  9. Menara Asmaul Husna utawa Al Husna Tower.[1] Menara iki dhuwuré 99 mèter.[1] Manggon ing pojok kidul kulon masjid.[1] Ing pucuké menara iki ana teropong pandang.[1] Ing menara iki, pengunjung bisa nonton sesawangan kutha Semarang nganti tekan kapal-kapal ing Pelabuhan Tanjung Mas uga katon.[1]
  10. Ing Masjid iki uga ana Al Qur'an raksasa tulisan tangané H. Hayatuddin, juru nulis kaligrafi saka Universitas Sains dan Ilmu Al-qur`an Wonosobo, Jawa Tengah.[1]
  11. Réplika bedhug raksasa sing digawé para santri Pesantrèn Alfalah Mangunsari, Jatilawang, Banyumas, Jawa Tengah.[1]
  12. pemandu wisata,[1]
  13. musiyum kabudayan Islam,[1]
  14. café muslim,[1]
  15. sarana panglipur kaya ta pancuran banyu, arèna dolanan bocah, lan keréta kelinci sing bisa ngeteraké pengunjung ngubengi komplèks masjid iki.[1]
Barkas:Bedug Masjid Agung Jawa Tengah Indonésia.jpg
Bedug kang ana ing Masjid Agung Jateng,Indonésia

Kanggo lumebu Kawasan Masjid Agung Jawa Tengah iki, pengunjung ora dijaluki biaya.[1] Nanging, yèn pengen lumebu ing aréa tinamtu kaya ta Menara Asmaul Husna, pengunjung diwajibaké mbayar Rp 3.000 saben wong yaiku nalika tabuh 08.00-17.30 WIB.[1] Nanging yèn lumebuné jam 17.30-21.00 WIB tarif iku mau munggah dadi Rp 4.000 saben wong.[1] Déné katur pengunjung sing péngin nganggo teropong pandhang, cukup mbayar Rp 500,-saben menité.[1]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac Masjid Agung Jawa Tengah(dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  2. Masjid Agung Jawa Tengah[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  3. a b Masjid Agung Jawa Tengah[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  4. a b Agung Jawa Tengah[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  5. a b c d e f g h Agung Jawa Tengah[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)