Masjid Gedhé Kauman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Koordhinat: 7°48′14″S 110°21′45″E / 7.8039161°S 110.3624199°E / -7.8039161; 110.3624199

Masjid Raya Daerah Istimewa Yogyakarta
Masjid Agung Yogyakarta.jpg

Masjid Raya Daerah Istimewa Yogyakarta

Wedharan dhasar
Papané Désa Kauman
Yogyakarta, Jawa Tengah, Indonésia
Kanggo agama Islam
Kartangan wangunan
Jinis wangunan Masjid
Gagrag wangunan Art Nouveau
Spesifikasi

Masjid Raya Daerah Istimewa Yogyakarta utawa sok diarani Masjid Gedhé Kauman dumunung ing kulon alun-alun lor kang kanthi langsung nandakake sultan ya iku pamimpin perang utawa panguasa pamaréntahan senapati ing ngalanga uga ndadèkaké sayidin panatagama khalifatulah ing donya ing sajeroning pamimpin agaman (panatagama) ing kasultanan.Masjid Gedhé Jogjakarta kagolong salah sijiné masjid kang ora bisa dipisahake ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningkrat khususon dumadeg ing Sri Sultan Hamengku Bawana I Senopati ing Ngalogo Abdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah ing Ngayogyokarto. Masjid Gedhé dumadeg ing tanggal 29 Mèi 1773 (sajeroning prasasti: Dina Ahad Wage, 6 Robiul’akir taun Alip, sengkalan:“GAPURA TRUS WINAYANG JALMA” (1699 Jw.=1187 H=1773M). Tokoh kang musuwur prakasai ya iku Sultan lan Kyai Penghulu Faqih Ibrahim Diponingrat

Ornamen kang ana ing serambi masjid agung Yogyakarta

Sajarah[besut | besut sumber]

Masjid Gedhé Jogjakarta kagolong masjid kang tuwa dhéwé dumadeg déning Karajan Islam Ngayogyokarto Hadiningrat utawa Kasultanan Jogjakarta. Masjid Gedhé madeg sakwentar déning Sri Sultan Hamengku Bawana I sabanjuré mbagun kraton kang anyar, lan dimupangatake kanggo asil saka rundingan (rembug) Giyanti ing tanggal 13 Fèbruari 1755. Parundingan Giyanti ya iku rerembugan kang duwé asil ngerampungake pamusuhan antarané Karajan Mataram asebab anané pamusuhan Walanda, saéngga Karajan Mataram dipecah dumadi loro ya iku Ngayogyakarta Hadiningrat lan Surakarta Hadiningrat. Masjid kang dibangun ing mangsa Sri Sultan Hamengkubuana I déning arsitek K.Wiryakusuma.Masjid Agung Gedhé kauman duwé penghulu kang kapisan ya iku Kyai Faqih Ibrahim Diponingrat.Sri Sultan Hamengku Bawana I sadurungé dumadi raja, Panjenengan kagolong umat muslim.Ing peperangan gerilya lawean Walanda, panjenengané ngawe pos-pos kang strategis kanggo wadyabala lan dipirantèni anané Mushola.Masjid Agung Gedhé kauman madeg ing taun 1773 M, Sri Sultan Hamengku Bawana I mebangun masjid kanthi jeneng kapisanan Masjid Gedhé, sabanjuré misuwur kanthi jeneng Masjid Agung, utawa Masjid Besar, lan dipatenake kanthi jeneng Masjid Raya Daerah Istimewa Yogyakarta.

Serambi masjid agung Yogyakarta
  • Taun 1775

Ing taun 1775 dumadeg Serambi Masjid Gedhé (ngadeg ing:Dina Kamis Kliwontanggal 20 Syawwal taun Jimawal, sinengkalan “ YITNA WINDU RESI TUNGGAL”= 1701 Jw. utawa “TUNGGAL WINDU PANDITA RATU”= 1701 Jw.= 1189 H= 1775 M). Serambi Masjid Gedhé saliyané dimupangatake kanggo salat uga dimupangatake kanggo “AL MAHKAMAH AL KABIROH”,ya iku patemuan ing Alim Ulama, Pangajian Dakwah Islamiyah, Mahkamah kanggo Pangadilan babagan agama, Nikah, Pegat, lan babagan pambagian warisan. Uga dimupangatake kanggo paringatan dina-dina gedhé Agama Islam.

Kubah Masjid Raya Laladan Istiméwa Yogyakart

Arsitek[besut | besut sumber]

Kapangurusan[besut | besut sumber]

Masjid Gedhe, duwé kapangurusan kang dicekel ing Penghulu Kraton, lan dibiyantu déning Ketib, Modin,Merbot, lan Abdi Dalem Pamethakan, Abdi Dalem Kaji Selusinan lan Abdi Dalem Barjamangah.Kapangurusan ing Masjid Gedhé kang dumunung ana ing sakiteré tlatah Masjid kanthi jeneng kampung Pakauman (tlatah para Kaum = Qoimmuddin = Panegak Agama). Dumununé masjid ndadèkaké pusat jama'ah lan dadi pusat pangajian sarta pengadilan agama Islam ing Yogyakartata.