Menyang kontèn

Masjid Agung Manonjaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Masjid Agung Manonjaya (perkiraan difoto antarané taun 1890-1921).

Masjid Agung Manonjaya iku masjid tuwa dhéwé ing Kabupatèn Tasikmalaya sing diadegaké ing taun 1837. Masjid iku umuré punjul 170 taun. Masjid kebanggaan warga Tasikmalaya, Jawa Kulon, iki dunungé ana ing Dhusun Kaum Tengah, Désa Manonjaya, Manonjaya, Tasikmalaya. Saliyané saka umuré masjide kang wis tuwa, masjid iki duwé ciri kas saka arisekture.

Pamaréntah Républik Indonésia ngukuhaké Masjid Manonjaya kang ambané kira-kira 1.250 m² dadi kawasan cagar budaya (purbakala) kang wajib dilindungi lan dilestarikake. Ketetapan pamaréntah iku digawé déning Badan Arkéologi RI kang ngrujuk UU Kepurbakalaan ing tanggal 1 September 1975 bebarengan karo Masjid Agung Sumedang. Dudutan iku dikuwatake karo Dudutan Présidhèn (Keppres) Nomor 5 Taun 1992 yaiku Masjid Agung Manonjaya minangka wangunan cagar budaya kang kudu dilestarikake.

Kira-kira 51 saka (cagak) saka 62 saka masjid diametere 50-80 sentimeter (cm) dunungé ana ing tritise masjid. Pas ning ngarep tritis, bisa katon kaendahan kan kakokohan menara loro kang biyene dianggo muazin kanggo adan nganti swarane keprungu tekan pelosok kutha. Menara loro iku mapan ing ngarep lawang gerbang utama kang ngadhep langsung menyang alun-alun Manonjaya.

Saka wujud arsitekture, Masjid Agung Manonjayaiku nuansane neoclassic, kaya déné kekhasan wangunan ing Éropah. Masjid iki uga duwé sentuhan art deco kang dadi ciri kas artisektur wangunan ing Walanda. Kanthi umum, arsitèktur Masjid Agung Manonjayaiku nggabungake désain Éropah karo aristektur tradhisional Sunda lan Jawa. Nuansa tradhisional iku katon banget ing saben unsur wangunane, kaya déné ruwang salat kanggo sing wadon, serambi (pendhapa) ing sisih wétan, lan mustaka (memolo) kang jaréné peninggalane Syekh Abdul Muhyi, ulama saka Pamijahan, Bogor. Unsur wangunan kang kas nglambangake percampuran unsur tradhisional karo Éropah klasik yaiku payon tumpuk telu, serambi (pendhapa), lan struktur saka guru kang dumunung ing tengah-tengah ruwang salat.

Kekhasan liyané saka masjid iki yaiku anané saka guru kang cacahé 10. Konstruksi saka guru katon béda karo konstruksi kang biyasa ana ing masjid-masjid jaman biyèn lan masjid-masjid jaman saiki. Yèn Masjid Agung Demak nganggo saka guru kang kagawé saka kayu, yèn saka guru Masjid Manonjaya nganggo material pasangan watu bata. Saka guru awujud segi wolu kanthi diameter diameter 80 cm, celathune Didi Iskandar, ketua Dewan Kemakmuran Masjid (DKM) Manonjaya. Masjid iki duwé mustaka (memolo) ing payon masjid sing paling dhuwur dhéwé. Memolo iki nuduhaké gedhene prabawa kabudayan Jawa ing tlatah Sunda. Miturur Didi, konsèp memolo iku adhaptasi saka wangunan saktal kang ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wétan ing jaman Hindhu.

Kaya lumrahé masjid-masjid kang digawé ing jaman biyèn, Masjid Agung Manonjaya nganggo bahan kaya déné kayu jati, kapur, lan lempung. Telu material iku dianggo minangka bahan struktur rangka lan campuran témbok masjid. Wangunan masjid didominasi warna putih kanthi payon warna ijo. Saliyané ornamen campuran tradhisional utawa manca, masjid iki disangga puluhan saka kanthi ukurane kang gedhé.

Masjid iki ambané 6.159 m², kapérang dadi pirang-pirang pérangan yaiku wangunan utama masjid ambané kira-kira 637,5 m² lan wangunan tambahan 289,5 m². Masjid iku ngadeg jejeg kanthi 62 saka. Saka iku nyangga wangunan utama cacahé ana 30 saka lan 32 saka kanggo penyangga wangunan tambahan.

Konon, akèh misteri kang kadadéan ing cungkup iku. Miturut sesepuh masjid lan warga ing kana, biyene cungkup masjid (pérangan tutup pucuk masjid) ora bisa difoto. Saben arep difoto mesthi gambare ora katon. Saliyané iku, masarakat percaya yèn cungkup iku kramat. Malahan tai dikabaraké, biyèn cungkup iku tau dipindhakahe menyang Tasikmalaya nanging sesuke wis bali manèh menyang panggonan kang pisanan mau.

Masjid Manonjaya ana amarga kutha Manonjaya tau dadi kutha krajané Tasikmalaya. Luwih saka satus taun kapungkur, Kec. Manonjaya tau dadi kutha krajané Kabupatèn Tasikmalaya. Nanging nalika iku jenenge isih Kab. Sukapura.

Masjid Agung Manonjaya diadegaké kira-kira taun 1834 nalika Bupati Sukapura isih dijabat Wiradadaha VIII. Nggawéne masjid iku ditindakake bebarengan karo pamindhahan kutha krajan kabupatèn, saka Pasirpanjang (saiki Sukaraja) menyang Manonjaya (nalika iku jenenge isih Harjawinangun).