Geger

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Illustration of a human back from Gray's Anatomy.

Geger iku wewengkon pérangan mburi (posterior) ing awak manungsa, wiwit saka ndhuwuring bokong munggah nganti dhuwuring gulu lan pundhak utawa bahu pérangan mburi. Laladan geger iki dumunung ing suwaliking dhadha, dhuwur utawa dawané ditemtokaké déning dawané balung geger (ing basa Inggris diarani spine utawa backbone). Rongga balung geger (spinal canal ana ing sadawaning balung geger lan diliwati saraf kanggo sakojur awak.

Anatomi geger[besut | besut sumber]

Struktur rangka geger[besut | besut sumber]

Figure 3: Posterior view of the thorax and shoulder girdle. (Morris.)

Pérangan tengah saka geger manungsa wujud vertebral column, kang dawané wiwit saka pérangan dhuwur thoracic vertebrae nganti pérangan ngisor saka lumbar vertebrae, kang duwé jaringan saraf spinal cord ing sajeroning gronggongan balung geger (spinal canal), lan kang lumrahé duwé lengkungan kang mènèhi wangun marang geger. Dhèrètan iga ana ing balung gegr wiwit saka pérangan dhuwur (pérangan paling dhuwur dhèrètan iga minangka T1 vertebra), mangisor nganti punjul setengah dawaning balung geger, ninggal laladan kang kurang kalindhungi antara pérangan ngisor iga nganti tekan panggul. Ambané geger ing sisih ndhuwur ditemtokaké d'ening balung walikat utawa scapula, balung kang rata ing pundhak.

Otot geger[besut | besut sumber]

Balung geger diwatesi déning sawatara golongan otot, kalebu otot intertransversarii muscle kang bisa gawé obahan antara saben vertebrae, lan otot multifidus spinae, kang marakaké balung geger kanthi sakabèhané bisa obah.

Otot liya ing geger ya iku otot kang kagandhèng karo obahan gulu lan pundhak. Otot trapezius, kang jenengé njupuk saka wanguné kang trapesium, mbentang wiwit saka gulu, anterior chain, kaloro pundhak, lan thoracic vertebra, T12. Latissimus dorsi kang amba minangka wangun wajik saka pundhak nganti tekan pinggul.

Anatomi
Sistem Utama
Sistem sirkulasi . Sistem pancernan . Sistem endokrin . Sistem pambuwangan . Sistem imun . Sistem integumen . Sistem limfatik . Sistem otot
Sistem saraf . Sistem reproduksi . Sistem ambegan . Sistem rangka
Organ
Anus . Diafragma . Faring . Ginjel . Ati . Irung . Jantung . Kelenjar adrenal . Kelenjar prostat . Kelenjar tiroid . Kulit . Lambung . Laring . Ilat . Limpa . Mata . Otot . Ovarium . Pankreas . Paru-paru . Payudara . Penis . Plasenta . Rahim . Rektum . Kuping . Testis . Umbai cacing . Usus gedhé . Usus alus . Vulva . Vesikula seminalis
Balung
Balung selangka (clavicula) . Balung pupu (femur) . Balung lengen ndhuwur (humerus) . Balung uwang (mandibula) . Balung dhengkul (patella) . Balung pengumpil (radius) . Tengkorak (cranium) . Balung gares (tibia) . Balung lengen (ulna) . Iga (costae) . Balung geger (vertebra) . Balung pinggul (pelvis) . Balung dhadha (sternum)
Kelenjar
Kelenjar payudara . Kelenjar idu . Kelenjar tiroid . Kelenjar paratiroid . Kelenjar adrenal . Kelenjar pituitari . Kelenjar pineal
Jaringan
Jaringan panyambung . Jaringan otot . Jaringan epitel . Jaringan saraf . Kelenjar
Bagéyan Awak
Badan . Bokong . Dhadha . Untu . Kemaluan . Sirah . Kulit . Gulu . Ilat . Mata . Tutuk . Geger . Sendhi . Kuping . Tungkai atas . Tungkai bawah . Ubun-ubun . Rai
Istilah liyané
Arteri . Lambé . Diafragma . Peritoneum . Rambut . Saraf . Vena