Basa Jawa Suriname

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Basa Jawa Suriname
Dipituturaké ing: Suriname, Guyana Prancis, Walanda
Cacah Panutur: 100.000 jiwa
Ing donya urutan ping: ora kapétung
Rumpun Basa
Klasifikasi:
basa Austronesia

 basa Malayu-Polinesia
  basa Malayu-Polinesia Kulon
   basa Sundik
    Basa Jawa
     Basa Jawa Suriname

Status Resmi
Basa Resmi ing: ora ana
Kodhe Basa
ISO 639-1 jv
ISO 639-2 jav
SIL JVN (Basa Jawa Karibia)

Basa Jawa Suriname iku sawijining rupa utawa dhialèk basa Jawa kang dicaturaké ing Suriname lan déning komunitas Jawa Suriname ing Walanda. Cacahé panutur kurang luwih ana 65.000 jiwa ing Suriname lan 30.000 jiwa ing Walanda[1]. Wong Jawa Suriname iki katurunané kuli kontrakan kang dirodi saka Tanah Jawa lan saindhengé.

Sangkan Paran[besut | besut sumber]

Ing pungkasané abad kaping 19, pamaréntah Walanda kang duwé jajahan ing Suriname, Amérika Kidul merlokaké kuli-kuli kanggo nyambut gawé ing pakebonan-pakebonan. Sadurungé, pagawéan iki dilakoni déning para abdi utawa batur tukon-batur tukon négro kang asalé saka Afrika. Nanging sawisé pabudhakan dijabel ing tengahing abad kaping 19, wong-wong négro kang diarani wong Kréol Suriname iki padha ninggali pakebonan lan marani kutha-kutha ing Suriname. Kanggo ngganti para kuli pakebonan, wong Walanda njaluk tulung wong Inggris. Suriname iku naté dadi jajahané Karajan Manunggal. Kapisan wong-wong Cina padha ditekakaké. Wong Inggris banjur nekakaké kuli-kuli kontrakan saka India. Nanging wong Walanda pungkasané wedi karo wong Inggris lan ora gelem gumantung karo wong Inggris manèh.

Banjur pamaréntah Walanda nyoba nggantèni utawa nambahi wong-wong India iki kang diarani wong Hindhustan Suriname karo wong-wong saka koloniné Indhiya Nèderlan; ya iku wong-wong Jawa. Wong-wong Jawa iki kapisané dijupuk mawa sistèm razzia lan dipeksa dikapalaké menyang Suriname. Nanging pungkasané diwènèhi kontrak kang kudu ditèken, sanadyan sajatiné wong-wong kang lumrahé para tani lan buruh kasar iku tuna aksara.

Tibaké program 'transmigrasi' saka Indhiya Nèderlan menyang Suriname iki kalebu suksès. Antara kurang luwih taun 1890 – 1939 ana punjul 33.000 jiwa wong Jawa kang digawa menyang Suriname. Manawa Perang Donya II ora pecah, mesthi bakal luwih akèh wong Jawa manèh kang digawa mrana.

Sangkan Parané Wong Jawa ing Suriname[besut | besut sumber]

Ora kabèh wong Jawa kang digawa menyang Suriname iku kalebu ètnis Jawa. Saliyané wong Jawa uga ana wong-wong Sundha lan Madura saha liya-liyané kang digawa menyang Suriname. Nanging amarga mayoritasé pancèn ètnis wong Jawa, mula akiré kabèh asimilasi dadi wong Jawa.

Yèn dideleng saka asalé, kurang luwih 70% wong Jawa iki asalé saka Jawa Tengah, 20% saka Jawa Wétan lan 10% saka Jawa Kulon. Kurang luwih 90% iku kalebu ètnis Jawa, 5% Sundha, 2,5% Madura lan liya-liyané. Kalebu kategori liya-liyané uga ana wong-wong saka Batavia utawa Jakarta[2].

Banjur saka wong Jawa iki, mayoritasé asalé saka tlatah Kedhu (Magelang lan saubengé). Bab iki nganti sapréné bisa dideleng ing basa Jawa Suriname kang pancèn mèmper dhéwé karo dhialèk Kedhu. Basa-basa liyané saiki wis mèh ora dicaturaké manèh déning wong Sundha, Madura lan liya-liyané. Basa-basa iki uga ora ngwèhi prabawa ing rupa basa Jawa Suriname. Ing basa Jawa Suriname namung ana sawatara tembung-tembung Malayu, nanging tembung-tembung iki uga wis ana ing basa Jawa ing Tanah Jawa dhéwé sadurungé digawa menyang Suriname.

Dhialèk basa Jawa ing Suriname[besut | besut sumber]

Ing Suriname mligi namung ana siji dhialèk waé. Nanging anané varian-varian tembung nudhuhaké yèn mbiyèn para migran Jawa iki mituturaké dhialèk basa Jawa kang béda-béda.

Ing Suriname uga tau ana panutur basa Jawa ngapag utawa basa Jawa Banyumasan. Nanging basa iki dianggep ora apik lan para panuturé kerep diécé. Katurunané wong-wong kang nuturaké basa iki ora nyinaoni manèh.

Prabawa basa liya[besut | besut sumber]

Kosakata basa Jawa ing Suriname akèh diprabawai déning basa Walanda lan basa Sranan Tongo. Prabawané ing fonologi lan tatabasa ora ana.

Tembung-tembung Sranan Tongo kang wis diserep malah ana kang olèh tembung krama.

Fonologi[besut | besut sumber]

Fonologi basa Jawa ing Suriname ora béda karo basa Jawa baku ing Tanah Jawa. Dhialèk Kedhu kang dadi leluhuré basa Jawa Suriname iku fonologiné uga ora béda karo basa Jawa baku.

Nanging ana fénoména anyar ing basa Jawa Suriname, ya iku prabédan antara foném dental lan rétroflèks (dantya lan murdha (/t/ lan /d/ vs. /ṭ/ lan /ḍ/)) dadi saya ilang.

Pasang aksara[besut | besut sumber]

Basa Jawa Suriname nduwé cara panulisan kang séjé karo basa Jawa ing Tanah Jawa. Ing taun 1986, basa Jawa Suriname olèh pasang aksara utawa cara pangéjaan kang baku. Ing ngisor iki kapacak prabédané karo sistém Walanda sadurungé Perang Donya II lan karo éjaan Pusat Basa ing Ngayogyakarta.

Pra 1942 Suriname (1986) Yogyakarta (1991)
b b b
d d d
d dh
dj j j
g g g
h h h
j y y
k k k
l l l
m m m
n n n
ng ng ng
nj ny ny
p p p
r r r
s s s
t t t
t th
tj ty c
w w w

Banjur foném /a/ kang diucapaké kaya [a] ditulis "â". Dadi tembung "macan" tinulis mâtyân ing Suriname.

Krama ing basa Jawa Suriname[besut | besut sumber]

Ing basa Jawa Suriname uga ana basa krama, nanging wis ora kaya ing Tanah Jawa manèh. Banjur générasi anom uga wis akèh kang ora bisa basa krama.

Ing Suriname dibédakaké telung rupa basa: ya iku "ngoko", "krama" lan "krama napis". "Krama" iku yèn ing Tanah Jawa dadi mèmper "madya" lan "krama napis" dadi mèmper "krama lan krama inggil".

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. Vruggink (2001:xxi)
  2. Vruggink (2001:xxii)

Sumber lan wacanan liyané[besut | besut sumber]

  • (ing basa Walanda)Hein Vruggink. 2001. Surinaams-Javaans – Nederlands Woordenboek. Leiden: KITLV Uitgeverij. ISBN 90-6718-152-8
  • Parsudi Suparlan. 1995. The Javanese in Surinam. Ethnicity in an ethnically plural society. Tempe, Arizona: Program for Southeast Asian Studies, Arizona State University