Menyang kontèn

Polen

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Poland)
Républik Polen
Rzeczpospolita Polska
Gendéra Polen Lambang Polen
Sesanti:Bóg, Honor, Ojczyzna (ora resmi)


Polen ing Uni Éropa


Lokasi: Éropa

Ko'ordinat géografi: 52° 8′ 49" Lor, 19° 22′ 41" Wétan

Basa resmi Polen
Kutha krajan Warsawa (Warszawa)
Présidhèn Andrzej Duda
Mahamantri Donald Tusk
Jembar 312,696 km²[1][2]
Padunung


 -Cacah (2017)
 -Kapadhetan


38.422.346
123/km²

Diadegaké


 -Tanggal

Républik Polen Kaping-II


11 November 1918

Valuta Złoty (PLN)
Zona wektu UTC +2
Lagu kabangsan Mazurek Dąbrowskiego
Domain Internet .pl
Kodhe nagara +48

Républik Polen utawa Républik Polandia (Polen: Polska, Rzeczpospolita Polska) iku nagara republik ing Éropa Wétan kang bebatesan karo Jerman ing sisih kulon, Cékia lan Slowak ing sisih kidul, Ruslan (Oblast Kaliningrad) lan Litowen ing sisih wétan uga Bélarus sarta Ukraina ing sisih kidul-wétan.

Sajarah

[besut | besut sumber]
Deleng uga Sajarah Polen

Polen iku nagara ing Éropa-Wétan kang wis diadegaké kurang luwih sèwu taun ing taun 966. Ing taun 1025 Polen dadi karaton lan ing taun 1569 manunggal karo Litowen dadi "Kasaraharjan Polen-Litowen". Nanging taun 1795 kasaraharjan iki rusak lan wong Polen ora nduwé nagara mardika nganti taun 1918, sawisé Perang Donya I.

Pamérangan administratif

[besut | besut sumber]

Polen miturut administratif dipérang dadi 16 provinsi ('angka voyevod-an') utawa województwo ing basa Polen. Saben provinsi dicacah manèh dadi pirang powiat (padha karo kabupatèn, terus saben powiat dibagi dadi sawatara gmina (kurang luwih ukarané antara kecamatan utawa kalurahan)).

Provinsi Polen (ing basa Polen):

  • (Dolnośląskie) Silesan Asor
  • (Kujawsko-pomorskie) Kuyav-Pomoran
  • (Łódzkie)
  • (Lubelskie)
  • (Lubuskie)
  • (Małopolskie) Polen alit
  • (Mazowieckie)
  • (Opolskie)
  • (Podkarpackie) Karpatia andhap
  • (Podlaskie) Laski andhap
  • (Pomorskie)
  • (Śląskie) Silesan
  • (Świętokrzyskie)
  • (Warmińsko-mazurskie)
  • (Wielkopolskie) Polen ageng
  • (Zachodniopomorskie) Pomoran Kulon

Kutha-kutha

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Pratélan kutha ing Polen

Démografi

[besut | besut sumber]
Artikel utama Démografi Polen

Sukubangsa kang manggon ing Polen iku mayoritasé bebrayan Polen kang kalebu bangsa Slav. Nanging uga ana bebrayan Bélarus, mligi ing saidenging Białystok, bebrayan Jerman, mligi saindenging Opole. Banjur uga ana sithik wong Ukraina cedhak Przemyśl. Sadurungé Perang Donya II, uga ana komunitas Yahudi kang gedhé ing Polen. Nanging komunitas Yahudi disirnakaké nganti mèh entèk déning wong Nazi Jerman.

Wong Polen lumrahé agama Katulik, Paus Yokanan Paulus II asalé ya saka Polen. Nanging uga ana kang nganut agama Kristen Ortodhoks, mligi wong Bélarus. Panganut agama Yahudi wis mèh ora ana manèh namung kurang luwih 12.000 jiwa waé. Panganut agama Islam uga ana. Saliyané para migran anyar, uga ana wong Polen keturunan bangsa Tatar kang wis atusan taun manggon ing kéné kaya wong Yahudi. Cacahé umat Muslim kurang luwih ana 30.000 jiwa. Wong Buda uga ana nanging cacahé panganuté ora patiya akèh; namung kira-kira 5.000 jiwa waé.

Géografi

[besut | besut sumber]
Wieliczka

Polen iku nagara kang datar lan péranganing lemah ngisor Éropa lor. Nanging ing sisih kidul ana pagunungan Beskida lan Karpatia.

Kali kang paling dawa ing Polen iku kali Wisla kang mili ngliwati kutha Warsawa.

Pratélan kali ing Polen

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Pratélan kali ing Polen

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

 Uni Éropah

  1. Główny Urząd Statystyczny, dane za rok 2018, stan na 01.01.2018
  2. Bankier.pl, Powierzchnia Polski wzrosła o 1643 ha