Tetanduran ngembang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Tetanduran wiji katutup (Magnoliophyta)
Teksiran kala: Jaman Jurasik - Saiki
kembang Magnolia virginiana
Klasifikasi èlmiah
Krajan: Plantae
Divisio: Magnoliophyta
Kelas

.

Tetanduran wiji katutup (Magnoliophyta utawa Angiospermae, diwaca angiosperme kanthi "e" pungkasan diwaca dawa) utawa tetanduran ngembang iku klompok paling akèh jinisé saka tetanduran sing urip ing dharatan. Jenengé dijupuk saka ciriné sing paling khas, ya iku ngasilaké alat réproduksi wewangun kembang utawa amarga bakal wijiné kabungkus déning karpela utawa godhong woh. Ciri sing paling keri iki mbédaaké saka klompok tetanduran wewiji liyané: Gymnospermae utawa tetanduran wiji kabukak.

Jeneng Angiospermae dijupuk saka panggandhéngan rong tembung basa Yunani kuna: αγγειον (aggeion, "panyangga" utawa "pangreksa") lan σπερμα (spérma, "wiji") sing dikenalaké déning Paul Hermann taun 1690. Ing sabagéan gedhé sistem taksonomi modhérn, klompok iki saiki manggon ing takson minangka divisi lan migunaaké jeneng klompok (ya iku magnolia) sing nunjukaké kabèh ciri-ciri khasé: Magnoliophyta, nanging klasifikasi paling anyar adhedhasar APG mapanaké ing sawijining klade sing ora duwé takson resmi.

Ciri-ciri khas[besut | besut sumber]

Tetanduran ngembang dibedaaké saka klompok liya adhedhasar apomorfi (ciri-ciri kawarisaké) sing khas dikembangaké déning klompok iki. Kabèh ciri-ciri iki ana ing bagéan reproduktif. Ciri-ciriné ya iku:

  • Kembang

Kembang dadi penciri sing paling nyata lan mbédaaké saka klompok tetanduran wewiji liyané. Kembang mbantu klompok tetanduran iki miyaraké kemampuan évolusi lan lungkang (ruang urip utawa niche) ékologisé saéngga marakaké cocok banget kanggo urip ing dharatan.

  • Benang sari

Stamen utawa benang sari adoh luwih énthéng tinimbang organ kanthi fungsi sarupa ing tetanduran wiji kabukak (ya iku strobilus). Benang sari wus ngalami évolusi supaya bisa adaptasi karo penyerbuk lan kanggo nyegah pembuahan dhéwé. Adaptasi nuju arah iki uga miyaraké jangkauan ruang uripé.

  • Ukuran gametofit jantan karéduksi sanget

Gametofit jantan sing karéduksi sanget (ana ing serbuk sari lan mung kapérang saka telung sèl) mbiyantu sanget ngurangi wektu antarané panyerbukan, nalika serbuk sari tekan ing organ wadon, lan pambuahan. Wektu normal antarané rong tahap mau biasané 12-24 jam. Ing Gymnospermae wektu sing diperloaké kanggo perkara kasebut bisa nganti setaun.

  • Karpela nutup rapet bakal wiji

Karpela utawa godhong woh rapet mbungkus bakal wiji utawa ovulum, saéngga nyegah pambuahan sing ora dikarepaké. Sel spérma bakal dikontrol déning putik kanggo mbuahi sèl endhog (ovum). Sawisé pambuahan, karpela lan sapérangan jaringan ing sekitaré uga bakal berkembang dadi woh. Woh duwé fungsi adaptif kanthi ngreksa wiji saka perkecambahan sing ora dikarepaké lan mbantu prosès panyebaran nuju wewengkon sing luwih wiyar.

  • Ukuran gametofit betina karéduksi sanget

Kaya ing gametofit jantan, ukuran gametofit betina uga sangat berkurang dadi mung pitung sel lan kareksa ing njero bakal wiji. Ukuran sing saya cilik iki mbantu nyepetaké perkembangan urip tetanduran. Mung klompok Angiospermae sing duwé prilaku sausum ing prosès kauripané. Prilaku iki marakaké gampang banget njlajah lungkang sing adoh luwih wiyar.

  • Endosperma

Pawangunan endosperma ing wiji iku ciri khas Angiospermae sing ndhukung banget tumrap adaptasi amarga nglengkapi embrio utawa thukulan kanthi cadhangan panganan ing perkembangané. Endosperma sacara fisiologis uga nambah kuwat daya serep wiji tumrap hara sing diperloaké tetanduran enom ing perkembangané.

Klasifikasi[besut | besut sumber]

Thukulan monokotil (kiwa) lan dikotil.

Ing awalé, jeneng Angiospermae dimaksudaké déning Paul Hermann (1690) kanggo kabèh tetanduran sing ngembang kanthi wiji sing kabungkus ing kapsula, lan ditentangaké karo Gymnospermae minangka tetanduran sing ngembang kanthi woh achene utawa duwé karpela kawilah. Ing pangertèné, kabèh woh utawa bagéané dianggep minangka wiji lan "kabukak". Rong istilah iki dipigunaaké déning Carolus Linnaeus kanthi pangertèn sing padha nanging digunaaké minangka jeneng-jeneng saka kelas Didynamia.

Nalika Robert Brown ing taun 1827 nemoaké bakal wiji sing bener-bener kabukak ing sikas lan tetanduran runjung, panjenengané mènèhi jeneng Gymnospermae kanggo rong klompok tetanduran iki. Taun 1851 Wilhelm Hofmeister nemoaké owah-owahan sing dumadi ing kanthong embrio saka tetanduran ngembang (penyerbukan dhobel). Asil panemon iki ndadèaké Gymnospermae minangka kelas sing bener-bener beda saka dikotil, lan istilah Angiospermae wiwit diterapaké kanggo kabèh tetanduran wewiji sing dudu rong klompok sing disebutaké Robert Brown. Pangertèn pungkasan iki sing isih bertahan nganti saiki.

Ing sistem taksonomi modhérn, klompok tetanduran ngembang dipapanaké ing manéka warna takson. Saliyané Angiospermae, klompok iki disebut uga Anthophyta ("tetanduran kembang"). Sistem Wettstein lan Sistem Engler mapanaké Angiospermae ing tingkat subdivisio. Sistem Reveal nglebokaké kabèh tetanduran ngembang ing subdivisio Magnoliophytina, nanging ing èdhisi terusané misahaké dadi Magnoliopsida, Liliopsida, lan Rosopsida. Sistem Takhtajan lan sistem Cronquist nglebokaké klompok iki ing njeron tingkat divisio kanthi jeneng Magnoliophyta. Sistem Dahlgren lan sistem Thorne (1992) migunaaké jeneng Magnoliopsida lan mapanaké ing tingkat kelas. Saiki, sistem klasifikasi sing paling pungkasan, kaya sistem APG (1998) lan sistem APG II (2003), ora ndadèaké manèh minangka sawijining klompok takson dhéwé nanging minangka sawijining klade tanpa jeneng botani resmi kanthi jeneng angiosperms (sistem iki migunaaké jeneng-jeneng basa Inggris utawa diinggrisaké kanggo jeneng-jeneng ora resmi).

Pambagéan internal (taksonomi)[besut | besut sumber]

Klasifikasi internal klompok iki ngalami akèh owah-owahan. Sistem Klasifikasi Cronquist (1981) isih akèh dipigunaaké nanging wiwit dipitakonaké keakuratané saka sisih filogeni utamané amarga matentangan karo asil-asil panylidikan molekular. Kesepakatan umum bab kepriyé tetanduran ngembang diklumpukaké wiwit tercapai wiwit asil "Angiosperm Phylogeny Group" (APG) diwetokaké taun 1998 lan dianyaraké (update) ing taun 2003 minangka Sistem Klasifikasi APG II.[1]

Sistem Cronquist mbagi tetanduran ngembang dadi rong klompok: Magnoliopsida lan Liliopsida. Jeneng pemeri liya sing diidinaké ing Pasal 16 ICBN iku Dicotyledoneae (dikotil) lan Monocotyledoneae (monokotil) adhedasar sajarah lan nunjukaké sawijining ciri sing cukup gampang kanggo diamati sanajan ora mesthi mangkono: tetanduran dikotil nduwèni loro godhong lembaga éwadéné tetanduran monokotil nduwèni siji godhong lembaga.

Sistem APG, sing migunaaké konsèp kladistika lan akèh migunaaké metode panglompokan statistika (clustering) sarta nglebokaké data-data molekular, ngéntuki manawa monokotil arupa klompok monofiletik utawa holofiletik, lan dijenengi monocots (wangun jamak saka monocot), nanging dikotil pranyata ora (disebut minangka klompok asifat parafiletik). Sanajan mangkono ana klompok gedhé dikotil sing monofiletik sing dijenengi eudicots utawa tricolpates. Jeneng eudicot ateges "dikotil sejati" amarga nunjukaké ciri-ciri sing biasa dinyataaké minangka ciri khas dikotil, kayata kembang kanthi papat utawa lima mahkota kembang lan papat utawa lima kelopak kembang. Sisa saka pamisahan iki, sing tetep parafiletik, biasa dijenengi paleodicots (paleo- ateges "purba" utawa "kuno") kanggo nggampangaké panyebutan.

Panylidikan migunaaké filosofi filogeni nganti saiki wus nemoaké wolung klompok utama ing tetanduran ngembang, ya iku monocots, eudicots, Amborellales, Nymphaeales, Austrobileyales, Chloranthales, Ceratophyllales, lan magnoliids. Gegandhengan ing antarané siji lan sijiné nganti saiki isih terus dislidiki.

Karagaman jinis lan manfaat[besut | besut sumber]

Manéka warna kembang ing slide

Jinis tetanduran ngembang diprakiraaké watara 250.000 tekan 400.000 [2] [3] [4] sing bisa diklumpokaké nganti paling sithik 402 suku (adhedhasar taksiran ing Sistem APG II). Sistem APG 1998 nelaaké ana 462 suku. Monokotil nyakup sekitar 23% saka kabèh spesies lan "dikotil sejati" (eudicots) nyakup 75% saka kabèh spesies.

Sepuluh gedhé suku tetanduran miturut akèhé jinis ya iku:

  1. Asteraceae utawa Compositae (suku keningkir-keningkiran): 23.600 jinis[5]
  2. Orchidaceae (suku anggrèk-anggrèkan): 21.950[5]
  3. Fabaceae utawa Leguminosae (suku polong-polongan): 19.400[5]
  4. Rubiaceae (suku kopi-kopian): 13.183[6]
  5. Poaceae, Glumiflorae, utawa Gramineae (suku suket-suketan): 10.035[5]
  6. Lamiaceae utawa Labiatae (suku nilam-nilaman): 7.173[5]
  7. Euphorbiaceae (suku kastuba-kastubaan): 5.735[5]
  8. Cyperaceae (suku teki-tekian): 4.350[5]
  9. Malvaceae (suku kapas-kapasan): 4.225
  10. Araceae (suku tales-talesan): 4.025

Orchidaceae, Poaceae, Cyperaceae lan Araceae iku monokotil.

Kasepuluh suku ing ndhuwur nyakup manéka warna jinis tetanduran penting ing kauripan manungsa, ing bidhang tetanèn, kahutanan lan indhustri. Suku suket-suketan cetha arupa suku paling penting amarga ngasilaké manéka warna sumber energi pangan kanggo manungsa lan kéwan saka pari, gandum, jagung, jelai, haver, jawawut, tebu, sarta sorgum. Suku polong-polongan manggon ing papan paling penting nomer loro, minangka sumber protein nabati lan sayuran utama lan manéka warna peran budaya liya (kayu, pewarna, lan racun). Suku nilam-nilaman anggotané akèh tetanduran sing ngasilaké lenga atsiri lan bahan obat-obatan.

Sapérangan suku penting liyané ing kauripan manungsa ya iku

  • Solanaceae (suku terong]-terongan), minangka sumber pangan penting utamané sayuran
  • Cucurbitaceae (suku labu-labuan), minangka sumber sayuran penting
  • Brassicaceae utawa Cruciferae (suku sawi-sawian), minangka sumber sayuran lan lenga pangan penting
  • Alliaceae (suku bawang-bawangan), minangka sumber sayuran bumbu penting
  • Piperaceae (suku sirih-sirihan), minangka sumber rempah-rempah penting.
  • Arecaceae utawa Palmae (suku pinang-pinangan), minangka pandhukung kauripan penting masarakat agraris dhaérah tropika
  • Rutaceae (suku jeruk-jerukan), Rosaceae (suku mawar-mawaran), lan Myrtaceae (suku jambu-jambuan) akèh ngasilaké woh-wohan penting.

Tetanduran ngembang uga dadi pamasok sumberdaya alam ing wangun kayu, kertas, serat (umpamané kapas, kapuk, lan henep, sisal, serat manila), obat-obatan (digitalis, kamfer), tetanduran hias (ruangan utawa tarbuka), lan manéka warna daftar dawa kagunaan liya.

Referensi[besut | besut sumber]

  1. ^ Angiosperm Phylogeny Group (2003). "An update of the Angiosperm Phylogeny Group classification for the orders and families of flowering plants: APG II". Botanical Journal of the Linnean Society 141: 399–436. doi:10.1046/j.1095-8339.2003.t01-1-00158.x. 
  2. ^ Thorne, R. F. (2002). "How many species of seed plants are there?". Taxon 51: 511–522. doi:10.2307/1554864. >
  3. ^ Scotland, R. W. & Wortley, A. H. (2003). "How many species of seed plants are there?". Taxon 52: 101–104. doi:10.2307/3647306. 
  4. ^ Govaerts, R.url=http://www.ingentaconnect.com/content/iapt/tax/2003/00000052/00000003/art00016 (2003). "How many species of seed plants are there? - a response". Taxon 52 (3): 583–584. doi:10.2307/3647457. 
  5. ^ a b c d e f g Stevens, P.F. (2001 onwards). "Angiosperm Phylogeny Website (at Missouri Botanical Garden)". http://www.mobot.org/MOBOT/Research/APweb/welcome.html.
  6. ^ "Kew Scientist 30 (October2006)". http://www.kew.org/kewscientist/ks_30.pdf.

Pranala jaba[besut | besut sumber]

Wikibooks
Wikibooks Dichotomous Key gadhah kaca kanthi sesirah
  • Angiosperms - UC Berkeley video lecture
  • Cronquist, Arthur. (1981) An Integrated System of Classification of Flowering Plants. Columbia Univ. Press, New York.
  • Dilcher, D. 2000. Toward a new synthesis: Major evolutionary trends in the angiosperm fossil record. PNAS [Proceedings of the National Academy of Sciences of the United States of America] 97: 7030-7036 (available online here)
  • Heywood, V. H., Brummitt, R. K., Culham, A. & Seberg, O. (2007). Flowering Plant Families of the World. Richmond Hill, Ontario, Canada: Firefly Books. ISBN 1-55407-206-9. 
  • Oldest Known Flowering Plants Identified By Genes, William J. Cromie, Harvard Gazette, 16 Desember, 1999.
  • L. Watson and M.J. Dallwitz (1992 onwards). The families of flowering plants: descriptions, illustrations, identification, information retrieval.
  • Simpson, M.G. Plant Systematics. Elsevier Academic Press. 2006.
  • Raven, P.H., R.F. Evert, S.E. Eichhorn. Biology of Plants, 7th Edition. W.H. Freeman. 2004.