Menyang kontèn

Durèn

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Durèn
Barkas:Dhurèn.jpg
Durèn
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Eudicots
Unranked: Rosids
Ordho: Malvales
Famili: Malvaceae
Subfamili: Helicteroideae
Tribe: Durioneae
Génus: Durio
L.
Spesies

Saiki ana 30 spésies kang diakoni {pirsani tèks)

Sinonim

Lahia Hassk.[1]

Durèn iku kalebu tuwuhan woh-wohan kang wujud wit. Sebutane durèn diprakirakaké saka istilah Malayu yaiku saka tembung duri kang diakhiri panambang-an saéngga dadi durèn.[2] Tembung iki mligi kanggo nyebut woh kang kulite duwé eri kang lancip-lancip.[2]

Wit durèn kalebu jinis famili Bombaceae, bangsane wit kapuk-kapukan. Sing umum ingaran durèn yaiku wit saka marga (gènus) Durio, Nesia, Lahia, Boschia, lan Coelostegia.[2]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Tuwuhan durèn asalé saka alas Malaysia, Sumatra, lan Kalimantan.[2] Panyebarane durèn menyang arah kulon yaiku ing Thailand, Birma, India, lan Pakistan. Woh durèn wiwit ngrembaka ing Asia Kidul-wétan kawit abad 7 M.

Ing Indonésia, wit durèn ana ing kabéh pelosok Pulo Jawa lan Sumatra. Ing Kalimantan lan Papua lumrahé ana ing alas, pinggir kali. Ing donya, wit durèn nyebar marang sakabéhane Asia Kidul-wétan, saka Sri Lanka, India sisih kidul nganti New Guenea. Durèn legi rasané.[2]

Dasanama

[besut | besut sumber]

Ana akèh jeneng lokal. Jeneng paling akèh tinemu ing Kalimantan, kang ngacu marang manéka variyetas lan spésies kang béda. Durèn ing Sumatra ditepungi minangka durèn (padha karo basa Indonésia) lan duren (basa Gayo). Ing tlatah Jawa, durèn (basa Jawa, basa Batawi) lan kadu (basa Sundha). Ing Sulawesi, wong Manado nyebut woh iki minangka duriang, sauntara wong Toraja nyebut duliang. Ing Pulo Seram pérangan wétan ingaran rulen.[3]

Dhéskripsi

[besut | besut sumber]
Wit durèn {kiwa} lan pepagan (tengen).
Godhong durèn.
Kembang durèn.

Wit taunan, ijo langgeng (pangguguran godhong ora gumantung mungsa) nanging ana wektu tinentu kanggo nuwuhaké godhong-godhong anyar (kalamangsa flushing utawa paronan) kang dumadi sawisé mangsa awoh rampung. Tuwuh dhuwur bisa nganti 25–50 m gumantung spésiyése,[4] wit durèn asring duwé banir (oyot papan). Pepagan (kulit batang) awerna coklat semu abang, nglothok ora aturan. Tajuké rindhang lan renggang.

Godhong awangun jorong nganti lansét, 10-15(-17) cm × 3-4,5(-12,5) cm; manggon seling-seling; mawa tangké; pangkale lancip utawa tumpul lan pucuke lancip nglandhai; sisih ndhuwur warna ijo padhang, sisih ngisor katutup sisik-sisik warna pérak utawa kaemasan kanthi wulu-wulu lintang.[5]

Kembang (uga wohé) muncul langsung saka batang (cauliflorous) utawa pang-pang kang tuwa ing pérangan pangkal (proximal), maklompok sajeroning karangan isi 3-10 kuntum awangun tukal utawa malai rata. Kuncup kembange mbunder, watara 2 cm diametere, mawa gagang dawa. Kelopak kembang wangun tabung sadawané lk. 3 cm, godhong kelopak tambahan kapecah dadi 2-3 cuping awangun bunder endhog. Makutha wangun sudip, kira-kira 2× dawané kelopak, cacahé 5 helai, wernané semu putih. Benang sariné akèh, kapérang dadi 5 dhompol; endhas putiké mbéntuk bongkol, kanthi gagang mawa wulu.[5] Kembang muncul saka kuncup dorman, megar nalika wayah soré lan tahan nganti sapérangan dina. Nalika awan kembang nutup. Kembang iki nyebaraké aroma wangi kang asalé saka klanjer nektar ing pérangan pangkalé kanggo narik kawigatèn lawa minangka panyerbuk mligi.[6] Kajian ing Malaysia nalika taun 1970-an nuduhaké yèn panyerbuk durèn yaiku lawa Eonycteris spelaea. Panlitèn taun 1996 luwih adoh nuduhaké yèn kéwan liya, kaya ta manuk madu Nectariniidae lan lebah mèlu uga sajeroning panyerbukan telung krabat durèn liyané.[4][7]

Woh durèn duwé jinis kapsul wangun bulet, bulet endhog nganti lonjong, kanthi dawa tekan 25 cm lan diameter tekan 20 cm.[5] Kulit wohé kandel, lumahané mawa pojok tajem ("mawa eri", mula diarani "durèn", sanajan iki dudu eri sajeroning pangertèn botani), awerna ijo semu kuning, semu coklat, nganti semu klawu.

Woh ngrembaka sawisé pambuahan lan merlokaké 4-6 sasi nganti mateng. Nalika mangsa pamatengan dumadi pasaingan antarwoh ing sawijining golongan, saéngga mung siji utawa sapérangan woh kang bakal mateng, lan sisané palastra. Woh bakal tiba dhéwé yèn wis mateng. Lumrahé bobot woh durèn bisa nganti 1,5 tekan 5 kilogram, saéngga kebon durèn dadi kawasan kang mbebayani nalika mangsa durèn. Yèn tiba ing sandhuwuré sirah sawijining wong, woh durèn bisa njalari tatu abot utawa malah pepati.

Saben woh duwé lima ruwang (awam ngarani "kamar"), kang nuduhaké akèhé godhong woh kang diduwèni. Saben ruwangan kaisi déning sapérangan wiji, lumrahé telung butir utawa luwih, lonjong tekan 4 cm dawané, lan wernané jambon semu coklat ngilap. Wiji kawungkus déning arilus (salut wiji, kang biyasa diarani "daging woh" durèn) awerna putih tekan kuning padhang kanthi kakandelan kang manéka variasiné, nanging ing kultivar unggul kakandelan arilus iki bisa tekan 3 cm. Wiji kanthi salut wiji sajeroning padagangan diarani ponggè. Pemuliaan durèn diarahaké kanggo ngasilaké wiji kang cilik kanthi salut wiji kang kandel, amarga salut wiji iki wujud pérangan kang dipangan. Sapérangan variétas unggul ngasilaké woh kanthi wiji kang ora ngrembaka nanging kanthi salut wiji kandel (diarani "sukun").

Budidaya lan panangkaran

[besut | besut sumber]

Papan kang cocog kanggo nandur durèn[2]

[besut | besut sumber]

Wit durèn cocogé ditandur ing lemah kang subur (lemah kang sugih unsur organiké). Lemah kang cocog kanggo durèn yaiku jinis lemah grumosol lan andosol. Lemah kang duwé titikan warnané ireng rada klawu, struktur lemahé kang lapisan ndhuwur yaiku lemah remukan, sisih lapisan sakngisoré awujud gumpalan, lan duwé daya serep banyu kang gedhé. Drajat keasamané lemah kang cocog kanggo durèn yaiku (pH) 5-7, kanthi pH optimum 6-6,5.

Wit durèn kalebu wit taunan kang duwé oyod jero, saéngga mbutuhaké banyu kang cukup. Dhuwuré ora éntuk punjul 800 m dpl. Nanging ana uga wit durèn kang cocog ditandhur ing panggonan kang dhuwur.

Panangkaran

[besut | besut sumber]
Winih durèn (D123/kultivar Chanee) umur 8 sasi, ditandur ing Uppsala, Swèdhen sasi April 2006.

Panangkaran durèn ing désa-désa lumrahé kanthi migunakaké wiji. Panangkaran mawa wiji uga dilakokaké kanggo éntuk batang ngisor sajeroning panangkaran vegetatif. Wiji durèn asifat recalcitrant, mung bisa urip kanthi kadar banyu dhuwur (sandhuwuré 30% bobot) lan tanpa perlakuan tinentu mung bisa tahan seminggu sadurungé akiré embrioné mati. Kanthi mangkono wiji kudu énggal disemai sawisé wohé dibukak.

Wit durèn wiwit awoh sawisé 4-5 taun, nanging sajeroning budidaya bisa dicepetaké yèn migunakaké winih asil panangkaran vegetatif. Tèknik-tèhnik kang dipigunakaké yaiku pancangkokan (arang dilakokaké), panyusuan (arang dilakokaké), panyambungan sandhing (inarching), panyambungan celah (cleft grafting), utawa okulasi (budding).[3] Tèknik kang pungkasan iki saiki kang paling akèh dilakokaké. Sapérangan penangkar saiki uga ngetrepaké panyambungan mikro (micrografting). Tèknik iki dilakokaké nalika batang ngisor isih enom umuré saéngga nambah rikat mangsa tunggu. Kacathet yèn durèn asil panangkaran vegetatif bisa ngembang sawisé 2-3 taun.

Durèn uga mungkinaké ditangkaraké kanthi in vitro (kultur jaringan).

Ama lan lelara

[besut | besut sumber]

Ama kang nyerang durèn ing antarané yaiku uler panggèrèk woh (gala-gala), uler panggèrèk kembang, lan kutu loncat durèn (ngisep cuwèran godhong enom).[3]

Lelara utama durèn yaiku busok oyot lan batang Pythium complectens, mati bibit (uga déning patogèn kang padha), lelara blendok/kanker Phytophthora palmivora, lan jamur upas kang nyerang batang/pang.[3][8]

Karagaman

[besut | besut sumber]

Variétas durèn ing Indonésia

[besut | besut sumber]

Ing ngisor iki dhaftar variétas durèn (D. zibethinus) ing Indonésia:[9]

No. Jeneng varietas Dhaérah asal Karakteristik daging woh
1. Emas Pandeglang, Jawa Kulon kandel, warnané kuning rada kaemasan, manis, tèksturé garing
2. Hepe Pandeglang, Jawa Kulon kandel, warnané kuning pucet, manis, tèksturé garing
3. Si kuning Pandeglang, Jawa Kulon manis, tèkstur garing, wijiné gedhé
4. Si boboko Serang, Jawa Kulon kandel
5. Si bongkok Serang, Jawa Kulon kandel lan duwé aroma kang tajem
6. Si liter Serang, Jawa Kulon wernané kuning pucet lan ora mambu
7. Matahari Cianjur, Jawa Kulon kandel lan manis
8. Bokor Cianjur, Jawa Kulon kandel, kuning, manis, tèksturé garing, wijiné cilik
9. Gandaria Sukabumi, Jawa Kulon kandel, manis, pulen, tèksturé garing
10. Petruk Jepara, Jawa Tengah kandel, manis, kuning, seraté alus, lan wijiné cilik
11. Vera Semarang, Jawa Tengah kandel, kuning, manis, arum, tèksturé garing
12. Bubur Semarang, Jawa Tengah kandel, putih, manis, tèksturé lembèk kaya bubur, lan wijiné gedhé
13. Kopek/Kempis Semarang, Jawa Tengah kandel, kuning kaemasan, aromané tajem, wijiné cilik
14. Kendi Semarang, Jawa Tengah kuning cerah, manis, arum, tèksturé garing
15. Kerikil Semarang, Jawa Tengah kuning semu putih, manis, tèksturé lembèk
16. Menorèh Yogyakarta kandel, kuning cerah, manis rada pait, arum, tèksturé garing
17. Sukun Malang, Jawa Wétan kandel, garing, tèksturé alus, putih rada kuning, manis, lan duwé wiji siji
18. Sunan Malang, Jawa Wétan kandel, garing, tèksturé alus, manis, arum, lan wijiné cilik
19. Bajul Malang, Jawa Wétan
20. Dhépok 1 Malang, Jawa Wétan kandel, kuning rada putih, manis, aromané tajem
21. Dhépok 2 Malang, Jawa Wétan kandel, kuning kaputihan, manis, aromané tajem
22. Simas Malang, Jawa Wétan kuning pucet, manis, tèksturé garing
23. Sukarno/Ajimah Malang, Jawa Wétan
24. Bido Jombang, Jawa Wétan kandel, manis rada pait, tèksturé garing
25. Wonosalam Mojokerto, Jawa Wétan kandel, kuning, manis, tèksturé garing
26. Bestala Buleleng, Bali kuning padhang, manis, aromané kuwat, tèksturé garing
27. Jering Buleleng, Bali rada kapérakan pucet, manis rada pait
28. Gloso Buleleng, Bali manis, tèksturé garing
29. Setapak Pasaman, Sumatra Kulon kandel, kuning pucet, manis, aromané tajem, tèksturé garing
30. Belimbing Pasaman, Sumatra Kulon kuning, manis, tèksturé garing
31. Jantung Pasaman, Sumatra Kulon kuning, manis, aromané kurang kuwat, lembut, wijiné gedhé
32. Sari Kampih Tanah Datar, Sumatra Kulon kandel, kuning kusem, manis, tèksturé garing
33. Bantal Bengkulu kandel, putih rada kapérakan, manis
34. Tembago Bengkulu kandel, kuning tembaga, manis
35. Mentéga Bengkulu kandel, kuning padhang, manis
36. Lepot Kutai Kulon, Kalimantan Wétan kandel, manis, tèksturé garing
37. Gajah Manado, Sulawesi Lor kuning
38. Mentéga Manado, Sulawesi Lor kandel, wernané rada kuning, manis, tèksturé garing
Varietas lokal (kiwa) lan klon D101 (tengen)

Kultivar unggul saka manca

[besut | besut sumber]

Ing Malaysia, kultivar durèn unggul asil selèksi diwènèhi kodhe nomer kanthi abjad D ing ngarepé. Sapérangan ing antarané yaiku

  • 'D24'
  • 'D99'
  • 'D123'
  • 'D145'
  • 'D158'
  • 'D159' (klon padha karo varietas 'Montong').
  • 'D169'

Paédah

[besut | besut sumber]

Saliyané wohé kanggo panganan kang seger lan kanggo olahan liyané, pérangan liya saka durèn uga duwé paédah kanggo kauripan manungsa[2]. Wit-witané bisa kanggo nyegah érosi ing lahan utawa lemah kang miring. Kayuné bisa kanggo bahan yasan utawa perkakas rumah tangga. Wijiné kang duwé kandhungan pati kang gedhé, duwé potènsi kanggo alternatip panganan. Sauntara kulité bisa dimupangataké kanggo awu gosok, carané dipépé nganti garing lan dibakar nganti remuk.

Durèn ing Indonésia

[besut | besut sumber]

Dilapuraké, saka watara 27 jinis durèn ing alam donya, 18 jinis ing antarané thukul ing Kalimantan, 11 jinis ing Malaysia, lan 7 jinis ing Sumatra.[10] Akèhé jinis durèn ing Kalimantan duwé gambaran manawa tlatah iki dadi sentra wigati utawa punjer kanggo panyebarané durèn.[11] Ing Indonésia bisa tinemu jinis durèn kang pirang-pirang warna ana kang béda ing rasané, aromané, lan warna daging wohé (isiné), uga ana durèn kang ora ana wijiné.[11]

Durèn kalebu komoditas woh-wohan kang duwé pangaji ékonomis ing pasaran.[11] Indonésia ing taun 1985/1986 dilapuraké dadi nagara pangasil durèn paling akèh nomer loro sawisé Thailand, yaiku ngasilaké 200.000 ton[12]. Nanging saiki Indonésia malah ngimpor woh-wohan saka Thailand, kalebu uga durèn.[11] Masalah iki disebabaké amarga kualitas durèn Indonésia luwih cilik ketimbang durèn saka Thailand. Kamangka Indonésia, mligi Kalimantan iku dadi punjer panyebarané durèn.[11]

Panganan Saka Durèn

[besut | besut sumber]

Akeh panganan kang duwé bahan dhasar Durèn, kaya ta ager-ager rasa durèn, ès durèn nganti sop durèn. Sop durèn wis wiwit kondhang ing salah sawijining tlatah kaya ta Dhépok kan Jakarta. Ana salah sawijining warung ès kang nyepakaké sop durèn kanggo pelanggané. Sop durèn iku mau duwé peranganing jeni; ana sop duren ketan, sop duren klapa, sop duren roti, sop duren keju lan liya-liyané. Sop duren kang kondhang ing kutha Dhépok ana ing dalam Margondha. Regané sop durèn iku mau mung Rp 8.000,-nganti Rp 12.000,-.

Sop Durèn

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. "Durio L." Germplasm Resources Information Network. United States Department of Agriculture. 2007-03-12. Dibukak ing 2010-02-16.
  2. a b c d e f g Durian Archived 2017-06-05 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 15 April 2011)
  3. a b c d Durian. Petunjuk Budidaya dari PT Pusri.[pranala mati permanèn]
  4. a b Brown, Michael J. (1997). Durio — A Bibliographic Review (PDF). International Plant Genetic Resources Institute (IPGRI). ISBN 92-9043-318-3. Dibukak ing 2008-11-20.
  5. a b c Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2. Hal. 192-198.
  6. Whitten, Tony (2001). The Ecology of Sumatra. Periplus. kc. 329. ISBN 962-593-074-4.
  7. Yumoto, Takakazu (2000). "Bird-pollination of Three Durio Species (Bombacaceae) in a Tropical Rainforest in Sarawak, Malaysia". American Journal of Botany. 87 (8): 1181–1188. doi:10.2307/2656655.
  8. Pythium vexans di laman Widely Prevalent Fungi
  9. Paimin, F.R. dan E. Syariefa. 2003.Durèn incaran berbagai daerah. TRUBUS 398 (halaman 18-19)
  10. Kostermans, A.J.G.H. 1958.The gènus Durio Adans. (Bombac.). Reinwardtia (kaca 47-153)
  11. a b c d e Buletin Plasma Nutfah Vol.11 No.1 Th.2005 (kaca 28)
  12. Subhadrabandhu, S., J.M.P. Schneemann, and E.W.M. Verheij. 1991.Edible Fruits and Nuts. Plant Resources of South-East Asia (PROSEA). Netherland: Pudoc

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Deleng Uga Woh-wohan