Jakartah
| Panagara Mirunggan Kuthagara Jakartah (DKI Jakarta) Jayakarta, Batavia | |||
|---|---|---|---|
| |||
| Bunderan HI | |||
| Sesanti: "Jaya Raya"("Jaya dan Besar (Agung)") | |||
| [[File:|center|250px]] | |||
| Dina dadi | 22 Juni 1527 (umur 498) | ||
| Kutha krajan | Jakarta Pusat | ||
| Tlatah | |||
| - Gunggung ambané | 7.659,02[1] km2 | ||
| - Ambané pawarihan | 661,52 km2 | ||
| - Ambané wewengkon banyu | 6.997,50 km2 | ||
| - Latitude | 5° 19' 12"-6° 23' 54" LS | ||
| - Longitude | 106° 22' 42"-106° 58' 18" BT | ||
| Cacah jiwa | |||
| - Gunggung | 10.305.408 [2] | ||
| - Pepadhet | 1.973,34 jiwa/km2 | ||
| Pamaréntahan | |||
| - Gubernur | Pramono Anung | ||
| - Wagub | Lowong(tidak ada) | ||
| - Sèkda | Saefullah | ||
| APBD | Rp60.442.738.783.978,-[3] (total) | ||
| - PAD | Rp40.355.853.087.978,-[3] | ||
| Démografi | |||
| - Étnis | Jawa (35.94%) Betawi (28.10%) Sunda (14.52%) Tionghoa (6.58%) Batak (3.40%) Minang (2.83%) Melayu (0.99%) Madura 0.83% Bugis 0.71% Suku Lainnya (6.10%)[4] | ||
| - Agama | Islam (83.43%) Kristen Protèstan (8.63%) Katolik (4.00%) Buddha (3.74%) Hindu (0.19%) Konghucu (0.01%) Aliran Kepercayaan (231 jiwa)[5] | ||
| - Basa | Indonésia, Betawi, Jawa, Tionghoa, Sunda, Inggris | ||
| Zona wèktu | WIB (UTC+7) | ||
| Lagu dhaèrah | Kicir-Kicir | ||
| Omah tradhisional | Rumah Bapang/Kebaya | ||
| Gaman tradhisional | Golok | ||
| Situs wèb | www | ||
Jakartah utawa Panagara Mirunggan Kuthagara Jakartah (Indonésia: Daerah Khusus Ibukota Jakarta), dipuncekak DKI Jakarta, punika kuthagara Républik Indonésia lan kutha ing pulo Jawa ingkang paling ageng. Jakarta gadhah kang ndunungi cacahipun 10 yuta jiwa. Nanging wonten ing tlatah Jakarta Raya utawi Jabotabek cacahipun kang ndunungi langkung saking 17 yuta. Lagu kabangsané punika Mars DKI Jakarta
Dasar ukum tumrap DKI Jakarta inggih punika Undhang-Undhang Républik Indonésia Nomer 29 taun 2007, prakawis papréntahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Jakarta minangka ibu kitha Nagara Kesatuan Républik Indonésia. UU punika nggantosaken UU Nomer 34 taun 1999 prakawis papréntahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Nagara Républik Indonésia Jakarta sarta UU Nomer 11 taun 1990 prakawis Susunan papréntahan Daerah Khusus Ibukota Nagara Républik Indonésia Jakarta ingkang kalih-kalihipun sampun boten angka anggé malih.
Jakarta gadhah status satingkat provinsi lan dipunpimpin déning satunggaling gubernur. Bènten kaliyan provinsi sanès, Jakarta namung gadhah pamérangan ing sangandhapipun wujud kitha administratif lan kabupatèn administratif, ingkang tegesipun boten gadhah perwakilan rakyat piyambak. Kanthi makaten, DKI Jakarta namung gadhah DPRD Provinsi lan boten gadhah DPRD Kabupatèn/Kitha.
Asaling nami
[besut | besut sumber]Laladan menika sampun kaping sapinten-pinten gumantos ing nami ing sawetara mangsa kados kang kapacak ing andhap menika:[6]
- Sunda Kelapa (397—1527)
Jayakarta (1527—1619)
Batavia (1619—1942)
Djakarta Tokubetu Si (1942—1945)
Djakarta (1945—1972)
Jakarta (1972—samenika)
Nami "Jakarta" sampun kaagem wiwit mangsa palungguhan Jepang nalika warsa 1942 kagem nyebat laladan tilas Gemeente Batavia ingkang dikukuhaken pamaréntah Hindia Belanda ing warsa 1905. Nami "Jakarta" inggih menika kacekakan saking tembung Jayakarta ingkang asalipun saking basa Sanskerta जय jaya (kamimpangan), lan कृत krta (karaharjan), mula Jayakarta ateges "kitha kamimpangan lan karaharjan". Nami punika kacaosaken tiyang-tiyang Demak lan Cirebon ing andhaping pangwasanipun Fatahillah salajengipun nyerang lan saged lumungguhi palabuhan Sunda Kelapa rikala surya kaping 22 Juni 1527 saking cekelan Portugis.
Nami menika kapertalaken minangka "kitha kamimpangan" utawi "kitha kajayan". Senadyan mekaten, sajatosipun ateges "kamimpangan ingkang kagayuh dening tindak utawi upaya" amargi asalipun saking tembung Sanskerta kalih inggih menika Jaya (जय) ingkang ateges "kamimpangan" lan Karta ingkang ateges "kagayuh".
Rupa sanes panyeratan nami kitha menika sampun dangu kaagem. Sajarawan Portugis, João de Barros ing Décadas da Ásia (1553) nyebataken kawonten "Xacatara kaliyan nami sanes Caravam (Karawang)"
Satunggaling babon saking Banten ingkang dipunwaos juru epigrafi Van der Tuuk sampun nyebat ugi ukara wong Jaketra, inggih menika nami Jaketra kawastanan ugi salebeting lelayangan Kasultanan Banten lan Sajarah Banten kados déné ditlitèni Hoessein Djajadiningrat. Lapuran Cornelis de Houtman ing warsa 1596 nyebat Pangeran Wijayakrama minangka koning van Jacatra (raja Jakarta).
Sajarah
[besut | besut sumber]Sunda Kalapa (397 - 1527)
[besut | besut sumber]
Wiwitané Jakartah kondhang katepang minangka salah sawijining palabuhaning Karajan Sundha ingkang gadhah nami Sunda Kalapa, mapan wonten ing muwara kali Ciliwung. Kutha krajan karajan Sundha ingkang katepang minangka Dayeuh Pakuan Padjadjaran utawi Pajajaran (sakmenika Bogor) saged kalampahan saking palabuhan Sunda Kalapa sajroning kalih dinten palampahan.
Miturut sumbering Portugis, Sunda Kalapa inggih menika salah sawijining palabuhan gadhahan Karajan Sundha sasanèsipun Palabuhan Banten, Pontang, Cigede, Tamgara, kaliyan Cimanuk. Sunda Kalapa ingkang sajeroning babon menika kawastanan ugi minangka Kalapa kaanggep minangka palabuhan ingkang wigatos piyambak amargi saged katekan saking kutha krajaning karajan ingkang kasebat kanthi nami Dayo (sajeroning basa Sundha modhèren, dayeuh ateges kutha krajan) sajeroning palampahan kalih dinten.
Karajan Sundha piyambak menika kalajengan Karajan Tarumanagara rikala abad kaping-5 ngantos dumugi palabuhan menika dipunraos sampun jumeneng wiwit abad kaping-5, saha dipunraos dumadi kutha krajaning Karajan Tarumanagara ingkang kasebat Sundapura (mawi basa Sanskerta ingkang ateges "Kitha Sundha").
Rikala abad kaping-12, palabuhan menika kesuwur minangka palabuhan lada ingkang epyek. Prau-prau manca saking Tiongkok, Jepang, India Kidul, kaliyan Wetan-Tengah sampun alabuh ing palabuhan menika, mbekta gramèn kados porselèn, kopi, sutra, kain, wewangèn, jaran, anggur, lan zat werni ingkang dipunijoli kaliyan rerempahan ingkang dumadi gramèn.
Jayakarta (1527-1619)
[besut | besut sumber]Bangsa Éropah kaping pisan ingkang dugi ing Jakarta menika Bangsa Portugis. Rikala abad kaping-16, Surawisesa, ratuning Karajan Sundha, nyuwun pambiyantoning Portugis ingkang manggèn wonten Malaka tumrap ambangun bètèng ing Sunda Kalapa minangka panjangkungan mbok menawi katindakaken panyerangan saking pasukan Cirebon ingkang badhe pegat saking Karajan Sundha.
Upaya panyuwunan pambiyantoning Surawisesa marang Portugis ing malaka kaprasetyakaken déning tiyang Sundha sajeroning criyos pantun séloka Mundinglaya Dikusumah, ingkang pundi Surawisesa kasebataken kanthi asma agungipun Mundinglaya.
Ananging, sakderengipun kalampahan jumenengipun bètèng kasebat wau, Cirebon ingkang dipunréwangi Dhemak anyerbu palabuhan punika. Patemton dinten jumenengipun Jakartah ingkang surya kaping 22 Juni déning walikutha Sudiro ing warsa 1956 adhedhasar mring palenggahan Sunda Kalapa déning Fatahillah rikala warsa 1527.
Nami kitha dipungantos Fatahillah dumadi Jayakarta ingkang ateges "kitha kamimpangan". Jayakarta piyambak asalipun saking tembung Sanskerta cacahé kalih inggih menika Jaya ingkang ateges "kamimpangan" saha Karta ingkang ateges "kagayuh". Salajengipun, Sunan Gunung Jati saking Kasultanan Cirebon, asung pamrentahan ing Jayakarta marang putranipun Maulana Hasanuddin saking Banten ingkang jumeneng sultan ing Kasultanan Banten.
Geograpi
[besut | besut sumber]
Jakarta jembaré 661,23 km2 (255,30 sq mi), sing paling cilik ing antarané provinsi Indonésia. Nanging, wilayah metropolitane jembaré 6.392 km2 (2.468 sq mi), sing ngliwati rong provinsi sing wewatesan ing Jawa Kulon lan Banten. Wilayah Jabodetabek kalebu telung kabupaten sing wewatesan (Kabupaten Bekasi, Kabupaten Tangerang lan Kabupaten Bogor) lan lima kutha ing jejere (Bogor, Depok, Bekasi, Tangerang lan Tangerang Selatan).

Jakarta dumunung ing pesisir kulon-lor Jawa, ing muara Kali Ciliwung ing Teluk Jakarta, sawijining inlet ing Segara Jawa. Dumunung kanthi strategis ing cedhak Selat Sundha. Ing sisih lor Jakarta minangka dharatan, sawetara wilayah ing ngisor permukaan laut, lan kerep ngalami banjir. Pérangan kidul kutha iku berbukit-bukit. Kutha iki minangka salah siji saka rong kutha ibukutha Asia sing dumunung ing belahan bumi sisih kidul (bebarengan karo Timor Wetan).
Insfrastruktur
[besut | besut sumber]Kanggo ngowahi kutha dadi luwih bisa diuripake, proyek regenerasi kutha sepuluh taun ditindakake, kanthi regane Rp 571 triliun. Proyek kasebut nduweni tujuan kanggo ngembangake prasarana, kalebu nggawe sistem transportasi umum terpadu sing luwih apik lan perbaikan sistem banyu resik lan banyu limbah, omah, lan sistem kontrol banjir kutha.

Kutha iki ngutamakake pembangunan jaringan dalan, sing biasane dirancang kanggo nampung kendaraan pribadi. Ciri khas saka sistem dalan Jakarta saiki yaiku jaringan dalan tol. Dumadi saka dalan lingkar njero lan njaba lan limang dalan tol sing metu saka njaba, jaringan kasebut nyedhiyakake sambungan kutha njero lan njaba. Kabijakan 'ganjil-genap' mbatesi panggunaan dalan kanggo mobil kanthi pelat registrasi ganjil utawa genap ing dina tartamtu minangka langkah transisi kanggo ngenthengake kemacetan lalu lintas nganti introduksi rega dalan elektronik ing mangsa ngarep.
Transportasi
[besut | besut sumber]Sepur Listrik Komuter
[besut | besut sumber]
Sepur Listrik seri iE305 lagi diujicoba ing Lintas Jakarta Kota - Bogor mandheg ing Jayakarta
Sepur Listrik Komuter utawa KRL Commuter Line ya iku tata tetumpakan rikat mubeng kanthi ril listrik sing dioperasikaké déning PT Kereta Commuter Indonesia (KAI Commuter), anak parusahan saka PT Kereta Api Indonesia (Persero) (PT KAI). KRL wis ana ing tlatah Jakarta wiwit taun 1925, nganti saiki nglayani jalur mubeng ing tlatah Jabodetabek.
MRT Jakarta
[besut | besut sumber]
MRT memasuki MRT Lebak Bulus
Moda Raya Terpadu Jakarta (dicekak MRT Jakarta utawa MRTJ, Inggris: Jakarta Mass Rapid Transit) ya iku tata tetumpakan rikat ing tlatah Jakarta. Pangembangan jinis tetumpakan iki kawiwitan ing taun 2013. Jalur kapisan layanan MRT Jakarta dioperasikaké tanggal 24 Maret 2019, kang dadi layanan MRT kapisan sing ana ing Indonesia.
LRT Jakarta
[besut | besut sumber]
LRT Jakarta nglayani rute Velodrome - Pegangsaan Dua
Lintas Rel Terpadu Jakarta (disingkat LRT Jakarta) ya iku sistem rel terpadu sing beroperasi ing Daerah Khusus Ibukota Jakarta. Saiki, LRT Jakarta nduweni jalur 5,8 km (3,6 mi) sing nglayani enem stasiun. LRT Jakarta diduweni lan dikembangake dening Pemprov DKI Jakarta. Layanan kasebut dioperasèkaké déning PT LRT Jakarta, anak perusahaan PT Jakarta Propertindo (Perseroda), sawijining perusahaan milik regional.
LRT Jabodebek
[besut | besut sumber]
Lintas rel Terpadu Jabodebek (Jabodebek LRT) minangka sistem transit rel terpadu sing dumunung ing wilayah Jabodebek. Kaya jenenge, sistem transit rel terpadu iki nglayani wilayah Jakarta, Bogor, Depok, lan Bekasi, sing dadi bagian saka Daerah Khusus Ibukota Jakarta (DKI) lan Provinsi Jawa Kulon. LRT Jabodebek wiwit beroperasi tanggal 28 Agustus 2023, sawise diresmikake dening Presiden RI Joko Widodo. Iki dioperasèkaké déning PT Kereta Api Indonesia (Persero).
Transjakarta
[besut | besut sumber]
Bis Listrik Transjakarta mandheg ing Pulo Gadhung, Jakarta Wétan
Transjakarta minangka jaringan bus terpadu (BRT) pisanan ing Asia Kidul-wetan lan Kidul, sing wis beroperasi wiwit taun 2004 ing Jakarta, Indonesia. Sistem iki dirancang adhedhasar sistem TransMilenio ing Bogotá, Kolombia. Transjakarta dirancang minangka moda transportasi massal kanggo nyengkuyung aktivitas ibukutha sing padhet banget.
Pusat Integrasi Antarmoda
[besut | besut sumber]CSW
[besut | besut sumber]
CSW minangka stasiun interchange transit umum lan zona pangembangan transit-oriented antarane papat stasiun BRT Transjakarta lan stasiun MRT Markas ASEAN ing Centrale Stichting Wederopbouw lawas (lit. 'Central Foundation for Reconstruction') utawa persimpangan CSW ing Kebayoran Baru, Jakarta Kidul, Indonesia. Bangunan iki minangka jembatan persimpangan bunder sing bentuke cakram, yen katon saka ndhuwur, sing nyambungake papat stasiun BRT sing ana ing sisih kulon, wétan lan kidul prapatan, lan stasiun MRT ASEAN ing sisih lor. Bangunan iki wiwit dibukak tanggal 22 Desember 2021 kanggo integrasi bus rapid transit lan MRT.
Dukuh Atas
[besut | besut sumber]


Dukuh Atas iku sawijining wilayah pembangunan transit-oriented antarane Jakarta Pusat lan Jakarta Kidul, Indonesia. Iki dibangun minangka bagéan saka mbangun sawetara pembangunan transit oriented liyane ing Jakarta kanggo nggampangake commuters kanggo transfer antarane macem-macem moda transportasi umum.
Pranala njawi
[besut | besut sumber]- Situs resmi Pamaréntah DKI Archived 2009-07-31 at the Wayback Machine.
- Situs Dinas Kependudukan dan Catatan Sipil DKI Archived 2006-08-13 at the Wayback Machine.

Referensi
[besut | besut sumber]- ↑ "GEOGRAFIS JAKARTA". jakarta.go.id. 1 Januari 2008. Diarsip saka sing asli ing 19 April 2016. Dibukak ing 12 April 2016.
- ↑ "Provinsi DKI Jakarta Dalam Angka 2017" Archived 2017-10-26 at the Wayback Machine., diakses tanggal 23 Agustus 2017
- 1 2 "jakarta.go.id: APBD". Diarsip saka sing asli ing 2017-10-10. Dibukak ing 2017-10-13.
- ↑ Archived 2017-07-12 at the Wayback Machine., diakses tanggal 23 Agustus 2017
- ↑ "Penduduk DKI Jakarta Berdasarkan Agama 2016" Archived 2017-10-22 at the Wayback Machine., diakses tanggal 17 September 2017
- ↑ "Beragam Nama Jakarta Sejak Tahun 397 hingga Sekarang". Sindonews (ing basa Indonesia). 8 april 2022. Diarsip saka sing asli ing 2023-06-21. Dibukak ing 8 Juni 2023.
{{cite web}}: Check date values in:|date=(pitulung); Unknown parameter|dead-url=ignored (|url-status=suggested) (pitulung)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |





