Menyang kontèn

Alun-alun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Alun-alun 1Malaysia
Alun-alun ing Yogyakarta, circa 1910

Alun-alun ya iku panggonan rata lan amba kang adaté minangka acarané para bebrayan. Saben kutha ing tanah Jawi racaké nduwé alun-alun. Adaté alun-alun iku ditanduri wit wringin kang kembar. Wringin kembar mau pralambang gapura. Saben Kraton kaya ta Kraton Yogyakarta lan Kraton Surakarta nduwé alun-alun loro, Ya iku alun-alun lor lan alun-alun kidul. Ing antarané alun-alun lor lan kidul adaté ana kraton. Ing sisih kiwa utawa tengené, lumrahé ana pusat papréntahan. Ora mung iku waé, uga ana masjid utawa pasar. Masjid lumrahé ana ing sisih kuloné alun-alun. Yèn pasar, adaté bisa ana ing sisih ngendi waé. Masjid kang ana ing sacedhaké alun-alun adaté sinebut masjid agung.

Ing kakawin Nāgarakrtāgama diwedharake yèn ana lapangan ing pusat Kutha Majapahit kang cedhak karo kumpulaning yasan Karaton Rājasanagara kang diarani wanguntur lan ibuh ageng. Mpu Prapanca ngandharake bab wanguntur kang madhepé mengalor, déné papan lapangan (ibuh ageng) iku diandharake yèn madhep mangulon, sakulon karaton. Ndelok satleraman apa kang diandharaké Mpu Prapanca ngélingaké yèn manawa ana alun-alun kudu ana yasan sainteré.

Kaanan yasan pura kang madhep ngalor mring lapangan terus diugemi nganti wetune Islam lumebu ing tanah Jawa.