Menyang kontèn

Kémpol

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sculpture of a left leg with a prominent calf

Kémpol utawa kéntol (basa Indonésia: betis, basa Inggris: calf) iku salah sawijining anatomi manungsa utawa pérangan sikil sisih buri lan ngisor (crus). Sajeroning sistem otot, kémpol minangka pérangan buri sikil sing nduweni daging[1]. Ing pérangan iki ana loro otot sing gedhé dhéwé sing bebarengan diarani otot kémpol lan nèmpèl menyang tungkak liwat Achilles tendon. Sawetara otot liyané, sing luwih cilik nèmpèl ing dhengkul, ugel-ugel sikil, lan liwat tendon dawa, menyang driji sikil.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. ParkeR, sYBIL (1984). McGraw-Hill Dictionary of Biology. McGraw-Hill Company.