Masjid Jamik Sumenep
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Masjid Jamik Sumenep utawi ingkang ugi dipunsebat ‘’’Masjid Jamik Panembahan Somala’’’ inggih punika kalebet salah satunggaling yasan ingkang kalebet ing 10 masjid ingkang paling sepuh saha gadhah arsitèktur ingkang khas ing nusantara punika.[1] Masjid Jamik Sumenep ing wekdal sapunika sampun dados salah satunggaling landmark ing Pulo Madura. Masjid Jamik punika dipunyasa nalika pamarentahanipun Panembahan Somala, Panguwaosipun Negeri Sumenep kaping XXXI, ingkang dipunyasa sasampunipun rampung dipunyasa kompleks Kraton Sumenek kanthi arsitek ingkang sami inggih punika ‘’Lauw Piango’’.
Sujarahipun
[besut | besut sumber]Miturut cathetan sujarah Sumenep, Masjid Jamik Sumenep dipunwiwiti dipunyasa ing taun 1779 M ngantos rampung ing taun 1787 M. Masjid punika kalebet salah satunggaling yasan pendhukung Kraton, inggih punika minagka papan sarana ngibadah kanggé kulawarga kraton saha masarakatipun. Masjid Jamik Panembahan Somala punika inggih masjid ingkang nomer kalih dipunyasa déning kulawarga kraton, wondene sadèrèngipun kompleks masjid mapan wonten ing pérangan wingking kraton ingkang misuwur ugi kanthi nama ‘’Masjid Laju’’ ingkang dipunyasa déning Kanjeng R. Tumenggung Ario Anggadipada, panguaosipun Sumenep kaping XXI.[2]
Arsitekturipun
[besut | besut sumber]Arsitektur yasan masjid Jamik Sumenep punika sapérangan ageng kénging pangaribawa saking kabudayan Tiongkok, Éropah, Jawa, saha Madura. Arsitektur kanthi tiitkan punika katingal salah satunggalipun saking lawang gerbang mlebet masjid kanthi corak arsitèktur kabudayan Tiongkok. Lajeng yasan utama masjid saking sedayanipun kénging pangaribawa saking budaya Jawa kanggé atapipun, lan budaya Madura kanggé wernanipun lawang utama saha cendhela masjid. Déné interior masjid ngarah kénging pangaribawa kabudayan Tiongkok ing pérangan mihrabipun. Masjid punika inggih dipunjangkepi kaliyan wontenipun minaret ingkang desain arsitekturipun kénging pangaribawa saking kabudayan Portugis. Minaretipun gadhah dhuwur 50 mèter ingkang mapan wonten ing sisih kulon masjid, ingkang dipunyasa nalika jumeneng nata Kanjeng Pangeran Aria Pratingkusuma. Ing sisih tengen saha kering pager utama ugi wonten yasan awujud dome utawi kubah. Déné ing pérangan palataran masjid wonten wit sawo utawi dipunsebat wit Sabu ing basa Madura saha wit tanjung. Kekalih wit kasebat minangka rerenggan ingkang wigati ing palataran masjid amargi gadhah filosofi kados makaten:
- Sabu inggih saking tembung ‘’sa’’ saha ‘’bu’’ ingkang ‘’sa’’ ateges salat saha ‘’bu’’ ateges ‘’ja’ bu-ambu’’
- Tanjung kapérang saking tembung ‘’ta’’ saha ‘’jung’’, ingkang tegesipun ‘’ta’’ inggih punika ‘’tandha’’ saha ‘’jung’’ ateges ‘’ ajhunjhung’’
- saha masjid ateges punjering kagiyatan kanggé nyiaraken agami Allah.
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ [1] Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine. Masjid Jamik Sumenep (dipunundhuh tanggal 19 Januari 2013)
- ↑ [2] Archived 2011-10-04 at the Wayback Machine. Masjid Jamik Sumenep (dipunundhuh tanggal 19 Januari 2013)