Menyang kontèn

Brenjilan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Testis)
     
Testis (Brenjilan)
Diagram struktur njero brenjilan
Diagram fitur eksternal lan struktur sekitar brenjilan lanang diwasa
Rincian
ArteriTesticular artery
VenaTesticular vein, Pampiniform plexus
SarafSpermatic plexus
Getah beningLumbar lymph nodes
Pengenal
Latintestis
MeSHD013737
TA98Masalah skrip: Fungsi "getTAValue" ora ana.
TA23576
FMA7210
Terminologi anatomi
Anatomi manungsa (priya)

Testis utawa Brenjilan iku klanjer kelamin lanang ing kéwan lan manungsa. Manungsa (priya) duwé brenjilan loro kang dibungkus skrotum.

Ing mamalia, brenjilan papané ing njaban awak, digandhéngaké karo tubulus spermatikus lan papané ing njeron skrotum. Iki cocog karo kasunyatan manawa prosès spermatogenesis mamalia bakal luwih efisien kanthi suhu luwih asor saka suhu badan (< 37 °C).

Ing tubulus spermatikus ana otot kremaster kang manawa kontraksi bakal ngangkat testis nyeraki awak. Yèn suhu testis didhunaké, otot kremaster bakal relaksasi lan brenjilan bakal ngedohi awak. Fenomena iki dikenal kanthi sebutan refleks kremaster.

Kéwan saliyané mamalia ora duwé testis ing njaba. Manuk, kang suhu awaké dhuwur, duwé testis ing njeron awak. Miturut téyori para ahli, manuk migunakaké kanthong udharané kanggo njaga suhu optimal testis, nanging ing panlitèn saterusé disebutaké manawa testis manuk fungsiné bakal apik ing suhu awak. [1]

Samangsa pubertas, brenjilan tumuwuh kanggo miwiti spermatogenesis. Ukuran testis gumantung ing prodhuksi sperma (akèhé spermatogenesis), cuwèran intersisial, lan prodhuksi cuwèran saka sel Sertoli.

Lumrahé, loro brenjilan iku ora padha gedhené. Bisa uga salah siji papané luwih ngisor tinimpang sijiné. Perkara iki amarga bédané struktur anatomis pembuluh getih ing testis kiwa lan tengen.

Peranané brenjilan iku ing sistem réproduksi lan sistem endokrin.

Fungsi brenjilan:

Kerjané brenjilan ing sakngisoré pangawasan hormon gonadotropik saka klanjer pituitari pérangan anterior:

Struktur

[besut | besut sumber]

Brenjilan dibungkus déning lapisan fibrosa kang karan tunika albuginea. Ing njeron brenjilan ana akèh saluran kang karan tubulus seminiferus. Tubulus iki dikebaki déning lapisan sel spérma kang wis utawa lagi tumuwuh.

Spermatozoa (sel winih kang wis siyap kanggo diejakulasiké), bakal gerak saka tubulus nuju rete testis, duktus efferen, lan epididimis. Yèn éntuk rangsangan sèksual, spermatozoa lan cairané (kabèh karan banyu mani) bakal ditokaké menyang njaban awak liwat vas deferen lan pungkasané, penis.

Ing antarané tubulu seminiferus ana sel mirunggan kang karan sel intersisial Leydig. Sel Leydig mrodhuksi hormon testosteron.

Sawar getih brenjilan

[besut | besut sumber]

Molekul gedhé ora bisa nembus ke lumen (pérangan njero tubulus) liwat getih, amarga anané ikatan kang kuwat antar sel Sertoli. Fungsi saka sawar getih testis iku kanggo nyegah réaksi auto-imun. Awak busa nggawé antibodi nglawan spermané dhéwé, mula prakara iki dicegah nganggo sawar. Yèn spérma ana reaksi karo antibodi bakal njalari radhang brenjilan lan ngurangi kasuburan.

Kasehatan

[besut | besut sumber]

Penyakit ing brenjilan kang paling wigati dimangertèni:

Pangangkatan brenjilan:

Pirsanana uga

[besut | besut sumber]


Sistem endokrin - sunting

Kelenjar adrenal | Corpus luteum | Hipotalamus | Ovarium | Pankreas | Kelenjar paratiroid | Kelenjar pineal | Kelenjar pituitari | Testis | Kelenjar tiroid