Masjid Raya Imanuddin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Masjid Raya Imanuddin

Masjid Raya Imanuddin utawi ingkang misuwur kanthi sebatan Masjid Besae utawi ingkang ugi dipunsebat Masjid Jami Imanuddin déning masarakat Tanjung Redeb, Kabupatèn Berau, Kalimantan Timur inggih pnika kalebet salah satunggaling masjid ingkang sampun sepuh umuripun ingkang kirang langkung umuruipun langkung saking 200 taun. Katrangan punika dhedhasar informasi ingkang dipunandharaken déning salah satuggaling ahli waris Sultan Muhammad Khalifatulah Jalaluddin ingkang jumeneng nata ing taun 19211950 ingkang minangka sultan kaping pungkasan saking Kesultanan Gunung Tabur. Mturut Putri Nural, masjid Raya Imanuddin punika dipunyasa sesarengan kaliyan dipunbangunipun pura kesultanan nalikan jaman pamaréntahanipun Sultan Aji Pangeran Raja Muda Si Barakat nalika abad kaping 18. Awit saking punika, boten anèh manawi masarakat Kalimantan Timur mliginipun kaum uslim ing Tanjung Redeb langkung misuwur kanthi sebatan Masjid Besar Kesultanan Gunung Tabur. Minangka karajan Islam ing nusantara, Kesultanan Gunung Tabur ugi boten naté ngicalaken titikanipun minangka karajan Islam. Masjid Raya Imanuddin ingkang mapan wonten ing kompleks kesultanan Gunung Tabur punika inggih minangka wujud nyata saénipun gayutan ing antawisipun agama kaliyan pamarѐntahan, ingkang punika nedahaken bilih boten wonten pamisahan ing antawisipun pulitik saha agami saking papanipun masjid ingkang madeg persisi ing pura kesultanan.[1]

Sujarahipun[besut | besut sumber]

Masjid Raya Imanuddin punika wiwitan dipunyasa nalika pamarentahanipn Sultan M. Amiruddin ingkang jumeneng nata ing taun 1850 ngantos 1876, saéngga yasan ingkang dipundamel saking kayu ulin punika kinten-kinten sampun madeg wiwit 1.800 taun kepengker. Wontn ing pérangan wingking masjid Jami Imanuddin punika wonten makam-makam Raja-raja Gunung Tabur, inggih punika wonten makam Sultan Amiruddin ingkang jumeneng nata ing taun 1850 – 1876, Sultan Muhammad Hasanuddin ingkang jumeneng nata ing taun 1876 – 1882, Sultan Muhammad Siranuddin ingkang jumneng nata ing taun 18921921 lajeng wonten ugi makam Sultan Muhammad Siranuddin ingkang jumemeng nata ing taun 18921952. Awit kawontenanipun makam-makam ing plataran masjid punika, mila kathah warga ingkang sami ziarah ing makam-makam kasebat, saking njawi laladan utawi saking lebet laladan piyambak Wonten ing salebeting Masjid Jami Imanuddin punika ingkang kesisa namung kantun papan kanggé adan ingkang kapérang dados kalih tingkat, ingkang padatanipun dipun-ginakaken kaping kalih adzanipun nalika badhé salat Jum’at,. Ingkang adan sapisan wonten ing pérangan nginggil lajeng adan kaping kalih nebe adan ing pérangan tingkat ing ngandhap.[2] Lajeng ing pérangan lebet masjid ugi wonten bekas pabukon saha papan imam masjid.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. }Zein, Abdul Baqir (1999). ''Masjid-Masjid Bersejarah di Indonesia''. Gema Insani. ISBN 979-561-567-X.
  2. [1] MESJID JAMI IMANUDDIN BUKTI SEJARAH KESULTANAN GUNUNG TABUR (dipunundhuh tanggal 19 Januari 2013)